Gajah-Gajah Ora Genah Alas gung kebak gajah bambung Nyrudug-nyrudug gedrug-gedrug Nrejang palang, murang sarak nyingkiri bebener Bumi kedher, horeg geger mawut-mawut Marmut-marmut caos pemut nora diturut Gajah-gajah saya ora genah Midak rapah nrejang paugeraning Allah Donya dadi bubrah Gajah mung bisa kalah dening semut-semut kang sengkut nyawiji ing ati, nyawiji ing karya linambaran donga mring hyang Widhi Wasa OGK, Januari 2024