CERKAK TRESNA MUSNA ING PUCUKING DINA
Tresna Sirna ing Pucuking Dina
Dening: eSWe Sidi
Aku
ngenteni kowe ing kene. Udane deres, sangsaya deres. Aku wus lungguh ing kene
telung jam suwene. Katone kowe ora bakal teka. Iku gawe atiku nelangsa.
“Wis
suwe , Mas?” pitakonmu marang aku. Tembung cekak nanging tumrap atiku,
tembungmu iku marakke njelu. Cetha yen aku lan kowe kangsen jam semene, ing
kene. Banjur dak enteni nganti pirang-pirang jam, kowe durung teka, kathik
ndadak takon mengkono. Cetha suwe,ta. Malah banget suwene.
“Durung,
lagi telung jam,”wangsulanku cekak uga. Yen atimu lantip mesthi krasa yen
wangsulanku kuwi ngemu surasa pait. Luwih pait katimbang bratawali. Nunggu
suwene telung jam ing kafe ndesa sing kahanane ora tumata iku dudu bab kang
entheng. Musik sing disetel dening operator sound
system pating gedhombreng. Para tamu, guyune keprungu sengak. Juru ladi
sandhangan disawang njelehi. Pesen kopi rong gelas wae, suwene ora mekakat
anggone ngeteri.
“Apa
ndadak tuku kopi menyang Amerika dhisik apa kepriye…” batinku. Cekake kabeh
njelehi. Kowe nemtoke papan kanggo ketemu wae kok kaya mangkene. Wis, wis….
Krungu wangsulanku, praupanmu njengkerut, garis-garis
ing bathukmu ngisut. Rambutmu teles kok ore. Raimu pucet, nanging ayumu
panggah. Isih kaya wektu-wektu wingi. Mesthi wae dhekike pipimu uga ora owah.
Lambemu uga isih kaya biyen. Nggula sathemlik, ngono nek dicandra tiru buku
wulangan basa Jawa ing SD biyen. Cekake, kowe isih kaya biyen. Embuh atimu. Ah,
lamunanku ngayawara....
Angin
tumiyup banter, sangsaya banter. Wit-witan ing sakiwa tengenku mubeng-mubeng
lan ana pang kang sempal. Kaya atiku wektu iku.
Barengan karo kilating thathit lan kasusul gumlegere
bledheg, kowe teka mak jedhul. Mlaku saka parkiran. Payung ireng kok seleh
sawise kok ingkupke. Sithik beda karo lamunanku mau, polatanmu kaku. Rambutmu
awut-awutan. Kowe ngguyu, nanging katon yen kepeksa. Lambemu pucet sithik, ora
abang kaya adate. Untumu kang
putih-putih tharik-tharik, sakeplasan katon, bareng karo tembungmu kang gawe
rasa atiku ora karu-karuan.
“He, he, he. Sing gedhe pangapuramu, ya, Mas Bram! “
“Wus dakcawisake wiwit wingi,”
“Apane?”
“Jare njaluk ngapura...”
Udan ora mendha. Hawa adhem nyokot balung. Thathit
kelap-kelip. Kahanan saya sepi. Musik, saiki mung keprungu lirih, kalah karo
kumrosaking gegodhongan kang kabuncang angin. Senajan durung bengi, nanging
kahanan ing njaba katon peteng.
“Apike
kepriye, Mas? Aku bingung.”
“Kok
aku sing kok takoni?”
Sepi. Pacelathon mandheg. Yuli mimblik-mimblik.
Lambene kedher.
“Hla
aku kudu kepriye, Mas?”
“Malah
takon maneh!”
Yuli nangis nggembor-nggembor. Ben wae, ora bakal ana
wong krungu marang tangise. Ben wae, supaya rasa seseg ing dhadhane bisa
kasuntakake. Kepengin aku ngranggeh pundhake, banjur dak kekep awake. Supaya
tentrem atine, supaya tresnaku kawistara. Nanging apa mung kaya mangkono iku
bukti tresna? Cethek temen!
Apa wae bisa katindakake dening aku wong loro wektu
iku. Kahanan nyengkuyung. Komplek kafe
banget sepi. Gazebo mapan ing
pojokan, adoh saka panyawang mripate tamu liya utawa pramuladi lan petugas kafe. Aku ora bisa kumecap, aku ora bisa
ngingset lungguhku nyedhaki wanita ayu iku. Aku ora duwe kekuwatan. Begjane,isih
ana kekuwatan ngendhaleni ringute bantheng ketaton ing jiwaku.
“Aku pasrah, Mas!”
“Marang kahanan, marang wong tuwamu, apa marang sapa?”
“Aku isin yen matur prasaja.”
“Apa aku iki wis dadi tukang ngisin-isin sasuwene
iki?”
Yuli saya nggembor-nggembor. Nanging gemborane ora
bisa ngalahake kumisise angin campur udan, kumrosake wit-witan. Awakke katon
lemes. Kepengin aku nyangga nganggo tanganku sing kukuh bakuh iki. Nanging aku
wedi yen nganti tumindak luwih.
Wong loro banjur meneng-menengan wae. Aku kepengin
omong, nanging omong apa? Jer kabeh wus putus. Wong tuwane wus mutusake. Aku
ora bisa nduwa. Aku ngerti, aku iki sapa. Aku dudu apa-apa, aku dudu sapa-sapa.
Cek, cek, cek….Keprungu suwara cecak saka empyak gazebo iku. Cecak loro mecungul saka
usuk, oyak-oyakan. Banjur cokot-cokotan lan uleng-ulengan,pepasihan. Yuli
ndengangak, semono uga aku melu nyekseni sesawangan iku.
“Mas….Ngapuranen aku. Abot tenan lelakon iki.”
“Aku wis ngerti lan nyekseni,” kandhaku alon. Dhadha
krasa seseg. Yuli menyat saka lungguhe, mlayu ninggalake aku nggawa tangis kang
gawe atiku miris. Udan deres lan angin pinusus ora dipaelu. Yuli mlayu tumuju
parkiran. Payung ireng ditinggal ngono wae. Ora let suwe, katon mobile Yuli
nggeblas bablas nerjang deresing udan.
Aku, wong lanang kang sugih kekurangan iki ora duwe
daya ngadhepi kahanan iki. Telung sasi sawise kedadean iku, aku nampa undangan
saka Yuli. Saiki dheweke wus ana sing duwe. Sakabehing gegambaran kang dak
coret-coret bareng dheweke sasuwene iki ilang dening amukaning lesus kang
ambuncang.
Ponjong,
24 Januari 2022
Komentar
Posting Komentar