Pambagya Harja Resepsi Manten

 

Assalamu,alaikum wr.wb.

Mugi sih wilasa saha berkah dalem Allah, Gusti Ingkang Hamisesa Bawana, tansah rumentah dhateng kula, saha Panjenengan sedaya, samenika sarta ing salajengipun.

Puji syukur miwah pangalembana kunjuk dhateng Allah ingkang sampun paring nugraha kanikmatan awujud kalodhangan satemah kula panjengan sedaya saget kempal manunggal ing papan minulya menika. Nun inggih kagem anjenengi saha hangestreni upacara asok srana saha ijab kabul antawaispun Rara Ayu____________atmaja putrinipun Bpk____________sekaliyan kaliyan Bagus______________atmaja kakungipun Bpk.________________ingkang pidalem ing____________________

Salawat salam mugi katetepna dhumateng Nabi Agung Muhammad saw. Ingkang kaantu-antu pitulunganipun ing dinten kelanggengan.

 

Nuwun, Panjenengan dalem para luhur, para sepuh, sesepuh, miwah panjenenganipun para tamu, mliginipun kadang calon besan/besan nun inggih Bpk.____________ sekaliyan ingkang minulya. Keparenga kula ing riki ingkang kakersakaken minangka sulih sariranipun Bpk saha Ibu___________ langkung rumiyin, senadyan sampun sawetawis lenggah Panjenengan sedaya, ngaturaken pasegahan panakrami, pambagya wilujeng rawuh Panjenengan sedaya.

 

Salajengipun, keparenga ngaturaken sewu  sembah nuwun, miwah sanget genging panuwun, dene Panjenengan sedaya wekdal menika kepareng ngenthengaken sarira, minangkani panyuwunipun Bpk.__________sagotrah, rawuh ing papan menika ngetrepi kados ingkang sinerat ing serat sedhahan.

 

Boten kesupen , ugi kaaturaken mawantu-wantu , sembah nuwun, miwah genging panuwun, dene Panjenengan sedaya para tamu, ugi kepareng paring tandha sih tresna, arupi menapa kemawon, ingkang kakersakaken kaparingaken dhateng anak kula sarimbit, menapa dene dhateng kula kekalih, ingkang kejawi hangentheng-enthengi nanging ugi adamel gumbira miwah mongkoging manah, awit sanget rinoban ing sih tresna Panjenenagn sedaya.

Wonten ing wekdal ingkang sakelangkung sae menika, keparenga kula ugi ngaturaken panuwun kanthi mirunggan, dhumateng tangga tepalih, sanak sedherek, miwah pawong mitra ingkang boten kapiji saking setunggal, ingkang sampun paring panjurung, arupi bandha, tenaga, penggalihan, ingkang saestu adamel rancag kaleksananing kaperluan ing wekdal menika.

Awit saking sedaya kasaenan Panjenengan kala wau, kadosa pundi kula sabrayat boten saged atur piwales, kejawi namung kula unjukaken ing ngabyantara Dalem Allah swt. Ingkang Maha Wikan, ingkang mesthi kemawon boten badhe kekilapan, paring lubering sih ingkang tanpa pepindhan, dhateng Panjenengan sedaya pinangka paring piwales.

 

 

 

 

 

 

 

Para lenggah ingkang sinungga ing pakurmatan, kados ingkang sampun kawuningan, keparenga kula angambali atur, bilih wekdal menika kula nampi nugrahaning Allah, kepareng ngemah-emahaken anak kula estri ingkang nama__________, kula dhaupaken kaliyan Nak Mas_______________atmaja kakungipun Bpk.______________ ingkang pidalem ing__________________________

Wondene ijab kabul sampun/badhe kelampahan rikala__________________ kanthi rancag, nir ing sakara-kara.

            Inggih awit saking kaperluan menika Panjengan sedaya kula suwun rawuh ing papan menika. Boten sanes kula suwun paringipun pangestu dhateng pengantin sarimbit, amrih ing gesangipun ngambah bebrayan, tansah sinongsongan  berkah, lestantun, kadumugen ingkang jinangka, bebrayan ingkang sakinah mawadah warahmah.

            Para tamu ingkang kinurmatan, saestunipun badhe kaleksananing kaperluan menika sampun kula cawisaken, kula tata ing samurwatipun, ewasemanten,bok bilih taksih pinanggih perkawis ingkang nguciwani, kula namung nyuwun lumunturing pangaksami. Jer saestunipun boten wonten sedya badhe kirang anggen kula atur pakurmatan dhumateng para tamu, nanging inggih kabegta saking winatesing samukawis.

            Atur salajengipun, mugi wonten kepareng Panjenengan sedaya, mrayogekaken anggenipun lenggah, mangke bok bilih sampun wonten lumadosing pasugatan ing ngarsa Panjenengan sedaya, mugi wonten keparengipun tumuli angresepi kanthi renaning penggalih, sinambi midhangetaken atur pasugatan panglipur saking pita suwara.

            Mekaten para tamu, aturipun Bpk.___________sekaliyan lumantar kula. Ing wasana, kula ingkang kakersakaken minangka sesulihipun Bpk.___________matur ing ngrasanipun Panjengan sedaya, bok bilih pinanggih galap gangsuling atur, miwah kirang jangkeping tata krami, kula namung cumadhong lumunturing samodra pangaksami.

            Para tamu kantuna pinarak, lenggah amanggiha raharja. Nuwun. Wassalamu,alaikum wr.wb.

                                                Kowen, 1 Januari 2012

 

 

 

eSWe Sidi

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

GEGURITAN PAHLAWAN

Geguritan Jaman Kalabendu