Gurit Kagem Paramarta (2)

 

Paramarta Tansaha Ngrembaka


Paramarta,

papaning para panggilut susastra Bantul ngudhar kandha  miwah ukara

nyuntak gagasan kang nggubel jiwa

gagasan kang kebak makna tan ngayawara

asiling olah pikir miwah rasa

rasa endah, rasa susah, rasa gumbira

kaesok, kasuntak byak

ati dadi kepenak nora seseg nora sesak

 

Paramarta,

wargane ngrajut paseduluran sak lawase

senajan tekan jamane sesuk lungse

nora ndeleng suku, ras, keyakinan, lan agamane

apa maneh drajad, pangkat, lan umure

kaanggep padha wae

kabeh dianggep jape methe

 

Paramarta,

aku ngaturake ambal warsa

kang daksesuwun,

Paramarta tansaha ngrembaka

Lestari salaminya!

 

                Omah Geguritan, Kowen-Sewon, 16 Januari 2021

·         Kawaca dening pangripta ing RM Omahe Naerin, Kasongan, tanggal 17 Januari 2021

Komentar

Postingan populer dari blog ini

GEGURITAN PAHLAWAN

Geguritan Jaman Kalabendu