Crita Lelembut : Thuyul Menehi Dhuwit

 




Thuyul Menehi Dhuwit

Thuyul, miturut gotheking wong akeh, mujudake lelembut sing tansah gawe rugi jalaran seneng nyolong dhuwit. Nanging, ana kedadean sing nyempal saka adat. Kanyata ana thuyul sing tumindak becik, yaiku menehi dhuwit marang wong sing babar blas ora nate srawung karo thuyul iku. Apa maneh ngingu thuyul, ora!

Sebut wae jenenge nganggo jeneng singlon, Yu Tinah. Wong wadon iku daleme asli  ing salah sijine kampung ing wewengkon  kecamatan ing Gunungkidul iring lor wetan, cerak karo tapel wates Yogya-Jateng. Durung suwe iki,Yu Tinah ngalami kedadeyan kang ngeram-eramke. Sajerone rong wengi diwenehi dhuwit cacahe nganti Rp 1.200.000,00 (sayuta rong atus ewu rupiah). Sing menehi dhuwit iku lelembut wujude bocah cilik kang lumrahe sinebut thuyul.

Critane mangkene:

            Yu Tinah manggon ing omah sing kerep suwung. Omah kasebut dienggoni ya mung yen ana keluawarga sing lagi mudhik saka kutha liya, mligine Jakarta. Ngepasi malem tanggal 28  Ramadan tahun 1441 H kepungkur, utawa tanggal 21 Mei tahun 2020 wingi, Yu Tinah rumangsa sayah awake. Mula, bubar salat ngisak lan wiridan, tumuli enggal turu, angler banget.

Durung sawetara suwe anggone turu, Yu Tinah rumangsa keganggu. Sikile kaya diithik-ithik uwong. Bareng tangi, kanyata temenan. Sing ngithik-ithik iku wujude bocah cilik gundhul. Bocah iku banjur ngulungi dhuwit pirang-pirang lembar. Wujude dhuwit abang-abang utawa atusan ewu.

            “Emoh, emoh, aku gak butuh dhuwit!” kandane Yu Tinah kang durung suwe mudhik saka Jakarta (wektu Yu Tinah mudhik, durung ana larangan mudhik gayutan karo  pandhemi Covid-19). Angkahe mono sesuk bubar Riyaya Idul Fitri banjur bali menyang Jakarta. Eman, sawetara wektu, pemerintah  nglarang warga pemudhik bali menyang Jakarta.

Bali bab thuyul mau, Yu Tinah kandha yen ora nampa dhuwit iku. Bocah cilik iku banjur ngathungake dhuwit tumuju penere dhompete Yu Tinah kang gumlethak ing meja cedhak dipan papan turune.Bocah cilik banjur lunga. Yu Tinah bali turu.

Esuke, saiba kagete, nalika Yu Tinah njupuk dhompet sing gumlethak ing meja cedhak dhipan, rumangsa yen dhompete tambah kadhel lan antep. Bareng dhompet kabukak, Yu Tinah ngungun banget. Isine dhompet tambah limang lembar dhuwit atusan ewu. Dadi, isine dhompet tambah limang atus ewu rupiah!

Dina kuwi, esuk tekan bengi  pikirane Yu Tinah ora jenjem. Ewa semono, sedina ora ana kedaeyan apa-apa. Nanging atine mesthi wae tansah mikir dhuwit nyala wadi iku. Wengine, kaya padatan, Yu Tinah nindakake sembahyang salat isak lan banjur wiridan. Bubar iku banjur turu angler. Kedadean wingi bengi dialami maneh dening Yu Tinah. Ing satengahe turu, sikile dithik-ithik uwong. Bareng tangi, Yu Tinah weruh ana bocah loro sing ngithik-ithik sikile. Siji, bocah sing ngithik-ithik wingi bengi kae lan ana bocah siji maneh. Uga kaya wingi bengi, bocah-bocah iku ngulungi dhuwit marang Yu Tinah.

“Gak, aku gak butuh dhuwit!” kandhane Yu Tinah persis wingi bengi. Bareng dhuwit ora ditampa, bocah-bocah iku ngathungake dhuwit tumuju penere dhompet kang gumlethak ing meja cedhak dhipan, banjur lunga. Yu Tinah uga banjur bali turu.

Esuke Yu Tinah tansaya kaget, dhompete tambah kandel lan anteb. Bareng dibukak, gandrik! Dhuwite Yu Tinah tambah maneh. Dietung-etung, tambah maneh pitung atus ewu. Dadine, rong wengi dhuwite Yu Tinah ditambahi dening bocah-bocah iku gunggung Rp 1.200.000,00 (sayuta rong atus ewu rupiah).

Dening sisihane, dhuwit mau dienggo blanja neng pasar, payu. Dadine ora ana bab utawa kedadean aneh gayutan karo dhuwit mau.Nanging, atine Yu Tinah saya ora jenjem. Merga kuwatir ing tembe nemahi bab sing ora kepenak, Yu Tinah kepengin ngundang ustad dan sedulur-sedulur saperlu diajak ndedonga ing omah kono kanggo nundhung bangsane lelembut, mligine thuyul loro sing menehi dhuwit iku. Mbok menawa, ing pikirane Yu Tinah ana penemu mangkene,”Thuyul iku bangsane setan. Setan iku akale werna-werna kanggo nyilakani manungsa. Aku ora gelem kapusan dening setan!”

“Aku sarujuk, Bu!” ngono kandhane kakunge.

Temenan, ing wektu kang ditemtoke, Yu Tinah sekeluarga padha maca surah Yasiin, wirid lan donga ing omah kono, dipadhegani sawijining ustad. Alhamdulillah, tekan crita iki penulis aturake marang para sutresna DL, miturut pawarta, Yu Tinah tetep rahayu ora nemahi kedadeyan sing aneh, tetep slamet. Thuyul-thuyul iku  ora bali maneh. (eSWe Sidi)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

GEGURITAN PAHLAWAN

Geguritan Jaman Kalabendu