Pambagya Harja Adicara Patemon Trah

 



SAMBUTAN TUAN RUMAH PEPANGGIHAN TRAH

Dening: eSWe Sidi

 

Assalamu’alaukum wr.wb.

Alhamdulillah. Alhamdulillah wa syukurillah.Ngala nikmatillah. Walahaula wala quwata illa billah.

Rabbishrohli sodri wayasirli amri wakhlul nguqdatammillisaani. Yafqohu qouli.

Mugi sih wilasa, berkah dalem Allah Swt, karahayon, tansah rinentah dhumateng Panjenengan dalasan kula, samenika sarta ing salami-laminipun.Amin.

 

Para pepundhen, pinisepuh,sesepuh ingkang winengku ing pakurmatan.

Para rawuh kakung putri, para kadang WREDHA, KADANG MUDHA, ingkang sutresna.

 

Nuwun sewu, ing ari kalenggahan menika kula marak wonten ing ngarsanipun para rawuh saperlu matur pinangka sulih sariranipun SOHIBUL BAIT PEPANGGIHAN TRAH................. ing wekdal menika.

Saderengipun mugi kepareng kula ndherekaken Panjenengan sedaya munjuk puji sukur dhumateng ngarsa dalem Allah Swt. Ingkang sampun paring kasarasan saha kalodhangan wekdal saengga ing wekdal menika saget sesarengan kempal ing majelis menika kanthi wilujeng nir sambekala sedayanipun.

Salawat saha salam mugi tansah kajiwa kasarira dening junjungan kula Panjenengan sedaya Kanjeng Nabi Muhammad saw. ingkang tansah kaantu-antu pitulunganipun benjing ing dinten kiyamat.

 

Salajengipun, mugi kepareng kula sagotrah keluwarga ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng para Bapak,Ibu , sedherek ingkang sampun kersa mbucal wekdal, nglonggaraken penggalih kagem rawuh ing papan menika minangkani atur sedhahan ingkang sampun kaaturaken ing wekdal kepengker.

 

Ing wekdal menika, kula sagotrah keluwarga ugi ngaturaken agunging panuwun awit saking sedaya pambiyantunipun awujud punapa kemawon, inggih bandha, beya, penggalihan ingkang sedaya wau andadosaken regeng saha rancaging adicara menika.Awit saking pambiyantu kasebat, mboten sanes kula sakadang panitia mboten saged caos piwales menapa kemawon kejawi namung puji pandonga dhateng Allah swt.mugi-mugi para Bapak, Ibu, sedherek sedaya pikantuk lelintu ingkang murwat tuwin tikel-matikel. Amiin.

Ing mangke, mbok bilih para mudha taruna nglarapaken pasugatan prasaja, kula mboten ngambali matur, mangga karesepi kanthi mardika.

 

Para rawuh, mekaten atur sapala sagotrah keluwarga lantaran kula. Ingkang menika mboh bilih wonten klenta-klentuning atur kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami. Kupat janure tuwa, sedaya lepat nyuwun ngapura. Kupat duduhe santen kathah lepat nyuwun pangapunten.Nuwun.

Wasslamu’alaikum wr.wb.

 

eSWe Sidi

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

URUTAN ACARA ASOK TUKON

Cerkak : Pulung Gantung

Pambagya Harja Mantenan