Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2021

Gurit Kagem Paramarta (1)

Gambar
Salam! Sungkem, kagem para pinisepuh ing Paramarta para Bapak, Ibu papane aku ngangsu maknane sastra ing tanah wutah getihku aku dituntun, ditetah wekasan bisa (lumayan) nggenah ngimpun tembung, ukara, lan wacana (lumayan) dawa najan kang dakimpun durung ana maknane durung bisa kajumput piwulange kang wigati aku bisa ngisi Bantul Pradjatamansari kanthi laku kang ora ndrawasi kanthi sumbang sih najan mung wujud kandha prasaja datan aji   Salam! Mugya Paramarta bisa manjila ing Ngayogyakarta, Indonesia, syukur ing donya kanthi wujud sumbangsih sastra kang kebak makna kang bisa ambuka jiwa-jiwa kang lena kang dadi panglipur ati kang padha kemba kang dadi pamberat sengkala-sengkala dimen donya tansah reja!   Omah Geguritan, Kowen-Sewon, 17 Januari 2021 ·          Kawaca dening pangripta ing RM Omahe Naerin, Kasongan            

Gurit Kagem Paramarta (2)

Gambar
  Paramarta Tansaha Ngrembaka Paramarta, papaning para panggilut susastra Bantul ngudhar kandha   miwah ukara nyuntak gagasan kang nggubel jiwa gagasan kang kebak makna tan ngayawara asiling olah pikir miwah rasa rasa endah, rasa susah, rasa gumbira kaesok, kasuntak byak ati dadi kepenak nora seseg nora sesak   Paramarta, wargane ngrajut paseduluran sak lawase senajan tekan jamane sesuk lungse nora ndeleng suku, ras, keyakinan, lan agamane apa maneh drajad, pangkat, lan umure kaanggep padha wae kabeh dianggep jape methe   Paramarta, aku ngaturake ambal warsa kang daksesuwun, Paramarta tansaha ngrembaka Lestari salaminya!                   Omah Geguritan, Kowen-Sewon, 16 Januari 2021 ·          Kawaca dening pangripta ing RM Omahe Naerin, Kasongan, tanggal 17 Januari 2021

Pambagya Harja Resepsi Manten

Gambar
  Assalamu,alaikum wr.wb. Mugi sih wilasa saha berkah dalem Allah, Gusti Ingkang Hamisesa Bawana, tansah rumentah dhateng kula, saha Panjenengan sedaya, samenika sarta ing salajengipun. Puji syukur miwah pangalembana kunjuk dhateng Allah ingkang sampun paring nugraha kanikmatan awujud kalodhangan satemah kula panjengan sedaya saget kempal manunggal ing papan minulya menika. Nun inggih kagem anjenengi saha hangestreni upacara asok srana saha ijab kabul antawaispun Rara Ayu____________atmaja putrinipun Bpk____________sekaliyan kaliyan Bagus______________atmaja kakungipun Bpk.________________ingkang pidalem ing____________________ Salawat salam mugi katetepna dhumateng Nabi Agung Muhammad saw. Ingkang kaantu-antu pitulunganipun ing dinten kelanggengan.   Nuwun, Panjenengan dalem para luhur, para sepuh, sesepuh, miwah panjenenganipun para tamu, mliginipun kadang calon besan/besan nun inggih Bpk.____________ sekaliyan ingkang minulya. Keparenga kula ing riki ingkang kakersakake