Gambuh Iman Islam

 



Dening : eSWe Sidi

 

Umat Islam sedulurku

Ayo ngrembug iman Islam tuhu

Murih paham uga murih padha ngerti

Dimen aja padha kleru

mring ilmu agama yektos

 

 Rukun iman puniku

Siji marang Allah kang satuhu

Loro marang malaikat kang sayekti

Banjur kitab,nabi rasul

Kyamat qada qodar yektos

 

Allah iku sembahanku

Tanpa rama miwah tanpa ibu

Mahalanggeng ora bakal ana akhir

Mahakwasa  mahaagung

Maharaja rajaning ingong

 

Malaikat puniku

Cacahe sepuluh  kang satuhu

Angka siji asma malaikat Jibril

Kajibah ndhawahke wahyu

Sabda firman saking Alloh

 

Loro Mikail satuhu

Kajibah ngedum-dum rejekimu

Telu malaikat asmane yeku Israfil

Suk kiamat trompet disebul

Bumi langit kabeh ambrol

 

Papat Izrail satuhu

Kajibah nginceng nyabut nyawamu

Lima Munkar lan  enem asmane Nakir

Kajibah maring roh ndangu

ing lam kubur iku roh

 

Malaikat pitu wolu

Rakib Atid iku kang satuhu

Nyatheti amal manungsa siang ratri

Datan kliwat datan kleru

Banget jujur datan goroh

 

Kaping sanga Malik satuhu

Njaga nraka dhawuhe Gustimu

sepuluh malaikat Ridwan kang asmi

Njaga swarga siang dalu

sedhih ajrih kabeh adoh

 

Ayo  kitab  dirembug

Torat, Zabur, Injil, Qur’an tuhu

Musa, Dawud, Isa, Muhammad sayekti

Lantaran kang  nampa dhawuh

Wahyu firman saking Alloh

 

Banjur ngrembug para rasul

Selawe asma cacahe tuhu

Siji Adam  slawe Muhammad sayekti

Iku kabeh para rasul

Kang diutus  Gusti Alloh

 

Kiamat uga dirembug

Bumi langit kabeh ajur mumur

Manungsa bingung kadya gabah deninteri

Mring anak bojo ra tepung

Kabeh manungsa dha ndomlong

 

Qada Qadar dirembug

Pepesthen kabeh saka Gustimu

Bungah susah iku ujiane Gusti

Sira tampa kabeh iku

Qada Qadar kanggo uwong

 

 

Wong iman puniku

Marang Gusti Allah sing mituhu

Mundhi  printah ngedohi larangane Gusti

Abot entheng tetep ngestu

Mring dhawuh Gusti Alloh

 

 

Begja-begjane wong ngestu

Mring dhawuh Gusti Allah satuhu

Ayom ayem lan tentrem sajroning urip

ora susah lan ora kemrungsung

kuwatir blas ra rinaos

 

 

 

 

Rukun Islam puniku

Sahdat,salat,pasa kang katelu

Kapat zakat limane  ibadah kaji

Lima kabeh kudu katut

Rasa entheng apa abot

 

Sahdat iku pangaku

Allah Pangeran Muhammad rasul

Mring kekarone atimu tansah ngakoni

Nindakke sabarang dhawuh

Salat dikir aja adoh

 

 Aja lali pasamu

 Ing  Ramadan dadekna lakumu

 Zakat mal, zakat fitrah, aja dha lali

 nindakke kaji kang mabrur

 mundhi dhawuh saka Alloh.

 

 Mung iki aku matur

 Ngapuranen yen kokanggep nglantur

 Dudu niyat karepku arep ngguroni

 Namung pengin tutur sembur

Yen sliramu krasa cocog.

 

Omah Geguritan Kowen-Sewon, 19-7-2021

Wengi Riyaya Qurban

ooo000ooo

 

 

 

 

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

GEGURITAN PAHLAWAN

Geguritan Jaman Kalabendu