Cerkak : Jeng Sisca

 




Jeng Sisca

Dening: eSWe Sidi

“Sisca, Francisca Sawitri,”

            “Gatot Priambodo”

Tanganku dakulungake marang kenya iku kang banjur nggegem tanganku kenceng. Mripatku lan mripate wanita sarjana teknik iku tempuk. Ana pangrasa aneh. Kaya lurung dawa kang padhang, bawera.Kaya ana kali bening kang ngolet-ngolet ngundang saben jiwa petualang. Endah banget.

Sisca mesem lan katon dhekik pipine. Blaik, ana geter aneh ing dhadhaku. Geter kang sasuwene iki durung nate dakrasake. Rambute kang ngrembyak katempuh angin sumilir lembut lan nutupi mripate iring kiwa. Mripat tengen kang tajem saya nambahi kontrang-kantringane ati iki.

“Jian…ana apa iki?” batinku.

“Wonten menapa, Pak? Kok malah nglamun?”

“E.emm, anu..”

Bajigur tenan. Tanganku kanyata wus sawetara suwe nggegem tangan alus iku.Kaya kelet ora bisa diuwalake.

            “Bu, Bu Sisca. Ibu dipuntimbali Pak Kepala!”

Bu Siyami, kepala TU ing sekolahku gita-gita nyedhaki Bu Francisca Sawitri lan kandha alon..

            “Oh, inggih-inggih. Sekedhap.”

Bu Sisca nggeret tangane lan dakuculake. Wong ayu iku jumangkah ngungkurake awakku sing ngadeg njegreg kaya patung pahlawan Jendral Sudirman ing ngarep kantor Koramil kae.

            Mangkono pitepunganku sepisanan karo Bu Francisca Sawitri,S.T., guru anyar ing SMKN papanku ngabdi marang para siswa. Pitepungan kang ora bisa daklalekake. Embuh kepriye, atiku kang sasuwene iki kaya es yen ketemu wanita, dina iku leleh mbleber-mbleber.

Pancen atiku wis sawetara tahun ora duwe rasa “greng” marang wanita. Iku dakrasake sawise dikhianati dening Sri Widayati kang kepikut dening pegawe kantor dinas sing mrana-mrene methongkrong ing jok mobil kinclong. Cetha aku kalah adoh karo wong lanang sing saiki dadi sisihane Sri Widayati. Wong iku keturunane priyayi luhur lan saiki dadi pejabat kang adus dhuwit sadina-dina.

Dene aku? Anake petani utun kang gawene matun ing sawah sawise mulih saka mulang lan ing dina-dina preen. Gek kendaraanku wae mung weton 1980-an. Wujude klumut merga asring takenggo ngangkut damen kanggo pakan sapi. Wong wadon ngendi sing gelem milih awakku dadi sisihane. Hla rak bodho temen wong wadon iku. Senajan aku “memahami” yen Sri ninggalake awakku, nanging atiku ora bisa nglalekake dina-dina endah karo dheweke.

Kaya sinendhal mayang atiku nalika Sri nelakake pedhot sesambungan karo aku lan banjur ambyuk ing pangrengkuhe wong bagus iku.

Wis, Le. Sri iku dudu jodhomu.Muga-muga sesuk Gusti paring ganti kang luwih becik,” ngendikane ibuku karo ngelus-elus pundhakku nalika aku lagi nglamun. Yen wis antuk wewarah ngono iku atiku anyep, mak cesss. Kaya siniram banyu swarga Firdaus.

“Gene si Bejo kae,anake Lik Rejo kulon kono. Bocahe mung lugu, sekolahe ora dhuwur, gaweane mung ngarit. Hla kok oleh Bojo cah Wonosari kang ayune ngluwihi widadari!”

“Iya, ya, Bu,” wangsulanku alon mbenerake ngendikane wong wadon hebat lan wicaksana iku.

Dakakoni, sawise tetepungan karo Bu Sisca, atiku kaya ana rasa tresna marang dheweke. Nanging kepriye anggonku bakal miwiti? Aku arang-arang ketemu jalaran jadwal mulange tansah bareng. Kana mlebu kelas, aku mlebu kelas. Bu Sisca mulih, aku hiya mulih.

Kamangka yen wektu ngaso dheweke mlebu laboratorium komputer, dene aku menyang kantor guru. Jeng Sisca durung gelem awor karo kanca-kanca guru liya. Kabare kaparingan SK tugas tambahan dening Pak Kepala pinangka kepala laboratorium komputer lan kudu mrenah-mrenahake papan iku mung kabantu tool man cacah sisji. Dadi ya pancen sibuk tenan.

Pungkasane, ana dina kang endah, miturut aku. Dina iku ana pangarep-arep bisa luwih cedhak karo dheweke. Bu Sisca, ketiban giliran oleh undhian arisan guru lan karyawan rong sasen. Papane ngolah-ngalih menyang omahe sing oleh undhian. Nah, karana Bu Sisca kang oleh arisan, dina iku aku lan kanca-kanca bebarengan tumuju omahe ing tengah kutha Klaten.

“Mangga-mangga, Bapak-bapak, Ibu-ibu kaaturan lenggah ing papan prasaja menika. Nuwun sewu dereng kober reresik kala wau,” bapak ibune Bu Sisca aweh pambagya ramah banget. Aku sarombongan banjur padha lungguh slonjor ing karpet abang kang digelar ing dhuwur keramik kinclong.

“Hemm. Kaya ngene resike kok dingendikake reged lan durung kober reresik,”batinku. Tegel keramik iku dak usap nganggo tapak tangan tengenku. Ora ana lebu saglintir wae sing katut.

Bu Sisca bola-bali ngaturi tamu-tamune ngresepi dhaharan lan unjukan. Ana dhawet, camcao, es campur, wedang rondhe sing dikancani nyamikan maneka warna. Banjur dhahar prasmanan kanthi lawuh sarwa amis : ayam betutu, gurameh, lan liya-liyane.

“Jian…gandhes luwes tenan kenya iki. Hemm. Begjane priya kang bisa nelukake atine.Aku kaya kepengin tansah sesandhingan lan njiwit wae,” atiku gronjalan.

Modar aku. Panduluku tempuk karo Bu Sisca. Dheweke mesem. Dhekike iku hlo sing marakake nglangut atiku. Enggal-enggal dakbuwang panyawangku menyang papan liya. Durung ana limang menit, ndadak mripatku jelalatan maneh. Tempuk maneh karo Bu Sisca.

“Mangga Pak Gathot. Pun rahabi!”

“Mmm…inggih-inggih, Jeng, eh…Bu!”

Modar maneh. Kanca-kanca padha pating cekakak merga ngerti aku salah tingkah.

            Hemm, dina endah nanging dumadakan pangentha-enthaning atiku dadi buyar. Aku duwe pangangen-angen bisa methik kembang iku, nanging apa ora kaya cebol nggayuh lintang? Kanyata keluwargane Bu Sisca iku klebu golongan jet-set, the have.

            Ing acara arisan iku, ora krasa aku kakehan ngombe. Cilaka, aku kebelet kepengin “ngetap oli” ing mburi. Dakjawil Pak Hudi supaya gelem ngancani nembung nunut menyang mburi karo sing kagungan dalem. Pak Hudi gelem.

            Ing mburi kanyata antri jalaran uga ana kanca-kanca liyene kang duwe keperluan padha karo aku. Ana Bu Novis-guru Kewirausahaan, Bu Desi-guru Teknik Elektronika, Pak Parjo-guru Teknik Otomotif.

Kaya ing kamar tunggu rumah sakit wae. Ing kono padha jejer-jejer lungguh ing kursi kang ditata ing pawon sacedhake kamar mandhi.

            “Bapak sing asmane Pak Gathot, nggih?”ibune Bu Sisca ngendika lan panyawange tumuju marang Pak Hudi.

            “Nyuwun sewu, Bu. Menika!” wangsulane Pak Hudi karo ngacungake jempole marang aku.

            “Oh.Nuwun sewu. Kula pandhemen Panjenengan hlo, Mas! Jebul isih mudha taruna. Yen maos seratan panjenengan ing Djaka Lodang babagan olah rasa, sastra lan budaya kok kula mbayangake sing nyerat empun simbah-simbah ingkang sanget wicaksana. Jebul…he..isih timur banget. Anu…Gendhuk Sisca asring ngraosi Nak Mas, lo!”

            Gandrik. Bu Sisca ngrasani aku?

“Wadhuh, lepat kula menapa, nggih Bu kathik malah diraosi.”

“Hlo ngraosi sae, kok!”

            Bali saka Klaten wis meh surup. Sawise adus aku ngglethak ing kamar kepengin ngeremake mripat kanggo mulihake tenaga sawise numpak motor jarak jauh.Dak erem-eremake dhipet, ora bisa turu. Wewayangane Bu Sisca tansah gumandhul ing mripat. Ngendikane ibune Bu Sisca, aku kerep dirasani kenya ngedab-edabi iku. Mula, pangandikane iku tansah dumeling. Ah, apa iki mung kegedhen rumangsa, apa tenan? Apa Bu Sisca uga duwe rasa tresna marang aku?

            Ah. Sawijing wektu aku kudu dolan maneh. Aku kudu wani. Embuh kepriye carane.

Tenan, aja nganti ana kanca kang ngerti.Nalika liburan semester, tanpa aweh kabar luwih dhisik,SMS utawa nelpon,  aku dolan.

            Aku ditemoni ibune Bu Sisca. Ngobrol ngalor-ngidul, priyayi sepuh nanging isih panggah ayu iku durung ngendikakake babagan putrane, lan aku durung wani takon. Suwe-suwe materi obrolan tekan babagan katresnan lan wong bebrayan.

            “Menawi kula, babagan katresnan menika natural, alami. Tiyang sepuh mboten saget meksa-meksa kudu karo ika utawi iki.Yen dipeksa mindhak mboten sae kedadosnipun.”

            “Leres menika, Bu.” wangsulanku alon lan mantep.

Ing batin, aku kandha, “Wah, peluang besar, Nih!”

            “Mangga, Hlo, Nak Mas, pun unjuk lan niku emping diengge obah-obah. Oh, inggih wonten kersa menapa Nak Mas tindak mriki? Kathik mboten paring kabar rumiyin yen badhe tindak mriki.”

            “Emm. Anu namung mampir. Kala wau saking dolan dhateng kanca sesami penulis, ing Jabung, Gantiwarno,dadakan kepengin mampir,” wangsulanku sakenane. Aku nyebut alamat fiktif kang mbokmenawa yen ana tenan alamat iku, merga begjaku bisa apus-apus.

“Dhenok menika sampun tigang dinten kesah.”

            “Ha? Kesah, Bu. Dhateng pundi?” pitakonku kebak rasa kaget. Bocah wadon lunga telung dina? Pikiranku ora jenjem.

            “Kaliyan Bapakipun dhateng Thailand. Pedro rak wisuda S-2 lan nyuwun dipun dhampingi Sisca!”

            “Pedro menika sinten, Bu?” pitakonku karo gemeter karana krasa ana firasat ala.

            “Tunanganipun!”

Gleger!!! Bledhek nyander, bumi gonjang-ganjing. Sirahku krasa abot lan panyawangku blawur. Banjur ana rasa sepi, peteng lelimengan. Aku kaya mlebu ing guwa sap pitu ing jeroning bumi.

            Nalika aku pamit, aku wis ora ngerti ibune Bu Sisca ngendika apa wae. Tekan ngomah, awakku dakbanting sarosane ing dipan.

Hemm. Nasibe awakku apes temen. Apa aku bakale dadi anggota DPR (durung payu rabi) salawase?

Oh, Jeng Sisca.Wanita kapindho kang nujes-nujes atiku nganti rojah-rajeh ajur mumur.

                                                                        Kowen-Sewon, 1 Mei 2012

 * Asma ing crita iki fiktif wae. Yen ana  sing padha asmane karo crita iki, nyuwun ngapura.

* Cerkak iki wus kaemot ing majalah Djaka Lodang

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

URUTAN ACARA ASOK TUKON

Cerkak : Pulung Gantung

Pambagya Harja Mantenan