Teks Masrahke Manten
Gambar : Penulis (Nganggo Surjan) nalika lagi ngayahi tugas
ing adicara resepsi manten
Masrahke Manten
Assalamu’alaikum
wr.wb.
Alahamdulillahi
robbil ‘alamiin....
Mugi karahayon, berkah, saha sih wilasa
dalem Allah Swt. Tansah rinentah dhumateng panjanengan dalasan kula, samenika
saha salami-laminipun.
*Para pepundhen, pinisepuh
ingkang pana ing pamawas miwah lebda ing pitutur.
* Para priyagung
satriyaning negari pangemban pangembating praja ingkang winengku ing
pakurmatan.
* Sanggya para tamu
kakung putri mirungganipun keluwarga ageng kadang besan sutresna, mboten kapiji
sedaya ingkang pantes nampi pakurmatan.
Nuwun sewu, awit saking
keparengipun Bapak ............................. kalenggahan menika kula
katimbalan saha kadhawuhan , kinen ngaturaken menggah ingkang dados wigatosing
sowan kula sarombongan sowan wonten ing papan menika.
Ingkang menika, menawi mangke atur
kula nalisir saking leres, inggih ucap, patrap, tindak tanduk kirang nuju prana
dhumateng ngersanipun panjenengan sedaya, kula nyuwun lumunturing samudra
pangaksami.
Saderengipun mugi kepareng kula
ndherekaken muji sukur dhumateng Ngarsa Dalem Allah Swt.ingkang sampun paring
nugraha tumanduk kula panjenengan sedaya sengga ing wekdal menika saget lenggah
ing pasamuan menika kanthi wilujeng, widada, rahayu nir ing sambekala. Solawat,
salam mugi tansah kasok dhumateng junjungan kula panjenengan sedaya, nun inggih
Kanjeng Nabi Agung Muhammad Saw. Ingkang tansah kantu-antu syafangatipun
benjing ing dinten kiyamat.
Ingkang sepisan, kula ngaturaken
salam taklim saking Bapak....sekaliyan nun inggih tiyang sepuhipun Rara Ayu....tumanduk dhateng Bapak............sekaliyan
tiyang sephipun Bagus.....kanthi Atur :
“Assalamu’alaikum wr.wb”
Ingkang salajengipun, Bapak...............sekaliyan, ingkang
kinormatan. Ing riki kula sowan mboten sanes ndherekaken pinangantyan kekalih
nun iinggih Bagus.........saha Rara Ayu............. ingkang ing wekdal
kapengker awit saking donga pengestunipun para pinisepuh saha para rawuh ing
riki sampun kelampahan kaijabkabulaken kanthi wilujeng nir ing sambekela
sedayanipun.
Ingkang menika pinangten samenika
dipun boyong ing dalem riki. Ing mbok bilih mangke wekdal salajengipun, Rara
Ayu....ndhrerek ing dalem riki menapa dene sesrawungan ing masyarakat, kula
suwun Bapak.....sekaliyan saha tangga tepalih, masyarakat wontena keparengipun
paring wulang wuruk .
Jer, Rara Ayu...senajan sampun lulus
saking pawiyatan inggil nanging ing bab sesrawungan menapa dene mangun bale
somah dereng gadhah pengalaman. Semantena, mbok bilih Bagus ....cumondhok ing
dalemipun Bapak.....sekaliyan badhe dipun wulang wuruk kanthi
saksae-saenipun.Ugi badhe karengkuh kados putra piyambak .
Para rawuh, mekaten ingkang dados
wigatosing sowan kula sarombongan ing wekdal menika. Mbok bilih wonten lepat
kula, kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum wr.wb.
Kowen, 25 Mei 2010
Eswe Sidi
Menika namung prasaja,
para maos saget ngembangaken malih kanthi mendhet saking sumber-sumber
sanesipun, nuwuuuuuuuuuuuuuuuun.

Komentar
Posting Komentar