Postingan

Menampilkan postingan dari November, 2020

Contoh Teks MC ing Acara 17-an

  MC 17-AN    Assalamu’alaikum wr wb. Alhamdulillahirabbil’alamiin.Washolatu wasalamu ‘alal asrofil anbiyai wal mursalin, muhammadin wa’ala alihi wa-ashhabihi ajma’in. Ama ba’du. Para pinisepuh,sesepuh, m liginipun panjenenganipun Bpk. Sambudi, ingkang dipun mulyakaken dening Allah. Para kadang mudha menapa dene kadang wre da ingkang sutresna. Langkung rumiyin, mangga, kula dherekaken munjuk puja-puji syukur dhumateng ngarsa dalem Allah swt. ingkang sampun kepareng paring kenikmatan iman saha Islam saha paring kebagaswarasan sarta kalod h angan satemah titi wanci menika saged kempal manunggal ing majelis Tirakatan Pengetan Kamardikan Ingkang Kaping 74(Pitung dasa sekawan)    menika kanthi wilujeng nir ing sakara-kara. Solawat sarta salam mugi tansah kasok dening Allah tumanduk junjungan kula panjenengan sedaya, Kanjeng Nabi Agung Muhammad saw. ingkang tansah kaantu-antu syafaat utawi pitulungnipun ing dinten kiyamat.             Nuwun sewu, ing wekda

Teks Wakil Karangtaruna dalam Syawalan Massal

Gambar
  ATUR PANGABEKTOS WIRA ANEM DHUMATENG PINISEPUH Syawalan massal 2011   Assalamu’alaikum wr wb. Alahamdulillahirabbil’alamiin…dst. Mugi sih wilasa saha berkah dalem Allah Swt. tansah rinentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, samenika sarta ing salami-laminipun.   Para pepundhen, pinisepuh ingkang pantes kinabekten. Para rawuh kakung putri, para kadang ingkang dhawah wredha menapa dene mudha, kakung, putri ingkang sutresna.   Nuwun sewu,kula kumawani ngadeg ing ngarsa panjenengan sedaya awit saking dhawuh timbalanipun para kadang panawung kridha utawi panitia syawalan kula kadhawuhan, kinen matur dhumateng ngarsanipun para pinisepuh pinangka sulih salira para kadang wira anem kakung putri ing wewengkon kampung Kowen riki. Saderengipun, mangga tansah munjuk syukur ing Ngarsa Dalem Allah swt. ingkang awit saking berkahipun, Panjenengan sedaya dalasan kula saget kempal manunggal ing Masjid Nurulhuda menika tebih saking sedaya rubeda. Salawat saha salam t

COntoh Teks Sambutan Panitia Syawalan Massal

Gambar
  SAMBUTAN PANITIA SYAWAAN MASSAL   Assalamu’alikum wr.wb Alhamdulillahirabbil’alamiin...dst. Mugi sih wilasa, berkah dalem Allah Swt, karahayon, tansah rinentah dhumateng Panjenengan dalasan kula, samenika sarta ing salami-laminipun.Amin.   Para pepundhen, pinisepuh,sesepuh ingkang winengku ing pakurmatan. Para pangasta pangembating praja ingkang minulya. Para rawuh kakung putri, para kadang, ingkang sutresna.   Nuwun sewu, ing ari kalenggahan menika kula marak wonten ing ngarsanipun para rawuh saperlu matur pinangka sulih sariranipun para kadang panitia Syawalan Massal Kampung Kowen   Warsa 1432 ( sewu kawan atus tigang dasa kalih) Hijriah ingkang ngepasi surya kaping 30 Agustus 2011 ( kalih ewu sewelas).   Saderengipun mugi kepareng kula ndherekaken Panjenengan sedaya munjuk puji sukur dhumateng ngarsa dalem Allah Swt. Ingkang sampun paring kasarasan saha kalodhangan wekdal saengga ing wekdal menika saget sesarengan kempal ing majelis menika kanthi wilujeng n

Contoh Teks IKrar Syawalan Massal

Gambar
  IKRAR SYAWALAN KELUARGA BESAR SMKN 1 GEDANGSARI 7 SEPETEMBER 2011 DI RUMAH BPK SUMIRAN LEDOKSARI, WONOSARI Assalamu’alaikum wr.wb Bismilahirahmanirahiim Alhamdulillahirabbil’alamiin Washolatu wasalamu’ala asrafil anbiyai wal mursalin Muhammadi wa’ala alihi washahbihi ajma’in Kasuwun para rawuh nirokaken ! IKRAR Kula sedaya, keluwarga ageng SMKN 1 Gedangsari, Gunungkidul, kanthi lila legawa ngandharaken ikrar 1.      Ingkah dhawah anem, kepareng ngaturaken sungkem saha bektos kagem para ingkang dhawah wredha/sepuh. Ngaturaken sugeng Riyaya Idul Fitri tahun 1432 H/ 2011 M. Mugi-mugi para ingkang dhawah sepuh ngapunten ing sedaya kilap ingkang   sengaja menapa dene mboten kasengaja sampun   katindakaken dening para mudha dhateng para ingkang dhawah wredha/sepuh. 2.      Ingkang dhawah wredha/sepuh ngaturaken salam taklim dhateng para ingkang dhawah mudha. Mugi-mugi para ingkang dhawah mudha kanthi lila legawa ugi kepareng ngapunten ing sedaya kilap ingkang tuma

Crita Nyata : Thuyul Menehi Dhuwit

Gambar
  Jagading Lelembut : Thuyul Menehi Dhuwit Thuyul, miturut gotheking wong akeh, mujudake lelembut sing tansah gawe rugi jalaran seneng nyolong dhuwit. Nanging, ana kedadean sing nyempal saka adat. Kanyata ana thuyul sing tumindak becik, yaiku menehi dhuwit marang wong sing babar blas ora nate srawung karo thuyul iku. Apa maneh ngingu thuyul, ora! Sebut wae jenenge nganggo jeneng singlon, Yu Tinah. Wong wadon iku daleme asli   ing salah sijine kampung ing wewengkon   kecamatan ing Gunungkidul iring lor wetan, cerak karo tapel wates Yogya-Jateng. Durung suwe iki,Yu Tinah ngalami kedadeyan kang ngeram-eramke. Sajerone rong wengi diwenehi dhuwit cacahe nganti Rp 1.200.000,00 (sayuta rong atus ewu rupiah). Sing menehi dhuwit iku lelembut wujude bocah cilik kang lumrahe sinebut thuyul. Critane mangkene:             Yu Tinah manggon ing omah sing kerep suwung. Omah kasebut dienggoni ya mung yen ana keluawarga sing lagi mudhik saka kutha liya, mligine Jakarta. Ngepasi malem tanggal 2

Hikmah Syawalan

Gambar
  HIKMAH SYAWALAN Dening : eSWe Sidi   Gambar : sekedar ilustrasi, penulis medhar andharan ing masjid HIKMAH SYAWALAN 1434 H / 2013 Alhamdulillah…             Dinten menika panjenengan sedaya dalasan kula sesarengan kempal ing papan menika, saperlu nindakaken tradhisi halal bil halal, silaturahmi  sasampunipun sewulan kateter dening Allah kedah nindakaken ibadah Ramadan : siyam, salat lail, tadarus alquran, iktikaf, salat-salat sunat, saha ibadah sanesipun.             Tradisi menika katindakaken selaras dhawuhipun Allah ing Alquran surat Ali Imran ayat 133-134 :   Lan padha gegancanganna nyuwun pangapura marang pangeranira lan suwarga kang jembare madhani langit lan bumi den cawisake kanggo wong kang takwa. Yaiku wong-wong kang ndermakake bandhane  ing kahanan longgar apa dene rupeg lan wong-wong kang nganpet amarah dan aweh pangapura ing kaluputaning liyan. Allah rena marang wong-wong kang gawe becik.  ( Ali Imran : 133-134 )             Dinten menika kawastanan Id

Teks MC Syawalan Massal

Gambar
  MC SYAWALAN MASSAL   Assalamu’alaikum wr.wb. Alhamdulillahirabbil’alamiin...dst. Mugi sih wilasa, berkah dalem Allah Swt, karahayon, tansah rinentah dhumateng Panjenengan dalasan kula, samenika sarta ing salami-laminipun.Amin.   Para pepundhen, pinisepuh,sesepuh ingkang winengku ing pakurmatan. Para pangasta pangembating praja ingkang minulya. Para tamu kakung putri, para kadang, ingkang sutresna.   Nuwun sewu, ing ari kalenggahan menika kula tinimbalan saha kadhawuhan dening para kadang panitia Syawalan Massal Tahun 1432 Hijriyah pinangka panata adicara.   Saedrengipun mugi kepareng kula ndherekaken Panjenengan sedaya munjuk puji sukur dhumateng ngarsa dalem Allah Swt. Ingkang sampun paring kasarasan saha kalodhangan wekdal kawistara ing wekdal menika saget sesarengan kempal ing majelis menika kanthi wilujeng nir sambekala sedayanipun. Salawat saha salam mugi tansah kasok saking ngarsa dalem Allah Swt kagem junjungan kula Panjenengan sedaya ingkang tansaha

Cerkak : Mawar Endah saka Marvi

Gambar
  Mawar Endah saka Marvi Dening : eSWe Sidi     “Bu, sugeng ambar warsa, ya. Mugya tansah manggih begja mulya sadina-dina! Muga-muga iki nambahi senenging ati senajan mung asil coretan tangane pelukis ajaran!” kandhane Marvi karo ngulungi gambar banjur nyalami tangane Esti kenceng. Esti, kang jeneng komplite Estingtyas iku mesem. Soroting mripat papat tempuk. Ana hawa aneh lan endah sumilir ing ruang iku. “Nuwun, Pak. Wah,wah,   apik tenan,” Esti nampani , nyawang gambar lan   banjur ngekep gambar kembang mawar iku, ditemplekke ing dhadhane.   “Hemm. Hemm,” keprungu suwarane wong dhehem-dhehem. Bu Sulis mlebu ruangan kasusul guru-guru liyane. Ruang iku banjur rame kebak suwarane guru-guru lanang wadon kang tanpa diabani padha nyanyi Selamat Ulang Tahun kanggo Esti. Dina iku, dina ulang tahune Esti kang ngancik umur 23 tahun. Kanyata, dina iku uga dadi dina kang banget gedhe maknane tumrap Esti. Jalaran, wiwit dina iku tuwuh winih katresnan antarane Marvi lan Esti. Dina iku ug