COntoh Teks Sambutan Panitia Syawalan Massal

 



SAMBUTAN PANITIA SYAWAAN MASSAL

 

Assalamu’alikum wr.wb

Alhamdulillahirabbil’alamiin...dst.

Mugi sih wilasa, berkah dalem Allah Swt, karahayon, tansah rinentah dhumateng Panjenengan dalasan kula, samenika sarta ing salami-laminipun.Amin.

 

Para pepundhen, pinisepuh,sesepuh ingkang winengku ing pakurmatan.

Para pangasta pangembating praja ingkang minulya.

Para rawuh kakung putri, para kadang, ingkang sutresna.

 

Nuwun sewu, ing ari kalenggahan menika kula marak wonten ing ngarsanipun para rawuh saperlu matur pinangka sulih sariranipun para kadang panitia Syawalan Massal Kampung Kowen  Warsa 1432 ( sewu kawan atus tigang dasa kalih) Hijriah ingkang ngepasi surya kaping 30 Agustus 2011 ( kalih ewu sewelas).

 

Saderengipun mugi kepareng kula ndherekaken Panjenengan sedaya munjuk puji sukur dhumateng ngarsa dalem Allah Swt. Ingkang sampun paring kasarasan saha kalodhangan wekdal saengga ing wekdal menika saget sesarengan kempal ing majelis menika kanthi wilujeng nir sambekala sedayanipun.

Salawat saha salam mugi tansah kajiwa kasarira dening junjungan kula Panjenengan sedaya Kanjeng Nabi Muhammad saw. ingkang tansah kaantu-antu pitulunganipun benjing ing dinten kiyamat.

 

Salajengipun, mugi kepareng kula sakadang panitia ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng para Bapak,Ibu , sedherek  ingkang sampun kersa mbucal wekdal, nglonggaraken penggalih kagem rawuh ing papan menika minangkani atur sedhahan ingkang sampun kaaturaken ing wekdal kepengker.

 

Ing wekdal menika, kula sakadang panitia ugi ngaturaken agunging panuwun awit saking sedaya pambiyantunipun awujud punapa kemawon, inggih bandha, beya, penggalihan ingkang sedaya wau andadosaken regeng saha rancaging adicara menika.Awit saking pambiyantu kasebat, mboten sanes kula sakadang panitia mboten saged caos piwales menapa kemawon kejawi namung puji pandonga dhateng Allah swt.mugi-mugi para Bapak, Ibu, sedherek sedaya pikantuk lelintu ingkang murwat tuwin tikel-matikel. Amiin.

 

Para rawuh, mekaten atur sapala saking panitia lantaran kula. Ingkang menika mboh bilih wonten klenta-klentuning atur kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami. Kupat janure tuwa, sedaya lepat nyuwun ngapura. Kupat duduhe santen kathah lepat nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum wr.wb.

 

eSWe Sidi

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

GEGURITAN PAHLAWAN

GEGURITAN CORONA NGRERIDHU INDONESIAKU