Cerkak : Pulung Gantung
PULUNG
GANTUNG
Dening: eSWe Sidi
Wengi
kang tintrim. Langit ireng njanges. Lintang-lintang padha ndhelik ing waliking
mendhung. Mung siji loro lintang katon sedhela wusana ilang diemplok mega ireng
kandel. Wit-wit njenggereng anteng kaku. Ing kampung-kampung ora ana sabawane
wong. Mung keprungu bengoke asu ajag, sora lan nggegirisi sapa wae kang krungu.
Pegunungan ing mburi kampung iku njegreg kaya kwandhane buta kang mati kepanah.
“Wengi
kang nyiksa batinku,”grenenge Barimin kang wus pirang-pirang tahun ketaman lara
insomnia, kangelan turu. Ora mung kuwi,
wong lanang kang wis sawetara wektu ditinggal lunga anak bojo iku uga duwe lelara
paru-paru merga kakehan ngrokok lan saiki saya nemen. Watuk ora leren-leren
sinartan rasa cekrik-cekrik kaya disudhet-sudhet nganggo dom tansah
ngogreh-ogreh dhadhane.
Kahanan
mangkono iku mesthine bisa rinasa entheng yen ana sing ngampingi, sing bisa
aweh tulung kanthi mblonyo awake nganggo lenga kayu putih, apa ngeriki nganggo
lenga klentik lan dhuwit benggol utawa ngemuli nganggo gombal kang kandel.
Nanging Surti, bojone wis
lunga sawetara wektu kepungkur nggawa anake lanang, Sujiwa kang lagi umur
limang tahun. Wong wadon ayu lan dadi kembang desa dhek semana iku, rumangsa
wis ora kuwat ngrasakake paiting urip bareng Barimin. Barimin kang biyen gagah,
bagus, lan isih keceh dhuwit jalaran isih dadi sopir angkot Jogja-Jakarta.
Barimin saiki dudu sing biyen. Wong lanang iku saiki ringkih. Ora nyambut gawe
lan ora keceh dhuwit maneh. Dhuwite wis entek kanggo tetamba kanthi maneka
cara, saka cara tradisonal tekan cara modern uga cara supranatural. Ora ana
kang cocok. Larane ora suda nanging
sewalike. Saya nemen, saya nemen. Awake kuru aking ngeyeyet kaya jrangkong.
Barimin
saiki bebasan mung kari ampas.
“Ampas
ora ana regane,” Barimin nguda rasa. Setetes luh tumetes saka pojok mripate.Ana
rasa keduwung ing atine wong lanang kang biyen pideksa lan diwedeni mring
kanca-kanca jalaran entheng tangane iku . Gampang plak-plek marang liyan sing
kaanggep luput marang dheweke. Ora perduli wong lanang utawa wadon, gedhe apa
cilik. Kabeh sing gawe kagol atine mesthi ngrasakke kamplengan, jotosan,
apes-apese keplakan tangane Barimin yang kasar lan anteb.
“Mbokmenawa
iki kabeh paukuman saka kang gawe urip jalaran aku wis akeh tumindak maksiat.
Bojo lunga, awak lara. Huk..huk…huk.”
Barimin nangis ngguguk kang
njalari watuke saya ndadra. Hueek, hueek.
Kanthi rambatan tembok, Barimin jumangkah metu saka kamare. Ing jaba,
langit katon saya ireng. Barimin ngepasi ndengangak nalika ana cahya
muncar-muncar abang saka iring kidul. Cahya iku mubeng-mubeng malih wujud
tambir abang mbranang nggegirisi. Pyarrrr! Cahya iku banjur buyar, ambyar kaya-kaya
ana ing dhuwur gendheng omahe.
“Pulung gantung,”batine
Barimin. Githoke mengkirig lan dadi krasa kandel. Pikirane wong lanang iku
goreh. Miturut gotheke wong akeh, cahya pulung gantung itu mratandhani yen ing
wewengkon kang dienggo ambyare cahya kasebut bakal ana wong kang nganyut tuwuh
kanthi nggantung. Pikire Barimin saya nggrantes. Apa iku malah dadi pituduh
supaya dheweke mungkasi uripe?
“Apa hiya, mung cara iku
kang bisa mungkasi kasangsaran iki? Apa kanthi nglalu sakehing perkara bisa
rampung? Nglalu tegese nggege mangsa metune nyawa kang durung tiba saate
ngocati raga. Ah…. Nanging, kepriye. Apa kasangsaran iki bakal bisa daktundhung
saka uripku? Hemmm, dakkira pancen hiya mung iki cara kanggo oncat saka perkara
urip kang abot iki!”
Pikirane Barimin saya
puteng. Sirahe dadi puyeng. Dumadakan dheweke kaya weruh lintang-lintang mudhun
marani dheweke banjur mabur pating
bleber ngubengi sirahe. Sirahe Barimin krasa abot. Wong lanang sing biyen kukuh
bakuh iku saiki mung dadi kaya kapuk. Ana angin sumilir kang anyep njekut.
Angin iku nempuh gegodhongan nuwuhake suwara nglangut.Barimin krasa pet-petan,
banjur tiba nggeblak ing pinggir pawuhan.
Esuke, kampung iku geger.
Wong-wong nemokake Barimin wis kaya mayit. Raine putih pucet banget, lambene
biru. Tanpa ana sing ngomandho, wong-wong banjur nggawa Barimin menyang
Puskesmas. Tekan Puskesmas isih esuk, watara jam pitu. Puskesman durung bukak.
“Ora isa pasien iki digawa
mlebu kamar! Durung mangsane bukak. Apa maneh, aku mung tukang kebon ing kene.
Sing nemtokake pasien bisa mlebu kamar utawa ora iku mung dokter! Dudu tukang
kebon!” kandhane Giman, tukang kebon ing Puskemas iku kanthi praupan kang kaku.
Kamangka awake Barimin saya anyep wis setengah mayit. Anteng tanpa daya. Mung
sedhela-sedhela keprungu suwarane gereng-gereng kang njalari sing neng kono ayem
merga isih ana tandha-tandha yen Barimin isih urip.
“Ora bisa! Kowe kudu bali!
Kowe durung mangsane mlebu alam iki!” kandhane sawijining makhluk kang
nggegirisi wujude. Mripate murup abang, ilate melet-melet uga murup lan nggawa
gaman gada saka geni.
“Ning aku wis nglalu kanthi
nggantung. Badan wadhagku wis dikubur lan wis ajur mumur dipangan cacing. Piye
aku bisa bali? Ragaku wis musna!”
“Ora perduli! Sapa sing
akon? Rumangsamu kabeh perkara bakal rampung kanthi nggantung? Nglalu? Apa
utegmu wis buntu satemah ora bisa nemokke akal kanggo ngrampungke perkara? Hayo
bali! Bali! Iki papan durung tekan titi mangsane kok leboni! Bali!”
Wewujudan iku ngagar-agarke
gadane bakal kanggo nggepuk awake Barimin. Barimin bingung, kudu bali menyang
ngendi? Ora ana dalan katon ing kono. Anane mung peteng lan moncar-moncare geni
saka wewujudan iku ora bisa madhangi papan sakiwa tengene. Aneh!
“Bisa bali ora? Hiiih iki
rasakna!”
“Adhuh, adhuh, hiyung. Yoh,
yoh aku tak bali. Aku emoh nglalu! Emoooh!”
Wong-wong padha kaget lan
bingung. Geneya Barimin bengok-bengok lan ngucapake tembung iku. Let sedhela, dokter
teka. Barimin diidini mlebu kamar rawat. Dokter bikut aweh pitulungan amrih
nyawane Barimin bisa dislametake.
Omah
Geguritan-Kowen, Juli 2019
Komentar
Posting Komentar