Contoh Teks MC ing Acara 17-an

 



MC 17-AN 

 

Assalamu’alaikum wr wb.

Alhamdulillahirabbil’alamiin.Washolatu wasalamu ‘alal asrofil anbiyai wal mursalin, muhammadin wa’ala alihi wa-ashhabihi ajma’in. Ama ba’du.

  • Para pinisepuh,sesepuh, mliginipun panjenenganipun Bpk. Sambudi, ingkang dipun mulyakaken dening Allah.
  • Para kadang mudha menapa dene kadang wreda ingkang sutresna.

Langkung rumiyin, mangga, kula dherekaken munjuk puja-puji syukur dhumateng ngarsa dalem Allah swt. ingkang sampun kepareng paring kenikmatan iman saha Islam saha paring kebagaswarasan sarta kalodhangan satemah titi wanci menika saged kempal manunggal ing majelis Tirakatan Pengetan Kamardikan Ingkang Kaping 74(Pitung dasa sekawan)   menika kanthi wilujeng nir ing sakara-kara.

Solawat sarta salam mugi tansah kasok dening Allah tumanduk junjungan kula panjenengan sedaya, Kanjeng Nabi Agung Muhammad saw. ingkang tansah kaantu-antu syafaat utawi pitulungnipun ing dinten kiyamat.

            Nuwun sewu, ing wekdal menika, kula kumawani ngadeg wonten ngarsa panjejengan sedaya awit kadhawuhan dening panitia Tirakatan pinangka panata adicara.

Ngengeti wekdal sampun dungkap dalu, pramila adicara enggal kawiwitan. Sakderengipun keparenga kula aturaken urut reroncening adicara ing dalu menika.

Angka sepisan (1)  : Pambuka

Adicara angka kalih (2)  : Waosan kitab suci Alquran

Adicara angka tiga (3) : Nembang Indonesia Raya

Adicara angka sekawan (4) : Atur sapala saking panitia

Adicara angka (5) : Atur Sapala saking Ibu Dukuh

Adicara angka (6) :  Waosan kalimah thayibah tahlil

Adicara angka (7): Sumene

Adicara angka (8) : Pengaosan

Adicara angka (9) : Panutup

  • Para rawuh, tumapak ing adicara angka sepisan. Nun inggih pambuka. Mangga adicara dalu menika kabuka kanthi waosan basmalah. Sumangga....matur nuwun.
  • Adicara angka kalih, waosan kitab suci Alquran. Wekdal kaaturaken dhumateng ______________ sumangga.

Kaaturaken agunging panuwun dhumateng ____________ ingkang sampun kepareng maos kalam Illahi. Mugi-mugi ingkang maos saha ingkang midhangetaken pikantuk ganjaran ingkang agung saking ngarsa dalem Allah swt.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Adicara salajengipun Nembang Indonesia Raya ingkang dipun dherekaken dening Widya Septharita. Para rawuh kasuwun jumeneng sawetawis.

Kaaturaken agunging panuwun dhumateng sedherek Widya Saptarita. Para rawuh kasuwun lenggah.

Adicara salajengipun, atur sapala saking  panitiya. Wekdal sumangga katur dhumateng Bapak Sumarjo.

  • Kaaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Sumarjo.
  • Adicara salajengipun, atur sapala saking Ibu Dukuh. Wekdal, sasana, pandaya swara kaaturaken. Sumangga
  • Kaaturaken agunging panuwun dhumateng Ibu Sugiyah.
  • Salajengipun adicara Waosan kalimah toyibah tahlil. Dhumateng Bapak rois Bapak Paidi Sosro Nugroho kasuwun mandhegani adicara menika. Sumangga!

 

  • Para bapak, ibu, para rawuh kakung-putri. Adicara kalajengaken kanthi SUMENE. Wekdal kaaturaken dhumateng para kadang karangtaruna.

 

  • Para rawuh gandheng sampun cumawis pasugatan wonten ngarsa panjenengan, kasuwun ngresepi kanthi raos mardika. Saderengipun kula dherekaken donga rumiyin. Sumangga.

 

  • Para rawuh, mboten ateges badhe angirangi kenikmatan panjenengan sedaya ingkang saweg ngresepi pasugatan, ngengeti wekdal saya dalu. Adicara enggal kalajengaken, tumapak ing adicara Pengaosan.
  • Ingkang menika wekdal sumangga katur dhumateng Bapak Sambudi, sumangga!
  • Matur nuwun kaaturaken dhumateng Bapak Sambudi, ingkang sampun kepareng paring pengaosan. Mugi-mugi kula panjenengan saged ngamalaken isining pengaosan sawau satemah dados tiyang ingkang begja donya akhirat. Amin.

 

  • Para rawuh, tumapak ing adicara pungkasan, inggih menika panutup.Kula ingkang kapiji pinangka pambiyawara, mbok bilih sadangunipun ngaturaken urut reroncening adicara kathah kekilapan, nyuwun samudra pangaksami.
  • Mangga adicara kapungkasi kanthi waosan hamdalah. Alhamdulillahirabbil’alamiin.
  • Wasssalamu’alaikum wr.wb.

 

Kowen, 16 Agustus 2019

 

 

 

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

GEGURITAN PAHLAWAN

Geguritan Jaman Kalabendu