Teks MC Manten Jawa
Teks MC
Manten
Dening
: eSWe Sidi
Assalamu’alaikum
wr.wb.
Alhamdulillahirabbil’alamiin.
Asholatu wasalamu’ala ambiyai wal mursalin, Muhammadin, wa’ala alihi
wash-habihi ajmaiin.
Bismillahirahmanirrahiim.
Kapurwakan kanthi ngluhuraken asma Allah, ing
pangajab kasugengan miwah karahayon kawilujengan tansah kajiwa
kasarira dhumateng paduka para tamu
miwah jasad kula.
1.
Sangya tamu mudha wredha kakung putri ingkang winengku ing bagya mulya.
2.
Para pinisepuh ingkang pana ing pamawas miwah lebda ing pitutur.
3.
Para manggalaning praja ingkang pantes lamun kinarya pandam-pandoming kaswasih.
4.
Para alim ngulama ingkang hanggung amestuti wosing pustaka suci kinarya tuking
kautamen.
Mugi
lepat ing ila-ila, tebih ing ing tulak sarik miwah siku dhendhaning Gusti
tatkala jiwangga deksura kumawani midak lajering ugering trapsila, nilar tata
krami anerak suba sita kepara tebih saking uda negari, munggel pangandikan,
hanyarwi kamardikan,
awit
kula ingkang kapurba brayat ageng Bp Marsudi
ingkang katemben hamengku karsa,
kinen tutwuri lumampahing acara
pahargyan prasaja tasyakuran kagem sri pengantin kekalih : Rara Ayu Risma Nurnaningsih atmaja
putrinipun Bapak Marsudi + Tukiyah
ingkang pidalem ing Kowen I, RT 01, Timbulharjo, Sewon, Bantul saha Bagus Maruli Baharsyah Lubis jalu tanaya panjenenganipun Bp Sulaiman Efendi Lubis/Ibu Wijayanti ingkang
pidalem ing Notoyudan, GT II/1231 RT 087 RW 024 Pringgokusuman, Gedong Tengen,
Yogyakarta
Kanthi
pikantuk nugrahaning Allah lumantar pangestu sanggya para tamu putra kekalih sampun
hamratitisaken tumapaking gati laksana
ijab kabul rikala dinten Jumat, 13 November 2020.
Mugi-mugi
ponang pinanganten kekalih saged dados keluwarga ingkang sakinah mawadah wa
rahmah.
Sagung
tamu ingkang winengku suka rahayu
Rehning
sampun dumugi ing wahyaning mangsa kala pahargyan tumuli badhe kapurwakani
wondene ingkang dados urut lumampahing acara nun inggih
1.
Pambuka
2.
Kalajengaken gati laksana angka kalih, sabda
pangandika kinarya atur pambagya saking ingkang hamengku karsa mangke badhe
kasarira Bp....
3.
Kepareng manjing acara angka 3 hanenggih sabda pangandika kinarya gatining
karsa saking brayat besan,miterat
pawarata mangke badha kasarira….
4.
Sasampunipun sabda pangandika saking brayat ageng Bp ......, tumuli manjing gati laksana angka sekawan tanggap wacana
panampi ingkang mangke badhe kasarira Ibu Sugiyah.
5.
Manjing gati laksana ingkang angka gangsal Tumapaking Ijab Qobul.
6.
Sumene
7.
Pinangka pungkasaning pepanggihan inggih menika panutup.
Para
tamu, rehne sampun dumugi wahyaning mangsa kala katitik baskara meh panjer ing
sanginggiling mustaka kepareng hambawani pepanggihan kanthi ndedonga, manungkuling puja
hangaturaken puji hastungkara konjuk Allah swt.kanthi pangajab purwa madya
wusana nugraha sumandihing kakinthil saliring bebaya miwah memala mugi sirna
katiyub ing maruta.
Kanthi
lenggah satata
pepanggihan nulya kapurwakani kanthi pandonga konjuk dhateng Allah swt.
Ndedonga kawiwitan… ndedonga cekap.
2.
Manjing gati laksana angka kalih
hanenggih Sabda pangandika kinarya atur pambagyayuwana saking Bp Parimin ,
badhe kasarira dening Bp Mugiyatno
Samekta ing
karya
miwah sawega ing dhiri.panjenenganipun Bp Mugiyatno kasumanggaken, titi
laksana miwah sasana kacawisaken. Kinarya caos
kurmat Bpk Bpk Parimin miwah Ibu, kasuwun jengkar saking palenggahan ngampingi
Bp Mugiyatno ingkang piniji ambabar
sabda pangandika kinarya atur pambagya yuwana.
Mekaten sabda
pangandika saking ingkang hamengku gati pinangka pambagya harja sampun katigas
dening Bp Mugiyatno , manjing gati
laksana angka
3.Pangandikan kinarya gatining karsa
saking kadang bakal besan, Bp Wiji Buang miterat pawarta badhe kasarira dening…
Panjenanganipun Bapak….kasumanggakaken
titi laksana …sumangga katur, sumangga…
4.
Sabda pangandika kinarya gatining karsa
saking brayat besan ……..sampun katigas
dening …….kanthi luwes manising basa miwah basuki ing tembung satuhu tatas
titis tetes datan cewet sarikma pinara sasra
Sanggya
tamu,adicara kalajengaken nun inggih
Ijab Qobul. Saderengipun mangke
badhe kaaturaken waosan kalam Illahi dening sedherek Jumiyanto.
Para lenggah, ijab qobul sampun lumampah lulus rahayu.
Para tamu, roning mlinjo….kepareng ngaso,
Mbok
bilih mangke kinarya hanetetpi darmaning
sutresna kepareng hanampi pisowaning kadang wiranem lumados ngaturaken pasugatan
ingkang sepisan . Mangke sasampunipun waradin, para tamu kasuwun ngresepi
kanthi suka ing wardaya sinartan hangicalekaken raos jiguh pekewuh miwah sangga
runggi.
Bapak
ibu, ingkang piniji ambabar pangandika saking besan tatkala kinarya gatining
karsa ngiras pantes nyuwun pamit, awit saking namining bapak Marsudi, ngaturaken panuwun, ewadene
brayat ageng besan taksih kepareng
lenggah, Bpk. Marsudi badhe nanggapi
kanthi murwat, dene ngersakaken kondur, mboten langkung namung nagaturaken
sugeng kondur mugi basuki rahayu ingkang tansah tinampi.
Pinangka
purnaning pepanggihan, kepareng ibu juru sumbaga hanganthi ponang pinanganten
kekalih jengkar saking sasana palenggahan tumuju korining sasana suka saperlu
nampi jawat asta saha puji rahayu saking para tamu.
Kula
pinangka pambiyawara, kinarya puput pepuntoning atur, damar mancung
cinupet, jenang sela wader kalen
sesondheran apuranta menawi wonten lepat kula.
Adicara
kapungkasi kanthi waosan hamdalah….
Wassalamu’alaikum
wr.wb.
eSWe Sidi
Komentar
Posting Komentar