GEGURITAN PAHLAWAN

 


Pahlawan Kuwi Sapa

Apa kang wus koktindakke

geneya sliramu ngaku dadi pahlawan

maju ing palagan, sliramu durung kawruhan

tetulung mring sasama,

durung ana kang nggawa pawarta

nora ana wong rumangsa

sliramu nyipta barang kang piguna.

 

Pahlawan?

Apa hiya, pahlawan iku sing pinter

omong ing kene kana?

Apa hiya,

pahlawan iku kang ngudhar-udhar alaning liya?

wegig nguntir-untir  ukara,

pengung ing karya?

 

pahlawan iku, kang nora ngaku pahlawan!

pahlawan iku kang sesingid ing guwaning Bathara Wektu

nyebar ganda arum lumantar kembanging Bathara Bayu

kang weh resep atining kawula

lumantar karya kang tanpa cinoret asma-asma

                                                Omah Geguritan, 15-8-2023

 

 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Geguritan Jaman Kalabendu