Gurit Kagem Paramarta (1)



Salam!

Sungkem, kagem para pinisepuh ing Paramarta

para Bapak, Ibu papane aku ngangsu

maknane sastra ing tanah wutah getihku

aku dituntun, ditetah wekasan bisa (lumayan) nggenah

ngimpun tembung, ukara, lan wacana (lumayan) dawa

najan kang dakimpun durung ana maknane

durung bisa kajumput piwulange

kang wigati aku bisa ngisi Bantul Pradjatamansari

kanthi laku kang ora ndrawasi

kanthi sumbang sih najan mung wujud kandha

prasaja datan aji

 

Salam!

Mugya Paramarta bisa manjila

ing Ngayogyakarta, Indonesia, syukur ing donya

kanthi wujud sumbangsih sastra kang kebak makna

kang bisa ambuka jiwa-jiwa kang lena

kang dadi panglipur ati kang padha kemba

kang dadi pamberat sengkala-sengkala

dimen donya tansah reja!

 

Omah Geguritan, Kowen-Sewon, 17 Januari 2021

·         Kawaca dening pangripta ing RM Omahe Naerin, Kasongan

 

 

 

 

 

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

GEGURITAN PAHLAWAN

Geguritan Jaman Kalabendu