Teks Wakil Karangtaruna dalam Syawalan Massal

 



ATUR PANGABEKTOS WIRA ANEM

DHUMATENG PINISEPUH

Syawalan massal 2011

 

Assalamu’alaikum wr wb.

Alahamdulillahirabbil’alamiin…dst.

Mugi sih wilasa saha berkah dalem Allah Swt. tansah rinentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, samenika sarta ing salami-laminipun.

 

Para pepundhen, pinisepuh ingkang pantes kinabekten.

Para rawuh kakung putri, para kadang ingkang dhawah wredha menapa dene mudha, kakung, putri ingkang sutresna.

 

Nuwun sewu,kula kumawani ngadeg ing ngarsa panjenengan sedaya awit saking dhawuh timbalanipun para kadang panawung kridha utawi panitia syawalan kula kadhawuhan, kinen matur dhumateng ngarsanipun para pinisepuh pinangka sulih salira para kadang wira anem kakung putri ing wewengkon kampung Kowen riki.

Saderengipun, mangga tansah munjuk syukur ing Ngarsa Dalem Allah swt. ingkang awit saking berkahipun, Panjenengan sedaya dalasan kula saget kempal manunggal ing Masjid Nurulhuda menika tebih saking sedaya rubeda. Salawat saha salam tansah katetepna sinandhang Njeng Nabi Muhammad saw. Ingkang pantes tinuladha sedaya umat manungsa.

 

Salajengipun, keparenga kula matur pinangka sulih sariranipun kadang mudha sedaya.

Ing riki, kula sakadang wira anem sedaya kakung putri keparenga  ngaturaken  sugeng riyadi Idul Fitri warsa 1432 ( sewu kawan atus tigang dasa setunggal)  Hijriah saha ngaturaken sungkem pangabektos kunjuk dhumateng para Bapak/ Ibu/ pinisepuh sarta para pangemban pangembating praja. Sedaya kalepatan : lampah satindak wiraos saklimah,ing setunggal warsa awal-akhir lair- batos keparenga nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

 

Semantena ing mbok bilih para pinisepuh, sesepuh, pangasta pangembating praja kapanduk ing raos mboten kasengaja rinaos lepat dhumateng para anem,kanthi lila legawa linambaran raos ingkang rinaos lebet ugi ngaturaken dhawah sami-sami.Mugi-mugi Allah kepareng paring pangapunten dhateng kula saha panjenengan  sedaya. Amin.

 

Mekaten, para rawuh, aturipun para kadang anem lumantar kula. Ing wasana, mboh bilih anggen kula matur kathah kekilapanipun, kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.

 

Wassalamu’alaikum wr.wb.

ooo000eSWeooo000

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

GEGURITAN PAHLAWAN

Geguritan Jaman Kalabendu