Hikmah Syawalan

 

HIKMAH SYAWALAN

Dening : eSWe Sidi

 


Gambar : sekedar ilustrasi, penulis medhar andharan ing masjid

HIKMAH SYAWALAN 1434 H / 2013

Alhamdulillah…

            Dinten menika panjenengan sedaya dalasan kula sesarengan kempal ing papan menika, saperlu nindakaken tradhisi halal bil halal, silaturahmi  sasampunipun sewulan kateter dening Allah kedah nindakaken ibadah Ramadan : siyam, salat lail, tadarus alquran, iktikaf, salat-salat sunat, saha ibadah sanesipun.

            Tradisi menika katindakaken selaras dhawuhipun Allah ing Alquran surat Ali Imran ayat 133-134 :

 

Lan padha gegancanganna nyuwun pangapura marang pangeranira lan suwarga kang jembare madhani langit lan bumi den cawisake kanggo wong kang takwa. Yaiku wong-wong kang ndermakake bandhane  ing kahanan longgar apa dene rupeg lan wong-wong kang nganpet amarah dan aweh pangapura ing kaluputaning liyan. Allah rena marang wong-wong kang gawe becik.

 ( Ali Imran : 133-134 )

            Dinten menika kawastanan Idul Fitri.Kula panjenengan sedaya wangsul ing kawontenan fitrah, wangsul ing kawontenan suci. Geneya mekaten? Jalaran sami ngapura-ingapuran saha angindhaki amal kesaenan ing wulan Syawal, sarta mboten ngambali dosa-dosa ingkang kapengker.Menawi mboten sami ngapura-ingapuran, siyam ingkang katindakaken sewulan mboten dipun tampi dening Allah.

            Menika selaras kaliyan hadis nabi ingkang nerangaken, nalika Nabi Muhammad badhe khotbah idul fitri, panjenengane rasullullah ngendika amiin, amiin, amiin. Nabi nerangaken bilih panjenengane midhanget malaikat ndonga mekaten :

“Ya Allah, mugi Paduka mboten nampi siyamipun tiyang ingkang duraka dhateng tiyang sepuhipun, Duh Gusti, mugi Paduka mboten nampi siyamipun wanita Islam ingkang wantun dhateng kakungipun, Duh Gusti, mugi Paduka mboten nampi siyamipun  umat Islam ingkang mboten aweh pangapura dhateng sesaminipun.”

Midhanget donganipun malaikat sawau, nabi ngamini rambah kaping tiga.

            Saking hadist wau saged kapendhet dudutan/simpulan bilih :

  1. Tiyang Islam ingkang duraka dhateng tiyang sepuhipun, Allah mboten nampi siyamipun
  2. Tiyang estri ingkang wantun dhateng garwanipun, siyamipun mboten dipun tampi dening Allah
  3. Allah mboten nampi siyamipun tiyang Islam ingkang mboten purun paring/caos pangapunten dhateng kalepatanipun asanes.

Para lenggah, dinten menika kula panjenengan  sami damel kupat. Kupat nggadhahi piwucal sami ngaku lepat. Kupat menika kadamel saking janur. Tegesipun janur, saking ungel-ungel jan tegesipun cetha, wus ngarani sejatine. Nur tegesipun cahya, sunar. Janur, maknanipun sejatining nur, pituduh kang sejati saking Allah Swt.

Dinten menika, ingkang mboten damel kupat, nggantos kupat mawi lonthong tegesipun alane kothong, karana sampun wangsul ing fitrah, suci, sampun mboten gadhah ala/dosa. Dosanipun kothong.

Dinten menika sinebat lebaran karana sampun bakda nindakaken ngibadah Ramadan sewulan natas. Jalaran sampun lebar, wangsul suci, pramila dados pethak, putih memplak kados labur karana dosanipun sampun lebur. Sasampunipun sami suci, manah sarwa-sarwi ayom, ayem ,tentrem, begya mulya. Ing kawontenan remen, tiyang lajeng sami luber. Ngluberaken kesaenan, sami indakaken sadakoh kanthi ikhlas. Sanak kadang, tangga tepalih lajeng keluberan rezeki saking pundi-pundi.

Nah, menapa kula panjenengan sampun ngluberaken saperangan rezeki saking Allah kaparingaken/kacaosaken dhateng tiyang sanes? Mangga kawangsaluna kanthi amal nyata. Wiwit keluwarga ingkang paling celak, lumeber dhateng sedherek/ tangga ingkang langkung tebih.Kawastanan megar payung. Sampun ngantos kewalik.

Kandhaa Muhammad Satemene Pangeraningsun njembarake rejeki tumrap sapa kang den kersakake ing antarane kawulane lan ngrupegkake tumrap sapa kang den kersakake. Lan apa wae kang sira wewehake marang liyan, Allah bakal ngijoli lan Panjenengan-Ne Allah kang paring rejeki saapik-apike

( QS : Saba’ : 39 )

Menapa ingkang kula panjenengan luberkaken sawau mboten badhe ngirangi bandha. Malah dados sarana Allah nambahi nugraha. Kados kran ingkang kailekaken, badhe katambah toya saking menara toya (water tower). Kran ingkang mboten nate kagem mili toya, dados pralambang sifat kula panjenengan ingkang eman sodakoh. Kran dados ngusi, mampet.Mboten saged kangge mili toya. Menawi kula panjenengan sedaya eman sodaqoh, rejeki ugi badhe mampet. Wallahu’lam. Mugi wonten manfaatipun. Jenang sela wader kalen sesondheran. Apuranta yen wonten lepat kawula. Janma asirah sima, menggah awon saenipun borong dhumateng panglimbang panjenengan sedaya. Nuwu.Nuwun.Nuwun.

                                                                                                    Kowen, 1 Syawal 1434 H

 8 Agustus 2013

 

000oooeSWe Sidiooo000

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

GEGURITAN PAHLAWAN

Geguritan Jaman Kalabendu