CERKAK "PESUGIHAN"
Dening : eSWe Sidi
“Sugihe Simin pancen ora umum,” grenengku. Wong iki pancen ngedab-edabi
kesugihane. Iku katon ing omahe kang gedhene ora mekakat. Omah cekli ing
pinggir dalan Yogya-Wonosari. Kejaba gedhe, uga endah dening ornamen campuran
Jawa-Eropa. Ana cakrik joglo, ana cakrik loji. Ana garasi ing iring kiwa
bangunan pokok, katon mobil kaparkir ing kono. Ora mung siji! Biyen-biyene Simin
iku wong kere pitulikur. Nanging, wong urip iku kaya rodha. Ah, paribasan iki
kuna nanging tansah pas kanggo nggambarake uripe sapa wae, klebu Simin iki.
“Pancen pas aku mrene jalaran lelakon uripe Simin iku pantes yen ditulis
merga bisa dadi kaca benggala marang
liyan,” pikirku.
Lawang gedhe kanthi ukiran mawa wewangunan gunungan iku dakthothok. Wah,
bodhone awakku. Geneya lawang saka kayu
jati kandel iku dakthuthuk-thuthuk nganggo gegere drijiku. Mesthi ora bakal
ngetokke suwara sing bisa keprungu dening sing duwe omah. Aku lingak-linguk
nggoleki pijetan bel, yakin mesthi ana. Tenan, ing iring tengen gawang ana
saklar ireng kanthi gambar lonceng. Dakpijet kanthi mantep. Keperungu suwara,
dudu suwara thet-thet-thet kaya bel umume, nanging gendhing Ganjur saka njeron
omah. Jiaaan, unik tenan! Pancene mono wong sugih kuwi sok aneh-aneh.
Lawang kabuka saka njero. Wong lanang nganggo sarung loreng masem lan
kaos oblong putih nanging wis katon coklat,metu lan aweh pambagya kanthi
grapyak. Wong iku,yaiku Simin, carane nyandhnag ora nggambarake yen wong sugih.
“Mangga, mangga Saking The Bussines,
nggih? Nyuwun ngapunten, wong tuwa ki gampang lali lan pangling,” kandhane Simin,
priya kang wis sawetara wektu tepungan karo aku dhek ketemu ing bandara
Adisucipto biyen. Saka obrolan cekak, aku bisa njupuk dudutan menawa lelakon
uripe Simin bisa katulis ing “Kaca Benggala”, rubrik ajeg ing koranku. Nalika
semana aku wong loro ana kalodhangan wektu kanggo jaluk-jalukan nomer HP. Bab
iku banget gedhe paedahe sebab sawektu-wektu aku bisa “menghubungi” Simin. Nah, dina iki aku ana kalodhangan wektu.
Ngepasi aku oleh tugas hunting
ngliput kegiatan Presiden mbukak bandara anyar
ing Yogya.
Aku banjur diacarani kanthi grapyak semanak. Lungguh ing kursi empuk
mendut-mendut lan disuguhi panganan werna-werna. Simin banjur crita marang aku
lelakone dhek jaman kepungkur kanthi luwih detail.
Simin tepungan marang priya loro saka negara manca, siji kulite putih
sijine kulite kuning. Wektu semana Simin isih dadi tukang becak ing Yogya. Wong
loro kulit putih lan kulit kuning iku takon marang Simin sing isih mlarat
pitulikur kuwi.
“Kowe apa kepengin dadi wong sugih, Simin?” mangkono pitakone saka njeron
jok becak nalika diterke Simin tumuju Malioboro. Pitakon sing ngeget-geti ati.
Ing atase lagi wae ketemu kathik takon kaya mangkono.
“Kepengin ki ya kepengin, Mister. Ning wong garise uripku pancen kudu
mlarat salawase. Pira-pira cara wis dakcoba. Jarene nyambut gawe keras, cerdas,
lan ikhlas iku dadi kunci sukses. Dakcoba jebul malah kapusan, merga saking
banget ikhlase. Wong ikhlas kanyata bisa dadi mangsane wong durjana! Nyoba
maneh nganggo cara spiritual, adus kembang ing tempuran kali wektu tengah
wengi. Eee…malah dicekel massa lan dithuthuki merga dikira maling sing lagi
nyamar. Keri dhewe, kanthi cara golek ingon-ingon thuyul. Dening makelar thuyul
aku diwenehi gendul ireng sing jarene saka dhukun ampuh. Gendul iku isine
thuyul. Aku kudu nayuh gendul saben malem Jemuah Kliwon kanthi tansah
disandhing turu. Sial, nalika aku nindakake upacara nayuh gendul isi thuyul
iku, aku ngimpi gelut. Aku diantemi wong pirang-pirang. Hebate, aku ora kena
diantemi merga tansah bisa daktangkis. Pungkasane, nalika nangkis anteman iku,
tanganku ing alam nyata temen-temen nindakake jurus silat. Tanganku nyenggol
gendul isi thuyul. Pyaar. Gendul tiba ing jrambah, pecah. Isine mawut-mawut.
Jebul gendul iku ora isi thuyul, nanging kapuk kapas teles lan thokolan jagung!
Aku kapusan meneh. Ora tanggung-tanggung. Mahar sing dakwenehke makelar thuyul
iku cacahe rong yuta rupiah. Dhuwit utangan!”
Krungu critane Simin penumpang loro ngguyu kepingkel-pingkel nganti nrocos
eluhe lan bangka wetenge. Nalika tekan Maliobro, penumpang iku mudhun lan isih
kemekelen. Wong loro saka manca iku janji bakal mbiyantu Simin bisane bisa dadi
wong sugih.
“Nggih, nuwun, Mister. Muga-muga aku bisa dadi wong sugih, duwe gedong
magrong-magrong lan mobil akeh kinclong-kinclong!”wangsulane Simin sak kenane
lan ora nggagas babar blas marang janji iku.
“Iki Pak Simin, sing bakal ndadekake kowe dadi wong sugih mblegedhu lan
brewu!” penumpang kulit putih sing wingi kae, nemoni Simin sing lagi methingkring
ing sadhel becak karo nglamun. Wong iku ngulungi buntelan plastik isi pringkilan
cilik-cilik lembut, ireng semu coklat warnane.
“Jabang bayi!”
“Ha ha ha, ra usah kaget! Jarene kepengin sugih, hla iki carane!”
Bule karo kulit kuning kuwi banjur nerangake yen barang iku bibit
tanduran langka. Asale saka daratan pinggir kali Amazon. Banjur jlentrehake
carane nandur. Sesuk nek wis thukul kira-kira dawane godhong 30 sentimeter, Simin
kudu enggal ngabari. Rasah bingung carane ngabari.
“Kaya padatan wae. Nalika Simin katemu
aku wong loro ing ngarep hotel Katulistiwa iki. Enggal ngabari bab tanduran
iki!” kandhane si kulit putih sing ngaku jenenge Kevin Site, ahli tanaman
langka saka Amerika. Si kulit kuning manthuk, mesem.
Winih tanduran iku digawa mulih
dening Simin. Ing dalan wong lanang mlarat iku mesam-mesem nggambarake sesuk
yen bisa dadi wong sugih mesthi wis ora ana sing ngenyek kaya sasuwene iki.
Bisa tuku mobil, omahe gedhong magrong-magrong. Pikiran sumpeg merga ora nggawa
mulih dhuwit sing wangun kanggo Iyem, bojone sing ayu tur lungsuran sindhen
iku, lali babar blas. Simin uga lali yen Iyem ing dina-dina keri iki katon
sajak stres. Ora gelem mangsak, umbah-umbah, lan reresik omah. Bab iku
kawiwitan nalika Iyem dumadakan kandha jaluk pegat.
“Aku ra kuwat ngene iki, Kang! Nek
kahanan ekonomi omah iki ora ana kemajuane, trima kokpegat wae. Aku dakdadi
sindhen maneh, urip bebas lan seneng atine, sawayah-wayah nyekel dhuwit!”
Glerrr. Kaya disamber gelap atine Simin. Hiya wiwit dina iku atine ora jenjem.
Duwe bojo ayu pancen abot, grenenge. Iyem sing ayu kuwi pancen mbiyen dadi
sindhen lumayan kondhang sekelurahan. Wektu kuwi Simin isih keceh dhuwit
jalaran dadi sopir angkot Yogya-Wonosari, uga bagus lan gagah. Mula, gelem wae
Iyem dilamar Simin. Bareng angkutan umum wis ora payu, Simin ganti gaweyan dadi
tukang becak. Uripe malik grembyang. Ekonomine morat-marit.
“Iki mak,” Simin ngulungake dhuwit
pitung puluh lima ewu marang Iyem. Iyem mrengut jalaran dhuwit semono iku ora
kena kanggo nyukupi butuh telung dina. Sing dikuwatirke Simin dumadi temenan.
Iyem nampani dhuwit asiling ngetus kringet kanthi praupan mangar-mangar. Iyem
ngadeg, methentheng, bareng weruh tangane kiwa Simin nyekel buntelan, banjur nyuding
buntelan iku.
“Apa kuwi?”
“Iiiiki, bibit tanduran langka. Iki
bakal nggawa awake dhewe dadi wong sugih, sugih mblegedhu, Mak. Sesuk awake
dhewe duwe omah gedhong, mobil kinclong!”
“Ha ha ha. Kowe saya stress, Kang.
Stres! Stres!” Iyem ngece Simin. Drijine diiringake ing bathuke.
Iyem banjur ngrebut buntelan saka
Mister Kevin iku, diremet-remet, banjur kaya wong kengslupan dhemit, Iyem
nongklik-nongklik, nyebar-nyebar,
ngecret-ecret barang kaya wiji sawi iku. Saka pojok omah, menyang pekarangan,
mubeng-mubeng isih karo nongklik-nongklik kaya patrape pemain jathilan ndadi.
Pungkasane Iyem nggeblag, semaput.
Dina-dina sabanjure Iyem saya ora kena dikendhaleni. Seneng muring-muring,
arang-arang adus, ora ngurus bale somah.
Ana owah-owahan nalika sawjining
dina Simin rumangsa ngungun, dene ing pekarangan ngarep omahe tuwuh thukulan
wit sing aneh. Wit kang godhonge jembar, dawa, lan muntir-muntir kaya keris.
Gonta-ganti dina, wit-wit sing thukul iku saya ngrembaka.
“Iki mbokmenawa thukulane wiji saka
wong manca iku! Sing disebar-sebar Iyem kae!”
Kanthi telaten wit-wit iku diopeni
dening Simin, dibedholi, lan dilih ing pot-pot sak anane, kaya ta : bathok,
kaleng, ember pecah, tenggok bejot, besek, lan sapanunggalane.
Simin kelingan welinge Mister Kevin
biyen kae. Mula, Simin aweh kabar marang wong manca iku.
“Oh, ya? Good. Good!” kandhane Mister Kevin
sumringah. Banjur katon ngrogoh sak, ngetokake HP, lan cas-cis-cus omong. Ora
suwe, katon ana Pajero abang marun teka ing papan kono. Lawang dibukak. Wong
kulit kuning metu. Simin digeret mlebu mobil kang banjur mlayu banter banget.
Simin bengok-bengok,”Aku ki arep
digawa menyang ngendi, Mister? Hla becakku, becakku kae ….piyeeee?”
Bengoke Simin ora dipaelu. Simin
merem merga wedi. Lagi sepisan iku dheweke numpak mobil bantere kaya thathit.
Sak jeg jumleg, najan biyen nate dadi sopir, nanging yen nglakokke mobil
bantere kaya ngono kuwi durung tau!
“Alamate omahmu komplet, ngendi, Pak
Simin?” si kulit kuning kang nyopir mobil iku, bengok-bengok takon marang
Simin. Karo tetep merem, Simin kandha yen omahe ing Alas Amba, RT 01 RW 21,
Bedoyo, Ponjong, Gunungkidul. Mobil saya banter. Ngogel-ngogel, munggah mudhun.
“Iki omahmu?” Mister Kevin takon
marang Simin. Simin dituntun metu saka mobil jalaran isih katon bingung, dene
ngerti-ngerti wis tekan ngarep omahe. Tanpa rembugan werna-werna, Mister Kevin
njupuk wit aneh saka pekarangane Simin, cacah papat, kang diwadhahi ember
pecah. Simin digandheng Mister Kevin, diajak ngadeg adhep-adhepan. Mister Kevin
ngulungi dhuwit atusan ewu pirang-pirang lembar karo mbopong wit aneh. Si kulit
kuning jeprat-jepret moto, banjur manggul kamera shooting. Simin plonga-plongo. Mister Kevin lan si kulit kuning
mlebu mobil nggeblas. Sadurunge aweh pesen yen sapa wae aja oleh tuku wit iku.
Sesuk kabeh bakal dituku Mister Kevin. Simin dijaluk supaya njaga uwit-uwit iku
aja nganti dicolong wong.
Sawetara iku, Iyem sing kawit mau
nginjen saka bolongan lawang bobrok, banjur metu, nyedhaki Simin sing isih
mlongo karo nggegem dhuwit atusan ewu pirang-pirang. Iyem mlaku alon-alon, ngunthul-ngunthul,
banjur nyaut dhuwit iku. Simin kaget nanging banjur mesem. Atine ayem.
“Tenane, Iyem ora edan. Wong edan
kok ngerti dhuwit.”
Nalika Simin
nututi bojone kuwi, kanyata Iyem wis pinjungan anduk lagi bubar adus. Ambune
sembrebet wangi kaya peri. Iyem mesam-mesem karo nembang Yen Ing Tawang Ana
Lintang. Iyem katon ayu tenan. Iyem mlebu kamar, ditututi Simin. Lawang ditutup
rapet.
Sorene, kampung Alas Amba geger.
Jalaran Simin lagi wae mlebu TV swasta karo wong kulit putih. Si kulit putih
aweh keterangan yen lagi wae tuku wit langka saka Simin cacah papat. Regane
rong yuta rupiah. Wit iku jenenge Anthorium
Apuciae. Klebu jenis wit langka lan aneh, bisa netralake hawa kang reged
dening polusi, bisa nekakake rejeki!
Hiya wiwit dina iku, Uripe Simin
malik grembyang. Wong-wong padha rame-rame tuku bitit Anthorium Apuciae saka Simin. Regane larang, nanging wong-wong
gelem nuku tanpa ngenyang. Suwe-suwe saben wong kepengin kaya Simin. Nangkarake
wit iku lan kepengin adol kanthi rega saya larang. Saben wong nandur. Kabeh
wong adol. Sapa sing tuku? Hla kabeh wong padha nandur! Wit iku wis ora ana
regane maneh. Diwenehi tanpa mbayar wae, wong ora arep. Dienggo pakan wedhus,
ora doyan!
“Saiki, Anthorium Apuciae ora payu, Mister! Sedhela maneh aku bali dadi
tukang becak. Biyen mlarat, bali mlarat!” Simin sambat marang Mister Kevin ing sawijining
restoran mewah.
“He, he, he, waton wong-wong ing
kene duwe sipat kepengin sugih tanpa perlu kringeten lan mikir, kowe tetep
bakal dadi wong sugih, Pak Simin. Wis, ta….Sesuk bakal dakciptakake tanduran
anyar. Jenenge Anthorium Apusanae!”
kandha ngono Mister Kevin karo nyenggol lengene Simin. Wong loro padha ngguyu cekakakan.
Iyem, bojone Simin metu lan nyalami
aku. Ayu tenan wong iki, batinku. Aku pamit kanthi nggawa bahan tulisan kang
bakal ngrenggani koranku.
Omah
Geguritan, Kowen, Juni 2019
*Kamot ing Djaka Lodang No 02/ Juni 2020
Komentar
Posting Komentar