Cerkak : Mawar Endah saka Marvi

 



Mawar Endah saka Marvi

Dening : eSWe Sidi

 

 “Bu, sugeng ambar warsa, ya. Mugya tansah manggih begja mulya sadina-dina! Muga-muga iki nambahi senenging ati senajan mung asil coretan tangane pelukis ajaran!” kandhane Marvi karo ngulungi gambar banjur nyalami tangane Esti kenceng. Esti, kang jeneng komplite Estingtyas iku mesem. Soroting mripat papat tempuk. Ana hawa aneh lan endah sumilir ing ruang iku.

“Nuwun, Pak. Wah,wah,  apik tenan,” Esti nampani, nyawang gambar lan  banjur ngekep gambar kembang mawar iku, ditemplekke ing dhadhane.

 “Hemm. Hemm,” keprungu suwarane wong dhehem-dhehem. Bu Sulis mlebu ruangan kasusul guru-guru liyane. Ruang iku banjur rame kebak suwarane guru-guru lanang wadon kang tanpa diabani padha nyanyi Selamat Ulang Tahun kanggo Esti. Dina iku, dina ulang tahune Esti kang ngancik umur 23 tahun.

Kanyata, dina iku uga dadi dina kang banget gedhe maknane tumrap Esti. Jalaran, wiwit dina iku tuwuh winih katresnan antarane Marvi lan Esti. Dina iku uga dadi dina tempuking pandhemen budaya Kulon lan Wetan. Marvi, guru Bahasa Inggris,pandhemen lagu-lagu slow rock lan lagu-lagu ngak-ngik-ngok liyane, dene  Esti, pandhemen sastra lan tembang  Jawa.

Pir padha kencenge, sir padha senenge. Katresnan iku saya ngrembaka, tuwuh, tuwuh, lan tuwuh. Kaya wit ringin gedhe kesiram udan saben-saben wektu. Ngrembuyung, ijo royo-royo.

Bebasan, ora ana wit sing ora ketempuh ing angin. Mangkono uga katresnane Esti-Marvim. Katresnan suci iku uga ana bab kang ngreridhu.

 “Ndhuk..,” bapake nyedhaki  Esti ing sawijining wengi nalika dheweke lagi mbukak internet ing kamare. Esti kepengin ngerti sepira kemajuane informasi budaya Jawa ing donya maya. Kanyata ngedab-edabi. Ing internet wus kebak dening informasi werna-werna babagan budaya, sastra,lan basa Jawa. Ateges, wong Jawa ora kethetheran nututi ajuning jaman. Arep golek informasi apa wae bab budaya Jawa, ana!

“Napa, Pak?” wangsulane alon banjur nyawang bapake kang banget diajeni lan den tresnani iku.

“Aku tak omong, rungokna, ya.”

“Pripun, kok sajak wigatos, Pak?” Esti menyat saka lungguhe, ninggal laptop-e banjur nyedhaki bapake kang lenggah ing dhipane. Esti lungguh ing cedhake. Daru Kesuma, priyayi sepuh pensiunan guru iku, unjal ambegan, banjur watuk-watuk. Esti kepengin watuke bapake iku enggal mendha. Nanging, watuke bapake saya kekel. Esti mlayu metu saka kamar banjur bali maneh wis nggawa lenga gosok karo wedang putih anget. Gulune bapake iku banjur diborehi nganggo lenga gosok. Wedang putih diaturake lan enggal diunjuk. Watuke mendha.

“Kowe isih kelingan marang Marko, ta Ndhuk? Saiki dheweke kathik ora ana kabare. Apa kowe isih sok kabar-kinabaran karo Marko?

Tratap, atine Esti krasa ngedhap. Priya kang nate nglamar dheweke  iku keprungu maneh sinebut jenenge. Marko nate teka menyang omahe lan matur marang bapake Esti kang isine panglamar.

            “Mangga, Mas. Wah kaya ketiban daru tenan iki. Kathik Mas Marko kersa tindak neng gubug elek ngene!” Esti nanggapi tekane Marko kanthi grapyak semanak sinartan esem manis lan solah bawa sajak nggodha. Wektu semana isih wayah esuk, udakara jam wolu. Dinane Minggu. Marko teka kanthi numpak mobil. Mobil anyar, plate putih kanthi tulisan warna abang : AB 5161 B.

            Sawise ngaturi tamune lenggah ing kamar tamu, Esti tumuju pawon. Sing ngancani tamu, bapake. Ora sawetara suwe, Esti bali ing kamar tamu ngladekake wedang lan nyamikan. Marko nyawang Esti, wanita mudha iku uga ngepasi nyawang Marko, mata tempuk mata. Esti mlerok. Atine Marko kumesar. Esti banjur menyang pawon maneh, mangsak. Eh, muga-muga tamuku kersa dhahar. Mangkono batine. Rampung mangsak, sega sak lawuhe digawa menyang kamar tamu. Esti mlengak jalaran tamune wis ora ana.

            “Hlo, Mas Marko wau sampun kondur, Pak? Kathik mboten pamit kula! Gek wonten wigatos napa, nggih?”

Daru Kesuma unjal ambegan lan kanthi mesem kalegan aweh wangsulan.

            “Marko kesusu lunga jalaran ditelpon atasane supaya ngliput demonstrasi  sawetara warga kang omahe kegusur bangunan pabrik anyar. Sadurunge njaluk pamit, dheweke titip salam kanggo kowe uga matur sing intine nglamar kowe, Ndhuk!”

Ha? Esti kaget banget,  dene Marko wani-wanine nglamar dheweke tanpa rembugan sacara pribadhi sadurunge. Ujug-ujug nglamar. Pancen wis suwe Esti lan Marko srawung. Nanging, pasrawungan iku tumrap Esti mung sawijining kekancan. Marko iku penulis kawentar. Esti seneng marang tulisan-tulisane Marko kang klebu dhuwur kasusastrane, miturut Esti. Esti lagi gandrung marang kasusatran lan kepengin dadi penulis kondhang. Wektu kuwi dheweke wis mlebu semester akhir kuliahe, jurusan Bahasa lan Sastra Jawa. Esti pancen seneng lan kepara keyungyun marang sastra Jawa kang miturut dheweke dadi media ekspresi kang pas ing ati lan kudu dipepetri murih lestari. Ora kecaplok bethara kala utawa jaman. Jaman kang jarene jaman milenial, sarwa-sarwi kepenak lan cepet. Banjur padha lali marang jati dhiri bangsane, blereng budaya manca.

Esti  keyungyun marang tulisan-tulisan sawijining penulis, jenenge Marko. Mula, dheweke tansah golek sisik melik kepriye bisa srawung karo penulis iku. Ing sawijining acara seminar, ndilalah salah siji narasumbere Marko. Esti kasil njaluk nomer HP-ne. Wiwit iku, Esti asring japri marang Marko. Takon werna-werna babagan karya sastra. Meguru sing tanpa udhu, ngono penemune Esti.

 Yen ana kalodhangan wektu, kadhangkala Esti nemoni Marko ing kantore, saperlu takon werna-werna kaya dene babagan alur crita, kepriye gawe irah-irahan sing bisa narik kawigaten lan liya-liyane. Asring uga Esti nggawa karyane, njaluk panyaruwene Marko. Marko ngladeni panjaluke Esti kanthi ati seneng lan mongkog, dene ana bocah ayu bola-bali pengin ketemu.

Wanita ayu rupane, weweg awake, kuning mundhu pakulitane iku asring aweh pangalembana marang Marko.

Esuk kuwi, tanpa kandha-kandha sadurunge, Marko teka menyang omahe, ditemoni bapake Esti, nglamar dheweke.

“Bapak nampi lamaran niku?”

“Hiya, Ndhuk. Kowe rak ya tresna marang Marko, ta? Nyatane saben-saben kowe tansah ngalem-ngalem Marko nganti sundhul langit.”

Jleg. Rasane kaya ketiban watu sewu ton. Abot banget, dhadhane dadi seseg. Kepriye anggone caos atur marang bapake. Yen nduwa, bapake kuciwa. Yen manut wae, mesthi tuwuh rasa keduwung salawase. Jer atine tuhu ora duwe rasa tresna babar pisan marang priya iku lan katesnan ora ana peksan. Kejaba iku, kepriye carane kandha marang Marko yen dheweke ora duwe rasa tresna. Yen matur bapake terus terang uga kandha marang Marko blaka suta apa iku ora klebu ninggal sopan-santun cara Jawa kang kondhang sarwa alus? Apa kena diarani wong Jawa ilang Jawane, ora duwe suba sita ngono kae? Apa hiya, budaya Jawa iku identic karo budaya manut? Ah, ora! Ngono batine Esti. Perkara iki dudu perkara sepele. Perkara urip lan panguripan tembe mburine.

Sawise nata ati, Esti kepeksa matur nganggo tembung kang kapilih temenan lan kebak ing pangati-ati.

“Cadhong deduka, Bapak. Kula niku saestu mboten gadhah raos tresna dhateng Marko, Pak!” kandhane Esti marang bapake. Esti nangis mingseg-mingseg. Luh mbanjir ing pipine.

Daru Kesuma, pensiunan guru kang wis sepuh lan lelaranen iku rumangsa salah lan keduwung. Pancen, sawise ditinggal seda garwane durung suwe iki banjur mlebu masa pensiun, Daru Kesuma asring grusa-grusu yen kudu mutusake rembug babagan wigati. Makaping-kaping gawe keputusan sing ora pas kanggo keluwarga lan anake kang mung ontang-anting iku.

Iki ana maneh. Perkara jejodhohan, bab sing ora kena dianggep entheng, Daru Kesuma nibakake keputusan sing grusa-grusu. Nampa lamaran tanpa nanting anake wadon.

Ora mung tekan semono, lelakon saya gawe gempung atine. Sawise nglamar Esti, Marko ilang (utawa ngilang?). Atine Esti saya kisruh. Esti kepengin ketemu lan mbatalake lamaran iku. Nanging, saben-saben dheweke kepengin ketemu Marko ing kantore, ora ketemu, ora ana sing bisa aweh keterangan neng ngendi saiki Marko. Nalika ditelpon  mung keprungu suwara thut-thut-thut, di-WA mung ana centhang siji, tegese ora diwaca.

 

Ing kahanan mangkono, teka Marvi ing sekolahane pinangka guru anyar. Marvi priya kang grapyak semanak marang sapa wae, akrab kaya-kaya wis tetepungan suwe. Sikepe tansah gumbira, guyune renyah lan kepenak diajak ngobrol.

            “Aku…tresna marang sliramu, Jeng,” kandhane Marvi marang Esti kanthi suwara lirih nalika bareng ndhampingi murid-muride ngadani Kunjungan Industri (KI) ing Semarang. Esti kaget satemah ora bisa kumecap. Tenanan apa gojekan? Ngono batine. Kanyata Marvi temenan ing pratelane. Kawigatene marang Esti saya gedhe. Esti rumangsa oleh payung agung. Payung kang bisa ngeyupi lair batine.

            Esti lan Marvi banjur ngrancang dina-dina ngarep. Gegayuhane, bakal mangun bale somah kang sakinah mawadah warahmah.

            “Piye, sliramu wis siap daklamar?” kandahe Marvi karo mesem.

            “Siapa takut?” wangsulane Esti karo mesem lan katon dhekik pipine. Marvi saya kepranan, nyawang wanita pepujaning ati iku kanthi kedhep tesmak.

            Ewa semono, katon yen Esti goreh atine. Katon yen dheweke salah tingkah. Jilbab pink kang wus rapi iku bola bali dibenakake nganggo jenthik-jenthike kang kuning lan  alus resik. Awake teles, kringete gobyos.

            Hiya wiwit iku, kekarone saya manteb lan yakin bakal napak dalan bebrayan.

            “Ndhuk, Marko mrene. Jarene bakal nerusake rembuge dhek anu kae lan bakal ngresmekake ing KUA!” tembunge Daru Kesuma marang Esti.

            Langit peteng, suwara bledheg nyander-nyander. Jagad tanpa ana cahya, peteng ndhedhet lelimengan. Angin lesus nrabas atine Esti, ajur mumur!

            Sanalika banjir luh ing pipine Esti. Bendungana nganggo bendungan waja, ora bakal kuwawa ngalang-alangi banyu bening kang sumbere saka telenging ati kang rojah-rajeh. Ajur mumur sewalang-walang.

            “Piye, Ndhuk? Apa kowe ora gelem dadi sisihane Marko? Terus raine bapak dakdelehake ngendi yen ketemu Marko? Ndhuk, pilih Marko apa kowe pilih kelangan bapak?” tembunge Daru Kesuma kanthi paningal mencereng abang. Pasuryane putih, pucet kaya tanpa getih.

            Esti mbengok sarosane.

            “Bapaaak!”

Gandrik! Esti njingkat lan lungguh dheleg-dheleg. Jebul mung impen. Senajan mung impen, nanging ora sabaene impen. Gawang-gawang Esti kelingan pasuryane bapakne mau. Kaya ngapa yen mau kae temen-temen lelakon ing alam kasunyatan. Kepriye yen dumadakan Marko teka maneh ing omahe kanggo nerusake rembug lan ngajak ijab ing KUA. Esti nduwa, banjur bapake nganyut tuwuh? Atine Poyang-payingan.

Esti menyat saka kasur, metu saka kamar lan mlaku tumuju kamare Daru Kesuma.

            “Alhamdulillah. Bapak serene katon angler,” grenenge.

            Tengah wengi, kahanan tintrim. Mung keprungu suwara tumetesing banyu bun kang nuthuki godhong gedhang kulon omah. Thok-thok-thok. Atine Esti uga rumangsa kathuthuk-thuthuk. Keprungu suwara manuk guweg lamat-lamat, nambahi nglanguting ati. Esti ora bisa turu maneh.

           

             “Dhuh Gusti, kawula nyuwun kekiyatan!” dongane Esti. Senajan mung lirih, donga iku wis tekan langit. Langit nyekseni yen kenya iku matur marang Gustine klawan ati tulus lan kebak rasa pasrah.

            Ganti dina, Esti sapejagong karo Marvi ing warung makan pinggir segara.

            “Piye, Jeng? Wis ana keputusan lan wis mantep tenan?”

            “Hlo, dhek anu kae aku wis matur, ta, Mas? Siapa takut, ngono ta aturku kae?”

            “Apa temen-temen ora ana wong liya sing ngisi atimu sasuwene iki? Iki perlu daktandhesake supaya ing tembe mburi ora ana bab kang ngreridhu bebrayane awake dhewe.”

Gleg. Atine Esti dadi goreh. Kanthi ati ditatag-tatagake, Esti banjur crita babagan wewadi sing sasuwene iki disimpen ing jiwane. Bab sesambungane karo Marko. Praupane Esti dadi pucet, luh dleweran ing pipine.

“Wis, wis, wis, Jeng, ora perlu wedi lan khawatir. Ayo kabeh diadhepi bareng! Yen ana apa-apa ing tembe, mesthi wae aku kang bakal ngrampungi!” kandhane Marvi karo ngranggeh tlapak tangane Esti lan banjur digegem kenceng. Esti merem. Luh dleweran ing pipine. Luh kang nggambarake rasa bagya mulya.

Gendhing Ibu Pertiwi muni mangayun-ayun. Ijab Kabul antarane Esti lan Marvi wus kelakon kanthi widada rahayu nir ing sambekala. Kasusul adicara resepsi prasaja. Akeh tamu sing rawuh. Kabeh aweh puji astuti marang bebrayane Esti lan Marvi. Dina-dina sabanjure kebak ing rasa sih tresna.

“Mas?” kandhane Esti karo nglendhot ing awake Marvi. Wektu kuwi kahanan ngomah sepi. Wong loro padha lungguhan ing kamar tengah sinambi nonton sinetron ing TV. Kanthi mesem kebak kabagyan, tangane Marvi ngranggeh pundhake Esti dipepetake ing awake. Adhem ayem rasane ati kekarone.

Dumadakan ing layar TV mecungul sekilas info, pawarta kilat sing isine ngandharake menawa warga nemokake jasad kang kanyata jasade sawijining jurnalis lan penulis kondhang, Marko!

Polisi curiga, jasad itu korban penganiayaan. Perlu diketahui bahwa Marko adalah penulis dan jurnalis yang dikenal amat kritis terhadap pihak-pihak yang menindas golongan lemah,”ngono penyiar mungkasi pawarta iku.

Esti njingkat banjur ngruket Marvi kenceng. Tangise Esti ora bisa dibendung maneh. Ana rasa keduwung lan eman dene Marko, penulis kang tulisane digandrungi Esti, nemahi lelakon kaya mangkono. Marvi genti ngruket Esti.

“Marko! Marko! Oh…” lirih Esti ngucapake tembung iku kanthi lambe geter.

“Muga-muga enggal kewiyak, sapa sing tumindak durjana marang Marko!” kandhane Marvi lirih. Kanthi kebak rasa asih, Marvi ngelus-elus sirahe Esti.

Wengi saya sepi. Suwara rijal nambahi nglangut ing ati. Wong sakloron banjur menyat saka kamar tengah iku tumuju kamar pribadi, reruntungan kadya mimi lan mintuna.

                                    Omah Geguritan-Kowen, Februari 2020

 

 

 

 

           

 

                                                                                               

           

           

           

 

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

GEGURITAN PAHLAWAN

Geguritan Jaman Kalabendu