Geguritan Siluman Corona

 




eSWe Sidi :

Siluman Corona

teka tanpa kandha-kandha

saka Wuhan asalnya, nagri Cina

mabur menyang Italia, Iran, Amerika

miwah negara –negara liya

tan kalis, uga Indonesia

 

Corona iku lelembut  mawa wisa

nggawa sawan wektu bengi miwah awan

manungsa ditujes, dicokot, dikekereg

wekasane pralaya

 

mula, tansaha waspada kanthi sakehing kupiya

njaga karesikaning raga kanthi sabun uga cara liya

njaga karesikaning batin kanthi ndedonga

njaga karesikaning laku, kanthi tumindak utama

mretapa cukup ing griya

nora srawung kanthi tanpa petung

dimen Siluman Corona kasektene buntung!

 

            Omah Geguritan-Kowen, 29 Maret 2020

 

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

URUTAN ACARA ASOK TUKON

Cerkak : Pulung Gantung

Pambagya Harja Mantenan