Teks MC Syawalan Massal

 



MC SYAWALAN MASSAL

 

Assalamu’alaikum wr.wb.

Alhamdulillahirabbil’alamiin...dst.

Mugi sih wilasa, berkah dalem Allah Swt, karahayon, tansah rinentah dhumateng Panjenengan dalasan kula, samenika sarta ing salami-laminipun.Amin.

 

Para pepundhen, pinisepuh,sesepuh ingkang winengku ing pakurmatan.

Para pangasta pangembating praja ingkang minulya.

Para tamu kakung putri, para kadang, ingkang sutresna.

 

Nuwun sewu, ing ari kalenggahan menika kula tinimbalan saha kadhawuhan dening para kadang panitia Syawalan Massal Tahun 1432 Hijriyah pinangka panata adicara.

 

Saedrengipun mugi kepareng kula ndherekaken Panjenengan sedaya munjuk puji sukur dhumateng ngarsa dalem Allah Swt. Ingkang sampun paring kasarasan saha kalodhangan wekdal kawistara ing wekdal menika saget sesarengan kempal ing majelis menika kanthi wilujeng nir sambekala sedayanipun.

Salawat saha salam mugi tansah kasok saking ngarsa dalem Allah Swt kagem junjungan kula Panjenengan sedaya ingkang tansaha kaantu-antu pitulunganipun benjing ing dinten kiyamat.

 

Salajengipun, pinangka cecala, kula aturaken urut-urutaning adicara ingkang sampun sinanggit dening para kadang panitia, mekaten :

Angka setunggal        :Pambuka

Angka kalih                   : Atur pambagya harja saking panitia

Angka tiga, Ikrar Syawalan :

1. Ikrar saking sulihipun kadang mudha taruna

2. Panampi saking para pinisepuh

Angka sekawan          : Istirahat

Angka gangsal           : Hikmah syawalan

Angka enem               : Donga  saha panutup

Angka Pitu                 : Jawat asta

Para rawuh, saderengipun badhe kaaturaken waosan kalam ilahi dening sedherek______.

Wekdal, sasana kaaturaken. Sumangga !              

 Qori membaca Alquran.

Setelah selesai : Kaaturaken agunging panuwun dhumateng sedherek_______ ingkang sampun kersa maosaken ayat-ayat suci Alquran.

Para rawuh, salajengipun tumapak ing adicara angka setunggal, pambuka. Mangga adicara kabuka sesarengan kanthi waosan basmalah, sumangga !            (Hadirin bersama-sama membaca basmalah.)

Matur nuwun. Adicara salajengipun  atur pambagya harja saking panitia.Dhumateng sedherek ........................................, wekdal saha sasana kaaturaken, sumangga!

 

 

 

 

 

Para lenggah, mekaten atur pambagya harja saking sedherek ......................................... pinangka sulihipun sedaya kadang panitia.

 

Adicara salajengipun Ikrar syawalan. Ikrar angka sepisan saking sesulihipun para kadang anem tumanduk dhumateng pinisepuh ingkang dipun sarirani sedherek Deni Cahya Saputra.Kasumanggaken !

 

Mekaten atur pangabektos saking para anem dhumateng para pinisepuh. Atur pangabektosipun para kadang anem badhe dipun tampi dening para sepuh ingkang kasarirani Bpk. Sriwanto. Wekdal saha sasana kaaturaken.

 

Kaaturaken gunging panuwun dhumateng Bpk. Sriwanto ingkang sampun kepareng pinangka sulih sariranipun para sepuh.

 

Para Bapak, Ibu, saha para rawuh ingkang minulya. Adicara salajengipun, sumene.Para kadang karang taruna kasuwun nglarapaken pasugatan. Para rawuh mangke kasuwun ngrahapi kanthi eca sekeca.

 

Para Bapak,Ibu,ingkang minulya.Nuwun sewu, mboten ateges angirangi anggen Panjenengan sedaya ngrahapi pasugatan, ananging ngengeti wekdal sampun ndungkap siang, pramila adicara tumuli kalajengaken, nun inggih adicara angka gangsal, Himah Syawalan. Wekdal kaaturaken dhumateng Bpk. Suwarsidi,S.Pd., Sumangga.

 

Para rawuh, Hikmah Syawalan sampun purna. Kalajengaken donga panutup saha jawat asta. Wekdal kaaturaken dhumateng Bpk. Suparmin. Mbok bilih sadangunipun kula nglarapaken urut roncening adicara kathah kekirangan kula nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamu’alaikum wr.wb.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

GEGURITAN PAHLAWAN

Geguritan Jaman Kalabendu