Cerkak : Kedanan Waranggana
Kedanan
Waranggana
Dening : eSWe Sidi
“Ndak pundi Mbak Ayu badhe tindak pundi? Kadingaren tindak wae ora
numpak taksi. Dhewekan apa ora wedi. Timbang nganggur kula gelem ngancani!”
“Keleresan Mas aliyas kebetulan.
Blanjane kathah, rada kabotan. Yen purun, Mas enggal-enggal ngrencangi. Tekan
ngomah mangke kula opahi!”
Mangkono tetembungan kang
metu saka lisane penyanyi campursari, Raharjo lan Tuti. Katon gandhes luwes.
Dasar penyanyi sing baud lan kuncara. Banjur sinartan solah bawa, lenggak-lenggok,
eseme pait madu. Dasar Raharjo iku bagus, suwarane kung. Tuti, wanita ayu merak
ati, pakulitane kuning nemu giring.
Para tamu katon pating
plongo merga kesengsem. Tamu wadon kesengsem marang Raharjo, kang kondhang kanthi sebutan Bang
Hardjo utawa Bangjo, tamu kakung kayungyun marang Tuti.Kabeh kaya kena
daya pangaribawa sewu gendam dadi siji, sewu pengasihan mlumpuk
ing penyanyi loro iku. Hm hm….
“Malih, malih!” para tamu pating
brengok jaluk supaya Bangjo lan Tuti nyanyi maneh. Katone durung padha tutug
ngresepi lelagon saka penyanyi kang dadi pepujane. Mula, kanthi lila legawa
Tutik lan Bangjo nyanyi maneh. Lagune Ngidham Sari dibawani nganggo bawa setya
tuhu banjur kasusul Sewu Kutha.
Para tamu histeris nalika Bangjo nggandheng
tangane Tuti, malah nyekel pundhake barang. Tuti ora suwala, Bangjo katon lega.
Polatane tamu putri katon sajak meri. Penonton kakung semono uga. Kala menjinge
munggah mudhun. Ah, dasar seniman wis profesional. Sapari polahe narik
kawigaten lan nengsemake.
Bangjo lan Tuti pancen
panggilut seni kang wus kawentar ing wewengkon Gedhangsari kono. Ewa semono,
sejatine lagi sepisan iki kekarone manggung dadi siji. Jalaran padah duwe partner dhewe-dhewe. Bangjo nyambut gawe
bareng karo juru rias Endar Winarti, dene Tuti karo juru rias Tri Handayani.
Kanthi mangkono durung nate gathuk sepanggung jalaran padha duwe pasaran
dhewe-dhewe. Endar Winarti akeh payu ing iring kidul banjur mlembar tekan
kapanewon-kapanewon liya ing iring kidul uga. Dadine, Bangjo luwih kawentar ing
wewengkon kidul. Dene Tri Handayani payune ngetan, malah tekan Klaten, Jawa
Tengah. Mula, Tuti kondhang ing iring wetan tekan Klaten uga selaras karo juru
rias kang tembayatan bareng dheweke.
“Wah, aku rumangsa mongkog
lan marem bisa sepanggung karo Panjenengan, Mas,” tembung Tuti ing kamar rias.
“Aku kaya ketiban wahyu bisa
duwet karo Dhik Tuti,” wangsulane
Bangjo kanthi tembung sajak ngemu rasa.
Wong sakloron banjur padha
jaluk-jinaluk nomer telepon lan WhatsApp (WA). Dina-dina sabanjure wong loro
iku banjur asring sesambungan. Padha takon-tinakon kabar, banjur
nyrempet-nyrempet asmara.
“Aku pengin dolan, hlo
Dhik!” kandhane Bangjo liwat HP ing sawijining wengi nalika lagi bali PY alias
payu nyanyi.
“Mangga, Mas. Tak antu-antu
rawuhe,” wangsulane Tuti, grapyak sajak nggodha.
Hiya wiwit bengi kuwi Bangjo
rumangsa oleh kalodhangan.Atine kang sawetara wektu mrongkol , atos kaya akik
merga ditinggal pacare, Rini, wengi kuwi ajer maneh.
Dina-dina sabanjure,
wewayangane Tuti tansah ngganjel ing tlapukane. Eseme, lenggak-lenggoke, dhek
anu kae, suwarane, obahe driji nalika nyekel mike, pokoke kabeh kang ana ing
awake Tuti Katon endah ngelam-lami atine Bangjo.
Rasa perih nalika ditinggal
Rini wektu kepungkur saiki mari. Senajan seprene tetep isih kelingan kepriye
tembung pungkasan sing diucapke Rini marang dheweke.
“Tinimbang awan bengi aku
mangan ati, awake dhewe pisah wae, Mas. Aku ora lila yen Panjenengan senengane
cak-cek nyekel tangane penyanyi wadon! Pisah! Pisah!”
Rini mlayu nyengklak motor matic-e ninggal Bangjo sing
plonga-plongo kamitenggengen, ora nyana babar blas yen mung tekan semono
sesambungane karo Rini. Bangjo ngungun, geneya Rini dumadakan medhot katresnan
iki kanthi pawadan kang kaya-kaya digawe-gawe. Kamangka dina-dina wingi,Rini
kandha yen kesengsem marang dheweke merga anggone pinter nyanyi. Anggone
tepungan uga nalika lagi wae mudhun saka panggung, bubar nyanyi duwet karo
penyanyi wanita. Hemm, mrongkol banget atine priya bagus iku.
Bangjo saya yakin yen
alesane Rini pancen mung digawe-gawe. Buktine, ora let suwe dheweke banjur
krungu kabar yen Rini pacaran karo priya liya. Jarene, pacare Rini iku anake
sawijining juragan PO sing duwe bus antarkota. Akeh banget. Atine Bangjo saya
lara, lara banget, banjur atos, atos banget kaya watu nalika ngadhepi wanita.
Senajan yen lagi nyanyi duwet karo biduan, kaya hiyak-hiyaka kae.
Saiki atine Bangjo wus ajer
maneh. Tuti, kenya kang pinter nyanyi campur sari lan uga asring dadi
waranggana melu Ki dhalang Supa iku wus bisa ngluluhake atine.
Dina iki, Bangjo niyat arep
dolan ing omahe Tuti lan bakal ngesok isen-isening atine.
“Kula nuwun,” Bangjo aweh
salam nalika wis ngadeg ing ngarep lawang omahe Tuti. Omah katon sepi. Kiwa
tengen omah ana tamane. Ing dhuwur gendheng ana antene parabola gedhe. Cet
tembok warna ijo pupus. Omah katon asri. Emane, isih akeh uwuh pating balesar
ing ngarep omah. Kertas, kantong plastik,gelas-gelas plastik, godhong gedhang
garing pating klinthing, sumebar ng ngendi-endi. Sajake bubar ana acara. Ah,
mbokmenawa bubar ngundhuh pengajian, grenenge Bangjo.
“Mangga, mangga, sekedhap,”
ana wangsulan saka jero omah. Suwarane wong wadon, nanging dudu suwarane Tuti.
Banjur keprungu suwara kleset-kleset dlamakan sikil midak jobin keramik. Lawang
dibukak. Gandrik, ana wanita njedhul kanthi esem manis banget. Nanging, wong
wadon iku dudu Tuti, luwih tuwa. Kira-kira umure telung puluh tahun. Yen Tuti mono umure udakara selawe
tahun.
“Menapa leres, menika
dalemipun Dhik Tuti, penyanyi campur sari, waranggana?
“Inggih, leres. Menapa badhe
kepanggih?”
“Inggih.”
“Dhuh, nyuwun pangapunten.
Dhik Tuti nembe mawon medal kaliyan Prasetyo.”
Krungu wangsulane wanita
iku, atine Bangjo krasa ora kepenak. Sapa Prasetyo iku? Kathik wani-wanine
ngajak lunga Tuti, gegantilaning atiku. Ngono batine Bangjo. Krasa ora jenjem,
Bangjo enggal njaluk pamit marang wanita kang memper Tuti kuwi. Sing dipamiti
manthuk, mlerok,mesem, nguntapake tamune.
Tekan ngomah, Bangjo
mbanting awake ing spring bed. Atine
kuciwa banget. Wewayangan bakal ketemu Tuti, ambyar! Ajur mumur kaya tumpukan
damen garing kena lesus. Luwih-luwih bareng ngerti yen Tuti lunga karo priya
liya. Jian, mangkel temenan. Banjur sapa sing dimangkeli? Tuti, apa priya iku?
Hla apa alesane? Ketemu pirang perkara, ndadak mangkel barang?
Kriiiing, cuwit-cuwit-cuwit,
nadha panggilan ing HP-ne Bangjo dumadakan muni. Kanthi ati lungkrah, HP
diangkat. Keprungu suwarane wong wadon. Ora pangling, suwarane Tuti. Bangjo
dheg-dhegan sar atine.
“Mas, nyuwun pangapunten.
Panjenengan tindak ngomahku ora ketemu aku, mung ketemu mbakyuku. Asmane Puji
Astuti, ayu, ta, Mas? Nyuwun pangapunten uga, Mas Raharjo ora dakaturi
undhangan. Aku nyuwun donga Panjenengan, Mas. Bengi mau aku ngadani upacara
nampi upakarti langsung ijab Kabul karo Mas Prasetyo, sesuk wae nek acara
resepsi Panjenengan dakulemi. Aja lali nyiapake lagu sing nges, nggo nambahi
regening acara. Dak suwun Mas Raharjo paring sumbangan lagu!”
Ah,uh, ah, uh. Raharjo ora
bisa kumecap. Kaya ana watu item gedhe ngemblegi sirahe. Abot banget. Banjur
peteng.
Gedangsari,
Mei 2015
*Cerkak iki wus kamot ing
Djaka Lodang Nomer 34, Januari 2016

Komentar
Posting Komentar