Contoh Teks IKrar Syawalan Massal

 



IKRAR SYAWALAN

KELUARGA BESAR SMKN 1 GEDANGSARI

7 SEPETEMBER 2011 DI RUMAH BPK SUMIRAN

LEDOKSARI, WONOSARI

Assalamu’alaikum wr.wb

Bismilahirahmanirahiim

Alhamdulillahirabbil’alamiin

Washolatu wasalamu’ala asrafil anbiyai wal mursalin

Muhammadi wa’ala alihi washahbihi ajma’in

Kasuwun para rawuh nirokaken !

IKRAR

Kula sedaya, keluwarga ageng SMKN 1 Gedangsari, Gunungkidul, kanthi lila legawa ngandharaken ikrar

1.     Ingkah dhawah anem, kepareng ngaturaken sungkem saha bektos kagem para ingkang dhawah wredha/sepuh. Ngaturaken sugeng Riyaya Idul Fitri tahun 1432 H/ 2011 M. Mugi-mugi para ingkang dhawah sepuh ngapunten ing sedaya kilap ingkang  sengaja menapa dene mboten kasengaja sampun  katindakaken dening para mudha dhateng para ingkang dhawah wredha/sepuh.

2.     Ingkang dhawah wredha/sepuh ngaturaken salam taklim dhateng para ingkang dhawah mudha. Mugi-mugi para ingkang dhawah mudha kanthi lila legawa ugi kepareng ngapunten ing sedaya kilap ingkang tumanduk dhumateng para ingkang dhawah wredha/sepuh. Ngaturaken sugeng Riyaya Idul Fitri, mugi Pangeran Ingkang Maha Suci kepareng mangsulaken kula panjenengan sedaya ing fitrahipun, suci lahir batos.

3.     Mekaten ikrar menika, mugi Pangeran Ingkang Murbeng Dumadi ngijabahi niat suci kula panjenengan sami. Amin.

Wassalamu’alaikum wr.wb.

 

Wonosari, 7 September 2011

Ooo000eSWeooo000

Komentar

Postingan populer dari blog ini

GEGURITAN PAHLAWAN

Geguritan Jaman Kalabendu