Cerkak : Godhaning Asmara
Godhaning
Asmara
Wanita iku mesem kalegan nalika ing layar laptop-e mecungul gambar priya
nggantheng. Kedher atine nyawang gambar priya nganggo hem lirik-lirik ireng
putih lan dasinan iku jebles karo Mas Bram, pepujaning atine nalika isih SMA
biyen.
“Mas Bram !” ngono batin atine,”kathik wong iku jebles Mas Bram? Apa mung merga
ilusiku wae?”
Yuli nyopot kacamata minuse,ngucek-ucek mripate
bola-bali.Gambar iku panggah, ora owah.Memper Bram, hyange mbiyen. Mung bedane,
ana andheng-andheng ing pojok lambe kang mbedakake gambar iku karo Bram.
“ Piye,sayang?
Nggantheng,ta?” mecungul tulisan ing layar.Ah, ana tembung sayang barang. Ah,
dadi kelingan jaman semana. Nalika Bram kirim layang isi rayuan-rayuan gombal
khas ABG.Wektu kuwi Yuli isih kelas loro SMA, Bram kelas telu.Seminggu sepisan
Yuli tampa layang saka Bram.Jaman semana durung ana HP.Dadi durung ana
bel-belan apa dene SMS-an. Adate layang saka Bram dawa banget, telu tekan
limang halaman kertas suwekan saka buku skrip.Dhasar Bram kuwi jago gawe cerpen
sing dipajang ing mading sekolahan.Mesthi wae nek mung gawe layang isi rayuan
gombal,ora dadi perkara tumrap dheweke.
“Dakakoni, nggantheng banget.Penjenengan rak dudu Mas Bram,
ya?”
“ Bram? Ha,ha,ha...pacar lama,ya?Oh, dudu. Aku iki Hadi,
Raden Mas Hadi Kusuma,ha,ha...”
Obrolan lumantar face
book iku lumaku kanthi lancar. Telung jam rasane kaya telung menit.
Widodo, garwane Yuli sing ngasta pinangka kepala sawijining BUMN iku lagi tugas luwar kota.
Dene anak-anake sing mung loro, lanang wadon lagi padha sekolah. Sijine isih
TK, diterke pembantune. Sijine wis SMP.
Yuli ijen wae ing ngomah. Kanggo nglipur ati, dheweke
nyetel laptop lan golek kenalan nganggo jejaring sosial sing jenenge internet.
Makhluk sing saiki lagi ngetren ing kalangan wong ‘kelas terdidik’. Hiya ing
internet iki wong bisa oleh informasi apa wae. Wiwit saka aktivitas keagamaan,
teknologi, seni, terorisme nganti bab sing nggepok pornografi. Kabeh bebas,
bas!
Nganti para winasis sing isih perduli marang nasib bangsa
ing tembe mburi prihatin, pemerintah uga
kewalahan. Yen dilarang jarene nglanggar HAM, yen diujarake bisa dadi racun
tumrap generasi mudha.Jalaran ing kono pornografi lan kanca-kancane bisa
diundang ing layar tanpa ana sing bisa nduwa.
Hemm.Wong iki
nggugah kremi turu sing wis puluhan tahun “ngandhang” ing pojok atine. Mas Bram
sing nakal, play boy, layang-layange romatis, juara kelas, jago voley, ah kabeh
bali ing wewayangane. Mas Bram sing ngajari gawe puisi banjur dikirim ing
majalah remaja, banjur honore diubal-ubal kanggo nraktir jajan bakso,es tape,
tahu susur, mak bedengus mara ing “ruang” sing sasuwene iki wus diisi dening
Widodo lan bocah loro, anak-anake.
“Aku kepengin ketemu empat mata karo sliramu,Jeng.” Tulisan
isi rayuan mecungul maneh ing layar kaca.
Ha? Blaik tenan iki. Aja-aja priya iki serius.Upama priya
sing ngaku pegawe bank swasta kawentar iki mara ngomah banjur kedenangan Mas Wid kepriye? Ngono batine
Yuli.
“Ah, getun tenan kiyi. “ Yuli kekitrang kaya bocah ABG arep
diapeli pacare sing ora disarujuki dening wong tuwa sesambungan tresna iku .
Yuli getun dene wis wani dolanan tembung mesra marang wong
lanang sing durung dingerteni sapa satenane iku. Pancen mau Yuli wus bola-bali
ketrucut nulis tembung-tembung mesra.Ning iku kabeh rak mung tekan ing tembung
wae.Luwih saka iku, ora!
“ He, Mas Hadi. Aku ki wong wadon sing wis elek, anakku wis
loro. Aja sembrana lo!”
“ Ah, no problem.Pokoke aku kepengin jumpa dharat karo
sliramu. Ra perduli.Apa sliramu wis anak-anak loro, telu, wolu apa
sanga.Nyatane ayumu isih ngluwihi Luna Maya!”
Eduan, tenan wong iki. Atine Yuli saya ora jenjem.
“Ngapa, Bu. Awan-awan kathik dheleg-dheleg dhewe.Kurang pa
blanja sasi iki?” Yuli kaget. Tekane sisihane kathik ora dingerteni. Ngerti-ngerti
wis neng mburine. Widodo nyikep saka mburi,Yuli sing lagi lungguhan ngadhepi laptop sing wis di’shut down’. Yuli didengangakake lan pipine disun kiwa tengen.Uga saka mburi. Hemm. Mesra
temen priya wanita sing wis limalas taun bebrayan iku.
“Ngunjuke apa,Mas?” pitakone Yuli kang banjur menyat arep
leladi dhahar ngunjuk marang sisihane.
“ Ora usah, mau ana kanca sing ulang taun,nraktir maem wong
sakantor.”
“Wah, penghematan, nih ye...” kandhane Yuli kang banjur
bales ngesun sisihane iku.
Bocah-bocah durung mulih. Sing cilik isih neng sekolahan,
TK terpadu. Bubar wulangan umum banjur wulangan agama tekan jam setengah telu
mengko. Sing gedhe jam papat bakale lagi bali jalaran bubar pelajaran langsung
les.
“We hla terus acarane ngapa iki? Gawe unjukan,ora. Ngladeni
dhahar, ora. Terus ngapa?”
“ Ya terus ngene iki...” Widodo sing lumayan romantis iku
wiwit mancing-mancing sing wadon, jowal-jawil.
“Ih, jorok, bau!” Yuli nyiwel bangkekane sing
kakung,”awan-awan gak usah ....”
“Jare Pak Ustad kae nek neng dalan weruh
wong ayu-ayu kon enggal mulih, nemoni sing luwih ayu...”
“Ah, teori.”
“ Ha iya teorine ngono. Saiki rak kari
praktik, he,he,he....”
Banjur sepi. Omah gedhe magrong-magrong
kanthi pekarangan bawera iku dadi nyenyet.Ing akasa ana lelagon asmara tanpa
suwara.
Thing,thong.Thing thong. Bel omah muni ing sawijining awan.
Yu minah mbukak regol. Ana Avanza warna silver mlebu pekarangan.Sawijining
priya metu saka mobil iku.
“Badhe kepanggih sinten,Mas?”
“ Jeng Yuli wonten?”
“Jeng Yuli? Maksudipun Bu Yuli?”
“ Inggih, Dra.Yuli Utami. Leres menika dalemipun Jeng Yuli,
panulis novel Sumilaking Pedhut Asmara?”
“Wadhuh, napa niku nopel.Sekedhap, kula matur Bu Yuli
mawon.Mboten mudheng kula.” Yu Minah mlebu matur marang juragane yen ana tamu
nggantheng. Ngundang ‘Jeng’ marang juragane iku. Kanthi laku alon, Yuli tumuju cendhela
sing ketutup korden separo dening angin
saka kipas angin. Yuli nginjen tamune saka cendhela iku.
“Gandrik, ketitik praupane, wong iku Mas Hadi. Kenalan saka
donya maya sing potone dipajang neng layar
laptop kae.” Atine Yuli goreh. Kepriye iki? Yen dak temoni,iki genah golek
penyakit.Hii rayuane mbilaeni.Yuli ndonga, nyenyuwun slamet marang Pangeran.
Muga-muga kaparingan wilujeng lan tansaha eling. Kaya ngapa inane yen nganti
ana priya liya mlebu omahe nalika kakunge ora ana ngomah.
Gusti,Gusti, kawula nyuwun panganpunten, kawula sampun
keladuk ngumbar tembung muspra. Kula nyuwun wilujeng...wanita novelis sing taun ngarep bakal munggah kaji iku lambene
ndremimil ndonga. Kringet kemocor saka pilingan tekan gulune.
Pim,pim,pim. Ana suwara klakson mobil kang banjur mlebu pekarangan. Mobil diparkir
jejer mobile tamu.Widodo metu saka
mobil. Tamu sing isih legeg-legeg ing ruang tunggu iku kaget.
“Hlo Pak Wid, ta iki?”
“Yen ora kleru,Panjenengan rak Pak Hendra ta?”
Wong loro pandeng-pandengan suwe. Jebul wis padha dene
tepung.
“Isih neng Indonesia Post?”
“ Oh, isih, Pak.Nyang ngendi maneh.Bisane mung ‘jual
kata-kata’ awit biyen,ngono kok!”
“ Pak Wid dhewe kepriye?”
“ Ajeg. Mung tambah abot tugase. Lan saben dina
diayang-ayangi dening kemungkinan ketamuan petugas saka KPK!Hla iki ora krungu
gludhug kok ngerti-ngerti omahku kesokan banyu sewindu.Kerawuhan Penjenengan.”
“Ngene, Pak. Aku ki mung kepengin kenalan karo penulis
novel Sumilaking Pedhut Asmara. Yen isih ana naskah liyane aku kepengin ngemot
ing koranku kanggo ngisi crita sambung-sinambung. Aku yakin oplahe koranku
bakal mumbul yen ngemot tulisane Yuli Utami.Suwe golek sisik melik, jarene
omahe kene.Kok jebul iki daleme Pak Wid.”
“Oh,hla pancen Yuli Utami iku bojoku.”
“ Bu, iki hlo ana tamu. Pak Hendra, sekecakna lenggah aku
dakwisuh-wisuh sik!”
Yuli nemoni tamu sing ngaku Raden Mas Hadi Kusuma
iku.Nanging cecaturan kikuk.Rahayune ora ana rayuan kaya ing face book kae.Wong lanang iku mung
klecam-klecem, lirak-lirik.Ora ana rayuan lan ora ana rembugan bab naskah.Ora
let suwe Widodo metu maneh lan melu ngobrol ngalor-ngidul. Nyalawadi temen wong
iku.Sajake pemain sandiwara sing wis profesional.Babar blas ora katon yen rumangsa
dosa nggodha bojone wong liya.
Suwe-suwe rembugan saya njelehi jalaran mlencong dadi
ngrembug bisnis mobil.Bab sing tumrap Yuli ora mudheng. Pinter tenan wong
lanang iku gawe teknik ‘pengalihan pembicaraan’. Yuli mung dadi reca.Ora urun
rembug lan ora maelu.Malah dolanan HP, SMS-an karo Purwa Kalinia, kanca penulis
sing padha-padha best seller tulisane.Banjur njaluk palilah mlebu kanthi
pawadan arep mateni komputer sing wis sawetara jam diuripke lan lali durung di-shut down.Nanging Yuli ora bali metu
nganti tamune pamit mulih.
“Mas Wid kenal karo wong iku?” pitakone Yuli nalika tamune
wis lunga.
“Kae mbiyen wartawan Indonesia Post.Dipecat merga gawe
cemar PWI.Saiki dadi wong ra cetha.Ngaku pegawe bank, mbukak dealer mobil,
saiki ngaku isih neng Indonesia Post. Kamangka aku ngerti banget yen dheweke
wis dipecat. Mau kandha yen arep ngusahakake naskahmu dadi crita sambung-sinambung
ing Indonesia Post waton “pengertian” luwih dhisik karo dheweke. Penipu goblok,
wong aku saiki pemegang saham neng PT Indonesia Post, je.Kamangka pimpinan
redaksine kuwi kancaku main tenis.Dikira ra ngerti!”
“ Gek naskahku wis di-ACC redaktur dadi crita
sambung-sinambung ing koran kuwi, ya, Mas!” Yuli nambahi.
“Hua,ha,ha,ha...” wong loro kepingkel-pingkel.Yu minem sing
mangsak ing pawon nganti mlayu marani juragane. Yuli lan Widodo saya ngakak
karo nuding-nuding Yu Minem jalaran Yu Minem mlongo karo kudhung panci.
Ha,ha,ha.
Kowen-Sewon,
Februari 2010
*Cerkak iki wus kamot ing
Djaka Lodang Nomer 22, Oktober 2013

Komentar
Posting Komentar