URUTAN ACARA ASOK TUKON

 


URUTAN ACARA SRAH TINAMPI UPAKARTI

PINANGKA JANGKEPING SALAKI RABI

(ASOK TUKON)

1.        PAMBUKA

Acara kabuka kanthi ndedonga ing pangajab acara lumampah kanthi gancar purwa madya wusana, caket ing sedaya nugraha, tebih saking rubeda.

2.       ATUR PAMBAGYA HARJA (WONG TUWANE CALON PENGANTEN PUTRI)

Isine : Wong tuwane bakal pengantin putri ngaturake sugeng rawuh lan matur nuwun  marang para tamu dene wus kersa rawuh, paring donga pangestu, lan liya-liyane. Uga matur nuwun awit saking paringipun pambyantu awujud apa wae. Nyuwun ngapura awit anggone caos suguh, lungguh kurang nuju prana.

3.       SABDA PANGANDIKA BAKAL BESAN (WONG TUWANE CALON PENGANTEN KAKUNG)

Bakal besan matur menawa tekane ing papan iku selaras rembug kapungkur  bakal njodhokake putra kakunge karo putra putrine sing kagungan dalem. Nyuwun supaya diijabake. Uga ngaturake upakarti  arupa apa wae kanggo ngentheng-enthengi keperluan kanggo ijab kabul. Barang kang disrahke, upamane :

(1)     Seperangkat alat salat pinangka mas kawin

(2)   Gelang,kalung, ali-ali (kalpika), lsp.

(3)   Seperangkat busana calon penganten putri

(4)   Pesing

(5)   Woh-wohan, pisang sanggan

(6)   Panganan tradhisonal

(7)   Beras

(8)   Ayam jago

(9)   Alat make up

(10) Lsp.

4.      ATUR PANAMPI(WONG TUWANE CALON PENGANTEN PUTRI)

Wong tuwane calon penganten putri ngaturake panuwun marang wong tuwane calon penganten kakung denen wus aweh pambyantu lan saguh bakal ngijabake calon penganten kakung karo calon penganten putri (anake)

5.       PANUTUP

Komentar

Postingan populer dari blog ini

GEGURITAN PAHLAWAN

Geguritan Jaman Kalabendu