Geguritan Jaman Kalabendu

 



Jaman Kalabendu

Ing sawijining wektu

wong gedhe ngendikane nora kena digugu

jare ngene jebul ngono

 

Ing sawining wektu,

wong cilik

pijer pating pendelik

rebutan dhingklik, krikil, lan klungsu

dhakonan dadi gelutan

gojegan dadi regejegan

geguyon dadi lelakon

gamparan dadi srampang-srampangan

ithik-ithikan dadi thuthuk-thuthukan

gandhengan banjur bantingan

kekancan dadi memungsuhan

 

iku dudu takdir

iku merga keblinger ing pikir

ninggal piwelinge simbah

lali dikir

 

agama mung dadi pawarta

ustad dianggep wong dodol jamu

guru pokale wagu lan saru

murid trekahe saya wagu

dikandhani nora nggugu

malah ngejak gelut wong tuwa lan guru

 

iki jaman kalabendu

aku salah kowe kleru

wong bener dianggep keblinger

wong cidra disembah kaya dewa

kepara oleh partisara

diadili mung ing panggung sandiwara

nora sida dikunjara

sing bener dadi kedher

 

                        Kowen-Sewon, 31 Januari 2012

 

 

*geguritan iki wus kaemot ing Djaka Lodang No 45, 7 April 2012


Komentar

Postingan populer dari blog ini

GEGURITAN PAHLAWAN