Geguritan Iki Potretmu (?)

 


Iki Potretmu

Iki potretmu(?)

Daksawang, dakgrayang gawe pikirku gonjang ganjing

gawe tangis ing atiku

 ngeres lan jempling-jempling

 

Potretmu kokpasang ing ngendi-endi papan

ing gedheg gardhu pinggir prapatan lan ing wit-witan

malah uga ing tembok kuburan.

 

Potretmu ngguyu-ngguyu mring kabeh wong mlaku

marakke seseg ing dhadhaku

jalaran mawa tulisan ing tengah dasimu :

Pilihen aku!

Ah, nangis kekejer atiku. Kowe katon wis dudu.

 

                        Omah Geguritan Kowen (OGK), Januari 2024

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

GEGURITAN PAHLAWAN

Geguritan Jaman Kalabendu