Postingan

Gambar
  Gajah-Gajah Ora Genah Alas gung kebak gajah bambung Nyrudug-nyrudug gedrug-gedrug Nrejang palang, murang sarak nyingkiri bebener Bumi kedher, horeg geger mawut-mawut Marmut-marmut caos pemut nora diturut   Gajah-gajah saya ora genah Midak rapah nrejang paugeraning Allah Donya dadi bubrah   Gajah mung   bisa kalah dening semut-semut kang sengkut nyawiji ing ati, nyawiji ing karya linambaran donga mring hyang Widhi Wasa OGK,  Januari 2024    

GEGURITAN PAHLAWAN

Gambar
  Pahlawan Kuwi Sapa Apa kang wus koktindakke geneya sliramu ngaku dadi pahlawan maju ing palagan, sliramu durung kawruhan tetulung mring sasama, durung ana kang nggawa pawarta nora ana wong rumangsa sliramu nyipta barang kang piguna.   Pahlawan? Apa hiya, pahlawan iku sing pinter omong ing kene kana? Apa hiya, pahlawan iku kang ngudhar-udhar alaning liya? wegig nguntir-untir   ukara, pengung ing karya?   pahlawan iku, kang nora ngaku pahlawan! pahlawan iku kang sesingid ing guwaning Bathara Wektu nyebar ganda arum lumantar kembanging Bathara Bayu kang weh resep atining kawula lumantar karya kang tanpa cinoret asma-asma                                                 Omah Geguritan, 15-8-2023    

Geguritan Iki Potretmu (?)

Gambar
  Iki Potretmu Iki potretmu(?) Daksawang, dakgrayang gawe pikirku gonjang ganjing gawe tangis ing atiku   ngeres lan jempling-jempling   Potretmu kokpasang ing ngendi-endi papan ing gedheg gardhu pinggir prapatan lan ing wit-witan malah uga ing tembok kuburan.   Potretmu ngguyu-ngguyu mring kabeh wong mlaku marakke seseg ing dhadhaku jalaran mawa tulisan ing tengah dasimu : Pilihen aku! Ah, nangis kekejer atiku. Kowe katon wis dudu.                           Omah Geguritan Kowen (OGK), Januari 2024  

Gaguritan Aja Cakar-Cakaran

Gambar
  Aja Cakar-cakaran Cah bocah, aja cakar-cakaran Rebutan apa, ta? Rebutan permen, karet, apa watu dhakon? Kabeh iku mung barang sepele, ora mingsra! Tanpa guna   Delengen kae! Bocah gedhe-gedhe padha cakar-cakaran sak geleme Delengen kae! Cah gedhe-gedhe padha cakar-cakaran esuk, awan, sore Antem-anteman, thuthuk-thuthukan, gebug-gebugan Wusana raine pating cloreng, pipi abuh, bathuk remuk Mripate lamur, pikirane saya kuwur   Cah-Bocah, aja cakar-cakaran, ya! Kene dolanan wae sluku-sluku bathok Mripat   mlorok sinambi ndelok Bocah-bocah gedhe pating plorok Ning atine merem, tembung-tembunge gawe ati njarem                                       Omah Gegutritan, Kowen-Sewon, Januari 2024    

CERKAK TRESNA MUSNA ING PUCUKING DINA

Gambar
  Tresna Sirna ing Pucuking Dina Dening: eSWe Sidi               Aku ngenteni kowe ing kene. Udane deres, sangsaya deres. Aku wus lungguh ing kene telung jam suwene. Katone kowe ora bakal teka. Iku gawe atiku nelangsa.             “Wis suwe , Mas?” pitakonmu marang aku. Tembung cekak nanging tumrap atiku, tembungmu iku marakke njelu. Cetha yen aku lan kowe kangsen jam semene, ing kene. Banjur dak enteni nganti pirang-pirang jam, kowe durung teka, kathik ndadak takon mengkono. Cetha suwe,ta. Malah banget suwene.             “Durung, lagi telung jam,”wangsulanku cekak uga. Yen atimu lantip mesthi krasa yen wangsulanku kuwi ngemu surasa pait. Luwih pait katimbang bratawali. Nunggu suwene telung jam ing kafe ndesa sing kahanane ora tumata iku dudu bab kang entheng. Musik sing disetel dening operator sound system pating gedhombreng. Para tamu, guyune keprungu sengak. Juru ladi sandhangan disawang njelehi. Pesen kopi rong gelas wae, suwene ora mekakat anggone ngeteri.           
Gambar
  IKRAR SYAWALAN KELUARGA BESAR SMKN 2 SEWON JUMAT, 13 MEI 2022 DI WARUNG OMAH SAWAH (WOS) Assalamu’alaikum wr.wb Bismilahirahmanirahiim Alhamdulillahirabbil’alamiin Washolatu wasalamu’ala asrafil anbiyai wal mursalin Muhammadi wa’ala alihi washahbihi ajma’in Kasuwun para rawuh nirokaken !   IKRAR Kula sedaya, keluwarga ageng SMKN 2 Sewon, kanthi lila legawa ngandharaken ikrar 1.     Ingkah dhawah anem, kepareng ngaturaken sungkem saha bektos kagem para ingkang dhawah sepuh/wredha. Ngaturaken sugeng Riyaya Idul Fitri tahun 1443 H/ 2022 M. Mugi-mugi para ingkang dhawah sepuh ngapunten ing sedaya kilap ingkang  sengaja menapa dene mboten kasengaja sampun  katindakaken dening para mudha dhateng para ingkang dhawah sepuh/wredha. 2.     Ingkang dhawah sepuh/wredha ngaturaken salam taklim dhateng para ingkang dhawah mudha. Mugi-mugi para ingkang dhawah mudha kanthi lila legawa ugi kepareng ngapunten ing sedaya kilap ingkang tumanduk dhumateng para ingkang dhawah sep

CERKAK "PESUGIHAN"

Gambar
  Dening : eSWe Sidi “Sugihe Simin pancen ora umum,” grenengku. Wong iki pancen ngedab-edabi kesugihane. Iku katon ing omahe kang gedhene ora mekakat. Omah cekli ing pinggir dalan Yogya-Wonosari. Kejaba gedhe, uga endah dening ornamen campuran Jawa-Eropa. Ana cakrik joglo, ana cakrik loji. Ana garasi ing iring kiwa bangunan pokok, katon mobil kaparkir ing kono. Ora mung siji! Biyen-biyene Simin iku wong kere pitulikur. Nanging, wong urip iku kaya rodha. Ah, paribasan iki kuna nanging tansah pas kanggo nggambarake uripe sapa wae, klebu Simin iki. “Pancen pas aku mrene jalaran lelakon uripe Simin iku pantes yen ditulis merga   bisa dadi kaca benggala marang liyan,” pikirku. Lawang gedhe kanthi ukiran mawa wewangunan gunungan iku dakthothok. Wah, bodhone awakku. Geneya lawang   saka kayu jati kandel iku dakthuthuk-thuthuk nganggo gegere drijiku. Mesthi ora bakal ngetokke suwara sing bisa keprungu dening sing duwe omah. Aku lingak-linguk nggoleki pijetan bel, yakin mesthi ana. Tena