Cerkak : Lindhu





Lindhu

Dening : eSWe Sidi

Dina Sabtu, tanggal 27 Mei 2006. Esuk jemun aku wis tangi turu. Jam ing tembok kamarku nuduhake angka lima. Ibune bocah wis keprungu tumandang ing pawon. Suwara srang-sreng keprungu saka pawon. Inda, anakku wadon sing lagi umur telung sasi katon nglimpus ing tengenku. Dene Obi, anakku lanang umure sepuluh taun wis kethap-kethip mripate katon aras-arasen.

“Adhik dikancani, ya, Bapak arep salat subuh,” kandhaku. Anakku lanang kelas papat iku manthuk, banjur nyedhaki adhine lan diambungi. Sing diambung kruget-kruget isih merem, kepenak banget anggone turu. Bubar salat subuh aku tata-tata. Buku-buku lan berkas-berkas laporan BOS sing wis daksiapke wengi mau daklebokke tas, daktumpangake jok motor banjur daktaleni kenceng.

“Ampun kesupen nggih, Pak. Benjang tanggal 29 Mei laporan BOS kedah rampung lan dikirim dhateng Dinas,” ngono wanti-wantine kepala sekolahku. Mula, ing dina Sabtu tanggal 27 Mei laporanku wus daksiapke, aja nganti kelalen. Pamrihe, dina kuwi bisa ditandhatangani. Sesuk Senin banjur dikirim menyang Dinas.

“Aku dakadus saiki, ya, Bu. Dhenok isih bubuk, ditunggoni thole. Mengko nek dhenok tangi enggal tinggalen anggonmu olah-olah. Kepeksane durung mateng aku ora sarapan ora apa-apa sing penting anake meneng.

“Nggih!”, wangsulane bojoku cekak sinambi ubeg nguleg bumbu. Aku banjur mlebu kamar mandhi. Gebyar-gebyur seger banget. Rasa lungkrah lesu ilang kabeh.

“Dhik Inda, Dhik Inda!” keprungu suwara bocah cilik undang-undang. Ora pangling. Bagasa lan Yeni, bocah-bocah umur telung taun lan limang taun, loro-lorone putrane bulik wetan kono. Bocah loro iku meh saben esuk mara dolan wiwit aku duwe anak cilik, Inda.

Bojoku keprungu wangsulan karo mbukak kunci lawang ngarep.

“Kula, kula! Kene mlebu kamar kene. Adhik dikancani!”

“Nggih. Adhik-adhik, tak kuntung kintung!” Bocah loro iku munggah amben lan ngudang anakku. Omahku dadi rame dening ocehe bocah-bocah lucu nggemesake iku. Jam setengah enem aku rampung adus, banjur dandan. Dompet mlebu sak. Aku lingak-linguk jalaran kaya ana bab sing isih kurang. O, kanyata HP lungsuran kesayanganku durung mlebu sak klambi. Alat siji iki pancen klebu piranti wigati ing jaman saiki. Mula, rasane gela yen nganti  barang iki keri ing ngomah. Barang iku gumlethak ing meja belajare anakku, daksaut banjur daklebokake sak.

“Warga di sekitar lereng Merapi diperintahkan untuk segera mengungsi karena aktivitas Gunung Merapi semakin membahayakan. Luncuran lava pijar makin kerap terjadi dan jarak luncurnya mencapai beberapa kilometer menuju arah Kali Krasak, juga Kali Gendol. Sementara itu, juru kunci Merapi, Marijan, belum bersedia meninggalkan tempat huniannya. Dia berkilah bahwa menjadi tugasnyalah menunaikan amanat Sri Sultan HB IX untuk menjaga Merapi!”

Mangkono iku keprungu siaran saka radio. Aku unjal ambegan. Pancen keri-keri iki kerep keprungu pawarta yen ancaman bencana saka Gunung Merapi saya ndadra. Miturut kabar, kewan-kewan ing ereng-renging Merapi wis padha mudhun mblasak-mblasak ing kampung. Munyuk, kidang,ula, malah macan  lan sapanunggalane mlebu desa. Banjur dadi buroning masyarakat. Mudhune kewan-kewan saka ereng-erenging Merapi iku, dadi pratandha alami yen hawa ing pucuk Merapi rinasa panas. Iku dadi titen yen ora suwe maneh bakal mbludak lahar panas. Kaya wis nate kelakon ing nalika awan panas “wedhus gemberl” nggawa korban nyawa manungsa akeh banget.

Aku banjur kelingan marang salah sawijine kanca guru kang mulang ing Wonosari, Gunungkidul.

“Kula sakeluwarga sampun sami ngungsi, Pak!” kandhane kancaku iku ing wektu kepungkur nalika bareng numpak Bus Yogya-Wonosari arep mangkat  nindakake tugas.

“Ingkang sabar, nggih, Bu. Mugi-mugi keluwarga Panjenengan tansah wilujeng.”
            “Nggih, Pak. Matur nuwun pamujinipun,”wangsulane karo nyerot ambegan landhung. Dheweke banjur crita ngenani kedaean sawetara taun kepungkur. Tangga teparone entek keterjang awan panas “wedhus gembel”. Nalika iku, salah sawijine tangga duwe gawe mantu. Ing tengah-tengahing pahargyan, dumadakan ketungka semburan wedhus gembel.

Tamu-tamu entek. Manten sakloron kobong. kulit mlempuh sakujur badan, drijine prothol, kulit raine nglokop. Nemahi tiwas.

Aku rumangsa syukur dene tinitah ing tlatah Bantul, papan kang gemah ripah loh jinawi. Ora nate katerak sakehing bencana : lahar, banjir, lindhu, apa maneh tsunami.

“Sing jenenge lahar Merapi wae ora gelem mili ngidul. Awake dhewe iki tansah pinayungan dening Gusti Allah. Tansah kalis saka memala. Saka lor tansah dipayungi Kraton Ngayogyakarta, saka kidul dijampangi Nyai Rara Kidul.” Mangkon aku tau krungu kojahe Mbah Priya, tanggaku, sesepuh sing nggilut ngelmu kebatinan, seneng tirakat ing papan-papan wingit. Aku mesem kecut.

“Wis ndang didhahar, Pak. Esuk-esuk malah nglamun!” kandhane bojoku karo nyablek pundhakku. We, hladalah. Ing ngarepku wis cumawis sega sepiring lawuh tempe garit. Cemal-cemel, aku maem sega iku. Rampung sarapan, aku menyat, piring kothong dakgawa arep mlebu pawon. Aku banjur klithih-klithih nggoleki sepatu. Nanging lakuku wurung. Dumadakan jobin sik dakidak krasa geter, obah-obah, hiyeg-hiyeg.

Mung kanthi etungan dhetik, banjur keprungu suwara kaya suwarane helikopter banjur kasusul suwara pating grubyug, pating glothak, pating jlerit. Tanpa ana komadho, tanpa kelingan anak bojo aku mlayu metu.

“Lindhu! Lindhu! Lindhu! Laillahailallah! Allahuakbar! Allahuakbar! Allahuakbar!”

Grubyug! Glothak! Grubyuk! Pyar! Aku mlayu sempoyongan nganti tekan papan bawera, kidul omahe Mbah Mangun Sinah.

            “Ya, Allah! Bocah-bocah mau ana ngendi? Bojoku ana ngendi? Geneya aku mung mikir keslametane awakku dhewe? “

Cengkelak aku mlayu arep bali  mlebu ngomah mbaleni anak bojo lan bocah-bocah anake Bulik. Dumadakan, grubyug, pyaaaar! Keprungu suwara ambrole temboke tangga. Sikilku keterjang remukan tembok. Aku tiba ndhodhok. Gegerku kena giliran keterjang jugrugan liyane. Banjur kesusul jugrugan maneh. Temahan sikilku ora katon jalaran kurugan material.

            Sawetara iku, suwara pating jlerit, pating jempling saya ndadra. Ngendi-endi kebak bledug. Peteng kaya kecoblong. Saka papan peteng methungul bojoku nggendhong anakku sing cilik, lagi umur telung sasi.

“Atgafirullah! Thole endi? Mau neng WC!” pambengokku dak tujokke marang bojoku. Dene sikilku wis bisa dakdudut saka urug-urugan material. Banjur pating griming rasane kaya gringgingen lan sateruse krasa lara kang ora  bisa dakterangke.

“Kae, Pak! Thole!”

Alhamdulillah, anakku lanang slamet. Dheweke ngadeg ing ngisor dhapuran pring, tanpa nganggo clana. Ora kumecap, ora nangis.  Bagas lan Yeni embuh neng ngendi. Ing kiwa tengenku pating sliwer tangga teparo bingung ngundang-undang keluawargane sing durung katon. Daksawang ngiwa nengen, omah-omah akeh kang wis padha rata karo lemah. Ing ngisor wit-witan akeh wong sumendhe, awake godres getih.

Bumi hoyag maneh. Tembok sing durung rubuh, nyusul rubuh. Ing kiwa tengenku katon isih ana saperangan tembok omah durung ambruk, mung pating blegag. Aku  mung pasrah. Mangga Gusti menawi badhe nyabut nyawa kula samenika lumantar tembok-tembok niku! Aku merem.

“Tsunami! Tsunami!” keprungu suwara wong-wong pating brengok.

“Banyu saka segara kidul wis mbludag tekan Pundhong! Ayo mlayu! Mlayuuuuu! Wong pating regudug mlayu.

“Pake, ayo mlayu! Jarene ana tsunami! Ayo! Ayo!” bojoku jempling-jempling ngajak mlayu. Aku mikir, nek nganti kena tsunami, orang wurung aku lan anak bojoku mesthi bakal dadi mayit. Mlayu? Ngadeg wae aku ora bisa! Sikilku godres getih lan abuh sak pring petung gedhene!

“Wis andum slamet. Kana kowe mlayu karo bocah-bocah, Bu. Yen pancen aku kudu mati ing kene lantaran kena tsunami, eklasna wae! Kana enggal mlayuuuu!”

Karo nggendhong anakku wedok, bojoku nggandheng anakku lanang, mlayu nrabas brongkalan-brongkalan material banjur ilang saka panyawangku. Pet. Aku banjur ora eling.

                                    Tendha Biru, Negeri Gempa, Kowen-Sewon, 10 Juni 2006

*Cerkak iki wus kamot ing Djaka Lodang Nomer II, 2006

 

 

  

Komentar

Postingan populer dari blog ini

URUTAN ACARA ASOK TUKON

Cerkak : Pulung Gantung

Pambagya Harja Mantenan