Teks MC Pengajian

 


Gambar : Penulis menjadi MC Peresmian Masjid Nurulhuda oleh Bupati Bantul,  Drs. H. Suharsono Tahun 2019

MC PENGAJIAN

 

Assalamu’alaikum wr wb.

Alhamdulillahirabbil’alamiin...dst.

Mugi sih wilasa, berkah dalem Allah Swt, karahayon, tansah rinentah dhumateng Panjenengan dalasan kula, samenika sarta ing salami-laminipun.Amin.

 

Para pepundhen, pinisepuh,sesepuh ingkang winengku ing pakurmatan.

Para pangasta pangembating praja ingkang minulya.

Para tamu kakung putri, para kadang, ingkang sutresna.

 

Nuwun sewu, ing ari kalenggahan menika kula tinimbalan saha kadhawuhan dening para kadang panitia pengaosan  ……………….. pinangka panata adicara.

 

Saedrengipun mugi kepareng kula ndherekaken Panjenengan sedaya munjuk puji sukur dhumateng ngarsa dalem Allah Swt. Ingkang sampun paring kasarasan saha kalodhangan wekdal kawistara ing wekdal menika saget sesarengan kempal ing majelis menika kanthi wilujeng nir sambekala sedayanipun.

Salawat saha salam mugi tansah kasok saking ngarsa dalem Allah Swt kagem junjungan kula Panjenengan sedaya ingkang tansaha kaantu-antu pitulunganipun benjing ing dinten kiyamat.

 

Salajengipun, pinangka cecala, kula aturaken urut-urutaning adicara ingkang sampun sinanggit dening para kadang panitia, mekaten :

Angka setunggal         :Pambuka

Angka kalih                 : Atur pambagya harja saking panitia

Angka tiga                  : Waosan kalimat toyibah/ tahlil

Angka sekawan           : Istirahat

Angka gangsal             : Pengaosan saking Bpk.Ustad ___________________________

Angka enem                : Panutup

Para rawuh, saderengipun badhe kaaturaken waosan kalam ilahi dening sedherek..............

Wekdal, sasana kaaturaken. Sumangga !   .................................           

 

Kaaturaken agunging panuwun dhumateng sedherek..................ingkang sampun kersa maosaken ayat-ayat suci Alquran.

 

Para rawuh, salajengipun tumapak ing adicara angka setunggal, pambuka. Mangga adicara kabuka sesarengan kanthi waosan basmalah, sumangga ! ..........................

Matur nuwun. Adicara salajengipun  atur sapala saking takmir masjid Nurulhuda, dhumateng Bpk. Sumarjo wekdal saha sasana kaaturaken. Sumangga..............

 

Matur nuwun kaaturaken dhumateng Bpk. Sumarjo,S.Pd.

Adicara salajengipun waosan kalimah toyibah. Wekdal kaaturaken dhumateng Bpk. Slamet Paidi Sasra Nugraha. Sumangga.

 

Matur nuwun. Adicara salajengpun sumene. Wekdak kaaturaken dhumateng para Mas/Mbak Karangtaruna. Sumangga.

 

Para Bapak/Ibu, para rawuh. Adicara salajengipun Pengaosan saking Bpk. Ustad ……………………….. Sumangga!

 

Matur nuwun dhumateng Bpk. _____________. ingkang sampun paring pengaosan, mugi-mugi wonten manfaatipun. Amin.

 

Para rawuh adicara ingkang pungkasan, panutup. Mbok bilih anggen kula ngaturaken uruitaning adicara kathah kekirangan, kula nyuwun pangapunten. Mangga adicara kapungkasi kanthi waosan hamdalah. Alhamdulillahirabbil alamiin. Wassalamu,alaikum wr.wb.

 

eSWe Sidi

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

URUTAN ACARA ASOK TUKON

Cerkak : Pulung Gantung

Pambagya Harja Mantenan