Cerkak Sirine ing Tengah Wengi
Sirine ing Tengah Wengi
Dening : eSWe Sidi
Sawitri
lungguh ing kamar tunggu Klinik Nur Abbas kanthi ati ora jenjem. Bola-bali
ngingsetake bokong.Bola-bali mrenahake maskere kang ora ngalami owah-owahan.
Mengo ngiwa, katon akeh wong lungguh kathi praupan pucet. Mengo nengen ora
beda. Malah akeh bocah sing rewel. Kepara ana sing nggronjal-ngronjal saka
gendhongane ibune. Katon ibune nyoba ngeneng-nengi anake kanthi teteke, nanging
si bocah nduwa, banjur nangis kekejer.
Awit esuk awake Sawitri krasa
mriang. Irunge tansah mili wae. Kala-kala watuk. Sirahe krasa lumayan mumet.
Awake adhem panas. Mula dheweke njaluk marang Agus, bojone supaya dipriksakake.
“Mas, aku diterke nyang
klinik, ya? Awakku kok kaya ora beres kiyi.”
Agus manthuk lan rumangsa
seneng dene sisihane njaluk dipriksakake. Ora kaya adate, yen katon mriang ora
gelem priksa.
Adate, Sawitri angele ora
mekakat nek dikon priksa marang dhokter nalika ana tandha-tandha mriang. Ning
iki mau tanpa dikon, njaluk dipriksakake. Jan-jane Sawitri wedi nek nganti
disuntik. Mula, dhek sasi wingi ana kalodhangan wektu vaksinasi kanggo nyegah
ketularan lelara Covid-19 ing kelurahan, ora enggal melu. Bareng krungu pawarta
yen saya akeh wong lara Covid-19 nganti ajal, lagi gelem mangkat vaksinansi. Kuwi
wae ndadak nganggo padu karo bojone.
Sawitri diundang dening dokter. Atine kumesar. Banjur
kepriye asile tes swab antigen mau? Apa hiya aku kena Covid-19? Ngono batine.
Sawitri mlebu ing ruang dokter. Mimblik-mimblik.
“Kodratullah, kula suwun Ibu nampi kawontenan niki
kanthi ikhlas. Sedaya penyakit wonten tambanipun, Bu. Begja, penjenengan sampun
ndherek vaksinasi satemah gejalanipun mboten awrat,” ngendikane dokter Ferry
marang Sawitri.
“Wosipun, kados pundi,Dhok?” pitakone Sawitri kathi
rasa kebak ing rasa was-was. Luhe saya nrocos.
“Panjengan positif Covid-19!” ngendikane dhokter karo
ngulungake hasil tes swab antigen.
Dhokter banjur ngendika
akeh-akeh sing intine Sawitri ora perlu wedi.Sawitri kudu nindakake isolasi mandhiri
(isoman) suwene rong minggu. Ora kena lelungan, ora kena gepok senggol karo
sedulur utawa tangga teparo supaya ora nulari wong liya. Gepok senggol karo
bojo uga ora kena. Kudu akeh ngombe banyu putih anget, maem sing cukup lan
bergizi, ngaso sing cukup, kudu tansah nganggo masker, kudu kerep cuci tangan,
pikiran sing adhem ayem, akeh anggone ndedonga nyuwun waras marang Sing
Mahakuwasa. Lan isih akeh maneh welinge dhokter.
Wiwit dina kuwi Sawitri
nindakake isoman. Cukup ing ngomah, merga gejalane ora abot. Upama abot, kudu
isoman ing shelter khusus. Napas isih
normal. Awak ora pati panas, mung 38,5 derajad Celcius. Mung wae dheweke
ngalami anosmia, kelangan fungsi
indera penciuman. Sawitri lan Agus kudu pisah kamar. Yen krasa apa-apa Sawitri
bakal enggal kandha marang bojone sing banget tresnane kuwi. Yen adate sawitri
sing ngladeni Agus, saiki kudu diwalik. Agus kang ngladeni keperluwane Sawitri.
Sawitri getun banget dhek
emben dipenging ora usah layat dhisik neng nggone Bu Suhadi kidul kono, ora manut.
“Ora ngapa-ngapa, Mas. Wong
Bu Suhadi seda ora merga Covid-19.”
“Dudu merga mayite, Jeng.
Nek neng kana kowe melu kruyak-kruyuk, terus ing antarane wong-wong kuwi ana
sing OTG? Terus gepok senggol karo kowe?”
“Ah, bismillah. Ora bakal
ana apa-apa, Mas. Percaya wae!”
Sidane Sawitri layat. Dina
kuwi pancen ana sripah ing kampung kono. Bu Suhadi kuwi sripah sing kaping telu
ing kampung kono ing sasi Juli 2021 iki. Telung dina sadurunge, Mas Yanto,
merga kena Covid-19. Kasusul Mbah Mugi, normal, ora merga Covied-19.
Apa kang dikuwatirake Agus,
dumadi temenan. Dina candhake, Sawitri wiwit nuduhake gajala : watuk-watuk,
pilek, awake adhem panas, ngalami anosmia. Mula banjur njaluk
dipriksakake. Asile tes swab antigen, positif Covid-19.
Saiki wis oleh patang dina
Sawitri nindakake isoman. Patang dina kuwi dilakoni kanthi rasa sepi kang ora
sabaene. Antarane rasa was-was, rasa kebak pangare-parep enggal mari, rasa wedi mati, tumpleg bleg
dadi siji ing ati. Luwih-luwih, meh saben bengi susul-sumusul keprungu siaran
saka masjid yen ana sripah.
Wengi iki, wis genep pitu,
sripah ing kampung kono sajrone sesasi. Sawise Bu Suhadi, Mas Yanto, lan Mbah
Mugi, kasusul Bu Jiyem. Ora ana etungan jam, kulon omahe ora let omah, Lik
Slamet nyusul. Udakara telung dina sawise iku, Teguh lan Sumarsah uga pralaya.
Kahanan kampung banget tintrim. Sing adate saben-saben keprungu wong wawan
gunem pating clonthet, saiki ora keprungu. Adate keprungu wong padha tahlilan
kanggo sing seda, saiki ora ana. Wong-wong padha wedi kumpul-kumpul. Rondha uga
ora ana.
“Dhuh Gusti, kula nyuwun
mugi Paduka paring enggal saras dhateng kula. Kula nyuwun tamba, ya, Allah....”
mangkono dongane Sawitri ing saben-saben wektu. Anggone ngibadah saya
dimempengi. Maca kitab suci sawektu-wektu. Dhawuhe dhokter kabeh ditindakake.
Obat watuk, obat pilek, obat mumet diombe kanthi tertib. Mangan, ngombe ora
suda, kepara ditikelake. Perkara rasane ora enak blas, ora digagas. Pokoke aku
kudu mari! Ngono batine. Ora lali, saben esuk tansah dhedhe ing wetan omahe
kang ndilalah bawera.
Tengah wengi, Sawitri tangi.
Bab kang wis suwe dilalekake, saiki ditindakake: ngibadah tengah wengi. Najan
adhem njekut, sesuci katindakake kanthi rasa eklas. Banjur manekung, manengku
puja nyuwun marang Gusti kathi kebak ing pangarep-arep. Rampung ngibadah wengi,
banjur ngglethak ing bed. Sawitri
kepengin turu. Rasane ngantuk banget. Rasa ngantuk kang disyukuri jalaran ing
awal-awal isoman tekan saiki dheweke ora bisa turu, awan utawa bengi.
Wengi saya tintrim. Keprungu
suwara manuk guweg saka dhapuran pring mburi omah. Atine Sawitri saya ora
karu-karuwan nalika saka iring lor, kira-kira saka pucuking wit mlinjo nggone
Mbah Arjo, keprungu ocehe manuk emprit gantil. Thiiit, thiiit, thiiit, trililili....
“Mas, njenengan wis sare?”
kandhane sora marang sisihane kang ana ing kamar kidul.
“Heh, ana apa?” Agus
gita-gita marani kamare sisihane. Ora mlebu, mung ungak-ungak.
“Aku wedi, ana suwara manuk
guweg karo emprit gantil. Jarene iku ngalamat arep ana....”
“Huss. Aja werna-werna
pikiranmu, sayang....” kandhane Agus kanthi kebak rasa asih. Jan-jane rasa
atine ora beda karo sing dirasakake sisihane. Ning sipate wong lanang, bisa
ngampet lan dhelikake rasa.
“Wis, gek bubuk. Ndonga!”
“Ya, Mas. Njenengan ya gek
sare, ya....”
Agus menyat arep ninggalake kamare sisihane. Nanging wurung. Saka kadohan keprungu suwara sirine ambulance. Saya suwe saya cedhak, banjur mandheg ing wetan omah. Wetan omah kono pancen omahe Yu Jinten kang uga jejer karo kuburan. Atine wong loro saya ajur. Kelingan yen Yu Jinten wetan kono dhek nem dina kepungkur digawa menyang ruma
h sakit. Merga positif Covid-19. Yu Jinten kuwi wong sing gawene bebakulan ing pasar Niten, kidul kampung Kweni. Dheweke ora percaya ananane lelara Covid-19. Mula, dikon melu vaksinasi ora gelem. Neng ngendi-endi ora gelem nganggo masker.
“Alaaah. Copid-copid
apa....” kandhane karo nyekakak yen ana wong ngomongke pandhemi Covid-19.
HP-ne Agus muni.
“Piye, Pak RT? Ya, ya,ya
nuwun. Innalillahi wa inna ilaihi rajiuun.”
“Protokol Covid, Mas. Warga
ra perlu melu metu!”
“Mas, sapa?” pitakone Sawitri.
“Yu Jinten.”
Wengi saya nglangut. Wong
loro banjur ambyur ing pikire dhewe-dhewe. Agus ninggalake kamare sisihane
banjur ngglethak ing bed. Ngerti-ngerti wus wayah subuh. Langit wetan semburat
abang.
Sepuluh dina sawise wengi iku, wayah sore Agus
lan Sawitri katon lungguh ing kamar tamu.Nunggu rawuhe bapak lan ibune Sawitri
sing jare arep tindak mrono. Saka njaba keprungu suwara jago kluruk. Manuk
prenjak ngganter-ngganter.
Sawitri wus mari anggone
lara. Sawitri nglendhot ing dhadhane sisihane.Praupane katon sumringah lan
tambah ayu.
Omah Geguritan,
nalika isoman, 30 Juli 2021
* Kamot ing Djaka Lodang No 29/ Desember 2021
Komentar
Posting Komentar