Cerkak Lukisan Asmara
Lukisan
Asmara
Dening : eSWe Sidi
“Barjo,” kandhane priya iku
karo nyekel kenceng tangane Bu Guru
anyar. Jenenge Risma Sawitri. Guru Seni Budaya iku pancen ayu temenan. Priya
ngendi sing ora kedanan nalika weruh sepisanan. Irunge, mripate, lambene, dedeg
piyadege, solah bawane, suwarane, jian …gawe kontrang-kantringan wong lanang.
“Risma, Risma Sawitri,”
wangsulane Bu Risma karo mesem lan nggeret tangane supaya enggal ucul saka
gegemane Barjo. Nanging, gegemane Barjo kenceng banget. Karo mesem, Barjo
ngencengi gegemane. Raine Risma mbrabak abang. Karo njempling tangane dibethot
sarosane wusana bisa uwal.
Guru liya sing nyekseni
adegan iku padha mesem kecut. Pak Barjo, guru PKn kang kondhang play boy lan duwe samben dadi MC iku
mung mesem-mesem tanpa rumangsa duwe dosa. Mangkono sepisanan patemone Barjo
karo Risma Sawitri.
Wektu terus lumaku sakarepe
dhewe lan cepete ora mekakat. Ora krasa, telung sasi mung kaya telung dina.
Kenalan iku kanyata “berkesan” tumrape Barjo. Risma lan Barjo katon saya akrab.
Kanyata kekarone padha dene duwe selera seni. Mung jinise wae sing beda. Barjo
baud nembang lagu campusari. Risma pinter gawe lukisan.Kekarone asring padha
diskusi. Barjo sajake kerep maca teori seni rupa. Omongane sajak hiyak-hiyaka
kae.
“Yen aku seneng nonton
lukisan realis, Bu,” tembunge Barjo ing sawijing dina ing kantor guru,”gaya
lukisan kaya ta surealis, kubisme, lan sapanunggale, aku ora seneng. Apa merga
ora mudheng,ya?”
Sawise telung sasi wong loro
iku wis ora padha basan-binasan maneh. Yen cecaturan mung ngoko-ngokoan wae.
“Wah, ya…iku mung masalah tahapan tingkat apresiasi wae, Pak Barjo.
Sesuk yen wis asring njelajahi donyaning lukisan Panjenengan bakal ketarik
marang liya jenis, aliran, gaya utawa apa wae wong nyebutake. Apa kuwi realis,
surealis, kubisme, lan liya-liyane. Yen masalah tembang campusari, tekan saiki
aku paling seneng yen ngrungokake Nyidham Sari karo Setya Tuhune Pak Manthous.”
Barjo manggut-manggut.
Dina-dina sabanjure, saben ngaso utawa menyang parkiran arep mulih, Barjo kerep
nembang Nyidham sari utawa Setya Tuhu.
“Wah, Pak Barjo iki sajake
lagi fall in love, jatuh cinta,”
Hudi, guru Bahasa Inggris nyindhir-nyindhir Barjo. Sing disindhir cekakakan
wae. Ing parkiran iku mung kari Barjo, Hudi, lan Sri, guru Bahasa Indonesia.
Sri meneng wae. Sri iku wanita kang anteng lan kalem.
“Dhuh, piye iki. Banku kempes!”
Sri sambat karo mijeti ban motore sing wis lengket karo jrambah parkiran. Hudi,
guru sing sepuh iku masrahake urusan ban kempes
marang Barjo.
“Wis kono. Sing enom sing
ngatasi. Lor kono, rong kilo meter ana tukang tambal ban,”kandhane Hudi. Karo
nggeblas numpak Astreane.
Saiki ing parkiran kono kari
ana wong loro. Barjo grapyak semanak, duwe bakat play boy lan Sri sing anteng. Bumi karo langit lagi padha gathuk.
“Wah, wah, peteng, Bu.
Dakkira tambalan wis padha tutup. Piye nek motore ditinggal, dititipke, Pak Suradi,
banjur Njenengan dakterke tekan ngomah?”
Rindhik asu digitik. Sri
sing miturut pengamatane kanca-kanca
guru sajak ada rasa marang Barjo iku
enggal manut wae marang usule Barjo.
Motor ditinggal, dititipake Pak Suradi, tukang kebon sekolahan kono sing omahe
ora adoh saka sekolahan. Omahe Sri pancen keliwatan Barjo, menyang-mulih. Sri
omahe klebu wewengkon Kecamatan Nglipar, Barjo omahe Wonosari.
Esuke, kedadean Barjo lan
Sri Boncengan dadi make news accident.
Gempar! Pak Barjo karo Bu Sri jadian!
Mangkono kasak-kusuke para guru. Barjo biasa wae, isih mesam-mesem lan
cengengesan. Sri salah tingkah.
Sawijining dina, ing kantor
guru mung ana Barjo, Sri, lan Risma. Guru liyane lagi mulang ing jero kelas.
Guru telu iku mulange isih sawetara jam maneh. Risma uthak-uthik gawe lukisan,
Sri nulis-nulis , lan sedhela-sedhela nglirik Barjo. Barjo rengeng-rengeng.
“Midera sak jagad raya.
Kalingana wukir lan sss…”
“Piye, Pak, kaya ngene iki?”
kandhane Risma ngagetake Barjo nganti kepunggel tembange. Barjo nyedhaki
lungguhe Risma. Guru Seni Budaya iku ngulungake lukisan asiling anggone corat-coret nganggo pastel
ireng ing kertas HVS. Lukisan diiling-ilingi wong loro. Pundhake wong loro iku
gathuk. Mak serr atine Barjo. Mak tratap atine Sri meruhi adegan iku. Raine
abang mbranang. Ora kuwat, Sri arep oncat saka papan kono. Glothak! Kursi
ngglimpang kesenggol sikile Sri. Barjo kaget. Risma uga. Sri dhewe ora kalah
njola atine. Barjo ninggalake Risma, bali lungguh ing kursine dhewe. Dene
lukisan isih ing tangane.
Bel ngaso muni. Para guru
gemrudug mlebu ruang guru. Priya bujangan iku menthelengi lukisan ing tangane.
Ana wit gedhe garing ing iring kiwa. Wit iku pang-pange pating crogat tanpa ana
godhonge siji-sijia. Ing iring tengah ana gubug bubrah. Iring tengen kepara
adoh ana kali garing tanpa banyu. Mung ana watu-watu pating prunthuk.
Suket-suket uga garing, godhonge alum kabeh. Kaya-kaya nggambarake kahanan
desane Mbah Maridjan, juru kunci Gunung Merapi , kang bubar keterjang lahar.
“Gambar ketiga ngerak,” grenenge Barjo. Gambar disimpen
ing jeron tase. Tekan ngomah, gambar iku dipajang ing ruang kerjane, dijejerake
karo monitor komputer karepe supaya saben-saben arep ngetik dheweke bisa nonton
gambar iku.
“Hemm. Jeng Risma, Jeng Risma...Wanita iku kathik ayune
ora karuwan. Mendah senenge atiku yen tansah sumandhing mring sliramu,”
mangkono batine. Bubar majang gambar iku, Barjo klithih-klithih mlebu
kamar makan. Nyaut segelas banyu putih,
gleg, gleg, gleg, entek. Banjur nyaut anduk arep adus. Katone Barjo kasmaran
temenan. Ing jeron kamar mandi dheweke nembang lagu asmara sora banget. Tangga-tanggane
sing padha krungu mung gedheg-gedheg.
***
Dina iku Barjo mangkat mruput jalaran kepener tugas
piket. Guru kang piket ngono kuwi kudu mruput tekan sekolahan. Nyalami
bocah-bocah, mijet bel, lan njejegake katertiban sekolah babagan parkir,
sragame bocah-bocah, lan sapanunggalane. Tekan sekolahan isih esuk banget.
Durung ana guru liya kang teka. Lagi ana tukang kebon sing bikut mbukak regol
banjur nyapu lobi.
“Wis, dakngadeg neng pinggir regol kene. Eh, sapa ngerti
mengko guru sing teka dhisik dhewe Bu Risma, banjur nyedhak mrene lan ngobrol-ngobrol.
Ah, mendah senenge nyawang kenya ayu sing isih wutuh make up-e, isih ayu buanget,” Barjo grenang-greneng lan mesam-mesem
dhewe kaya wong pengong. Jam tangan Seiko ing tangan tengene disawang. Isih jam
06.50. Sepuluh menit maneh kudu mijet bel tandhane mlabu pelajaran sepisanan.
Bocah-bocah wis jejel royel arep salaman.
Dumadakan ana mobil Pajero Sport mandheg ing ngarep
regol. Barjo cingak, ana priya nggantheng metu saka njerone. Priya iku banjur
gita-gita tumuju iring kiwa mobil lan mbukak lawang. Tratapan atine barjo.
Jebul kenya pepujaning atine jumedhul, ayune...prasasat widodari sakethi dadi
siji. Oh, Bu Risma. Esuk iki ayune saya moncer temenan. Jilbabe abang marun,
cocok karo klambi bathik sragame guru-guru sing diagem dina Setu iku, kang uga
dhominan warna abang kaya jilbabe.
Risma ngadeg ing ngarep lawang mobil, perangan ngisor
klambine digeret-geret mudhun supaya luwih rapi ora pating jlithet merga
kelungguhan ing jeron mobil mau. Lawang ditutup, gleg. Risma nyahut tangane si
priya nggantheng, salaman, lan banjur ngesun tangan iku.
“Dah, Pa. Ngati-ati.Jemput jam setengah papat, ya,”
kandhane Risma mesra.
“Oke, Ma,” wangsulane priya iku ora kalah mesra. Priya
iku mlaku nyedhaki Barjo kang kamitenggengen, salaman, manthuk-manthuk banjur
jumangkah mlebu mobil. Mobil atret, banjur gleser-gleser ninggal regol
sekolahan.
Barjo gemeter.
“Sss..sapa, Bu?” kandhane Barjo groyok.
“Oh, durung priksa, Pak? Oh, iya. Aku durung nate crita
karo Njenengan, ya? Kae mau mantanku, Pak. Mantan pacar! Sewulan sadurunge aku
nampa SK tugas ing kene aku rak nikah karo Mas War. Komplite Wardi Endra Sasmita.
Ethok-ethoke saiki tugas Dekan ing FPBS UNY. He,he, critane, nalika wiwit
konsultasi skripsi, hiya wiwit kuwi aku hyang-hyangan. Biyen Mas War iku dosen
pembimbingku. Kerep ketemu, kerep gathuk, dadi gathuk atine wong loro.”
“Oh,oh,oh,” Barjo mung bisa oh,oh,oh krungu critane
Risma.
“He,he, esuk-esuk kathik wis crita masalah privacy. Mpun nggih, aku dakpersiapan
mulang!”
Risma ninggal Barjo kang plonga-plongo. Donyane Barjo kaya
arep kiamat. Pangangen-angene ambyar, ajur mumur kaya tumpukan pasir katerak
banjir bandhang.
“Pak! Pak! Ndang dipipencet bele, empun kliwat limang
menit!” Pak Nugroho Hadi, guru olahraga bengok-bengok ngelingake Barjo. Bel
enggal dipijet, theeeeeet. Bocah-bocah gemrudug mlebu kelas.
Bali saka sekolahan, Barjo gita-gita mlebu kamare.
“Adhuh biyuuuuung. Anakmu paringana pitulung. Ya Allah,
ya Robbi, kula nyuwn kekiyatan...,” pangrintihe Barjo. Tas diuncalake. Banjur
nyaut gambar asil coretane Risma kang kapajang ing meja kerjane. Gambar
dikekep, diremet, banjur diidak-idak. Donya rinasa peteng lelimengan.
Sewon,
November 2014
*Cerkak iki wus kamot ing
Djaka Lodang Nomer 22, November 2014

Komentar
Posting Komentar