Postingan

Menampilkan postingan dari Desember, 2020

Urutan Acara Srah Tinampi Upakarti (Asok Tukon) + Ijab Kabul

Gambar
  Dening : eSWe Sidi   Urutan Acara  Acara Keterangan   Bahasa Jawa 1   Pambuka Acara dibuka dengan berdoa bersama-sama, dipimpin oleh MC 2   Atur pambagya harja saking ingkang hamengku karya Selesai ucapan selamat datang dari keluarga calon mempelai wanita ( hidangan berupa minuman dan sneck disajikan kepada tamu ) 3   Atur pangandikan saking tetungguling utusan keluarga calon pengantin kakung Perlu juga dilanjutkan penyerahan mas kawin secara simbolis (Hidangan berupa sop mulai disajikan) 4   Atur panampi saking keluarga calon pengantin wanita dhumateng keluarga calon pengantin kakung   5   Tumapaking ijab qabul MC menyerahkan acara kepada petugas dari KUA. Petugas dari KAU menyampaikan pendahuluan. Sebelum

Pangkur Al-Fatihah

Gambar
  Pangkur Al-Fatihah Dening: eSWe Sidi   Ayat pisan Al-Fatihah nun inggih bis-mi-lla-hi-rah-ma-nir-ra-hiim klawan Allah kita nyebut kang asipat rahim rahman kabeh ngamal linambaran ayat iku aja mung krana kang liya wekasan ngamale rugi     ayat loro Al-Fatihah   nggih al-ham-du-li-llah-hi-rab-bil -‘a-la-miin pangalembana konjuk mung dhateng ngersane Allah kabeh nugraha asal Allah kang Agung Pangeran sedaya alam mring Allah sedaya puji     ayat telu Al-Fatihah ra ana liya a-rah-ma-nir-ra-hiim mahamirah asih tuhu inggih Allah sanyata tansah peparing marang sakehing makhluk uwit kewan jin manungsa kabeh nugraha nampani     ayat papat Al-Fatihah nun inggih maa-li-ki ya-u-mid-din dina kyamat Allah ratu kabeh manungsa ina kabeh asor ra ana kang katon luhur begja-begjane wong takwa pikantuk nure Illahi   Ayat lima Al- Fatihah iya-ka-na’-bu-du wa-iyya-ka-nas-ta‘iin pratelan kawula makhluk nyuwun tulung manembah

URUTAN ACARA ASOK TUKON

Gambar
  URUTAN ACARA SRAH TINAMPI UPAKARTI PINANGKA JANGKEPING SALAKI RABI (ASOK TUKON) 1.         PAMBUKA Acara kabuka kanthi ndedonga ing pangajab acara lumampah kanthi gancar purwa madya wusana, caket ing sedaya nugraha, tebih saking rubeda. 2.        ATUR PAMBAGYA HARJA (WONG TUWANE CALON PENGANTEN PUTRI) Isine : Wong tuwane bakal pengantin putri ngaturake sugeng rawuh lan matur nuwun   marang para tamu dene wus kersa rawuh, paring donga pangestu, lan liya-liyane. Uga matur nuwun awit saking paringipun pambyantu awujud apa wae. Nyuwun ngapura awit anggone caos suguh, lungguh kurang nuju prana. 3.        SABDA PANGANDIKA BAKAL BESAN (WONG TUWANE CALON PENGANTEN KAKUNG) Bakal besan matur menawa tekane ing papan iku selaras rembug kapungkur   bakal njodhokake putra kakunge karo putra putrine sing kagungan dalem. Nyuwun supaya diijabake. Uga ngaturake upakarti   arupa apa wae kanggo ngentheng-enthengi keperluan kanggo ijab kabul. Barang kang disrahke, upamane : (1)      Sep

Crita Lelembut : Thuyul Menehi Dhuwit

Gambar
  Thuyul Menehi Dhuwit Thuyul, miturut gotheking wong akeh, mujudake lelembut sing tansah gawe rugi jalaran seneng nyolong dhuwit. Nanging, ana kedadean sing nyempal saka adat. Kanyata ana thuyul sing tumindak becik, yaiku menehi dhuwit marang wong sing babar blas ora nate srawung karo thuyul iku. Apa maneh ngingu thuyul, ora! Sebut wae jenenge nganggo jeneng singlon, Yu Tinah. Wong wadon iku daleme asli   ing salah sijine kampung ing wewengkon   kecamatan ing Gunungkidul iring lor wetan, cerak karo tapel wates Yogya-Jateng. Durung suwe iki,Yu Tinah ngalami kedadeyan kang ngeram-eramke. Sajerone rong wengi diwenehi dhuwit cacahe nganti Rp 1.200.000,00 (sayuta rong atus ewu rupiah). Sing menehi dhuwit iku lelembut wujude bocah cilik kang lumrahe sinebut thuyul. Critane mangkene:             Yu Tinah manggon ing omah sing kerep suwung. Omah kasebut dienggoni ya mung yen ana keluawarga sing lagi mudhik saka kutha liya, mligine Jakarta. Ngepasi malem tanggal 28   Ramadan tahun 1441

Gambuh Iman Islam

Gambar
  Dening : eSWe Sidi   Umat Islam sedulurku Ayo ngrembug iman Islam tuhu Murih paham uga murih padha ngerti Dimen aja padha kleru mring ilmu agama yektos    Rukun iman puniku Siji marang Allah kang satuhu Loro marang malaikat kang sayekti Banjur kitab , nabi rasul Kyamat qada qodar yektos   Allah iku sembahanku Tanpa rama miwah tanpa ibu Mahalanggeng ora bakal ana akhir Mahakwasa  mahaagung Maharaja rajaning ingong   Malaikat puniku Cacahe sepuluh  kang satuhu Angka siji asma malaikat Jibril Kajibah ndhawahke wahyu Sabda firman saking Alloh   Loro Mikail satuhu Kajibah ngedum-dum rejekimu Telu malaikat asmane yeku Israfil Suk kiamat trompet disebul Bumi langit kabeh ambrol   Papat Izrail satuhu Kajibah nginceng nyabut nyawamu Lima Munkar lan  enem asmane Nakir Kajibah maring roh ndangu ing lam kubur iku roh   Malaikat pitu wolu Rakib Atid iku kang satuhu Nyatheti amal manungsa siang ratri Datan kliwat datan kleru Banget jujur datan goroh   Kaping sanga Malik satuhu Njaga nr

Geguritan Jaman Kalabendu

Gambar
  Jaman Kalabendu Ing sawijining wektu wong gedhe ngendikane nora kena digugu jare ngene jebul ngono   Ing sawining wektu, wong cilik pijer pating pendelik rebutan dhingklik, krikil, lan klungsu dhakonan dadi gelutan gojegan dadi regejegan geguyon dadi lelakon gamparan dadi srampang-srampangan ithik-ithikan dadi thuthuk-thuthukan gandhengan banjur bantingan kekancan dadi memungsuhan   iku dudu takdir iku merga keblinger ing pikir ninggal piwelinge simbah lali dikir   agama mung dadi pawarta ustad dianggep wong dodol jamu guru pokale wagu lan saru murid trekahe saya wagu dikandhani nora nggugu malah ngejak gelut wong tuwa lan guru   iki jaman kalabendu aku salah kowe kleru wong bener dianggep keblinger wong cidra disembah kaya dewa kepara oleh partisara diadili mung ing panggung sandiwara nora sida dikunjara sing bener dadi kedher                           Kowen-Sewon, 31 Januari 2012     *geguritan iki wu