Cerkak : Bakul Munyuk Jaman Korona
Bakul Munyuk Jaman Corona
Dening
: eSWe Sidi
Wayah
sore. Sesawangan ing pegunungan iring kidul iku katon asri. Srengenge wus
kaling-kalingan gunung. Langit kuning semburat abang. Keprungu suwara manuk
deruk mbekur, kasaut ocehe thilang, penthet, lan manuk decu. Saya rame dening
suwara manuk emprit. Priiitt, priiit. Kahanan tambah asri.Nanging kahanan iku
banjur dirusak dening tekane munyuk pirang-pirang. Munyuk-munyuk iku pating
brengok, ngetokke suwara : nguk, nguk,nguk lan mbeker-mbeker. Banjur padha
pating pethingkring sinambi methiki lan ngemah-ngemah pucuking wit-witan.
“Munyuk murang tata!” bengoke Gembul karo
menyat arep mbalang munyuk-munyuk iku nganggo watu gedhene sakepel. Nanging,
niyate Gembul cabar.
Ing dalan, cedhake Gembul
ngarit, ana mobil abang mandheg. Ana wong lanang metu saka mobil lan mlayu-mlayu
nyedhaki Gembul.
“Pak,pak, maaf jangan diusir
itu kera! Saya mau ambil gambarnya!” ujare wong lanang lencir, pakeane besus, lan
kulite resik. Wong kasebut banjur jeprat-jepret moto munyuk-munyuk iku. Wong
lanang iku nyedhaki Gembul lan banjur omong malik nganggo basa Jawa. Wong iku
kandha yen gaweane dodolan munyuk. Gembul ndomblong, ngungun.
“Tepungke wae jenengku
Hendra,Pak! Profesiku, bakul munyuk. He he he, mesthi sampeyan gumun!”
Wong loro banjur wawan gunem
gayeng. Hendra nerangake yen utek munyuk iku gedhe kasiyate. Saiki,
munyuk-munyuk padha diburu, dijupuk uteke kanggo tamba lelara Covid-19 utawa
lelara Corona sing lagi gawe pageblug sadonya.
Wong loro banjur mupangat,
Gembul saguh nggolekke munyuk sak akeh-ekehe. Munyuk ing wewengkon kono pancen
akeh lan mujudake ama. Gembul duwe dudutan yen warga bakal aweh panarima yen
munyuk-munyuk ing kono dicekeli. Hendra saguh nuku munyuk siji kanthi rega rong
atus seket ewu rupiah. Hiya wiwit dina iku, Gembul leren anggone ngarit. Sapine
ditukokake suket gajah utawa damen wae. Kala-kala dicacah-cacahke tela kasepa
pinangka gantine suket.
Saben dina Gembul golek
munyuk. Yen aku bisa nyekel munyuk papat sedina, ateges sesasi aku bisa oleh
dhuwit 30 juta! Grenenge Gembul sing wis dhudha kaping pindho iku. Bojo loro
lunga kabeh ora betah urip bareng wong lanang sing seneng main iku.
Munyuk-munyuk asile nyekeli
ing alas dikrangkeng ing kulon omah. Papan iku biyen kanggo ngingu pitik
potong, mung panen sepisan banjur leren merga dhuwite entek kanggo tuku togel.
Tenan, kira-kira seminggu
sawise ketemu dhek anu kae, Hendra teka lan ngulungi dhuwit sayuta marang
Gembul kanggo mbayar munyuk cacah papat. Anehe, munyuk sing dituku iku ora
dijupuk, nanging dititipake marang Gembul. Kejaba iku, Hendra ora lunga saka
kono. Hendra melu manggon ing omahe Gembul. Omahe Gembul didadekake “posko” pengumpulan munyuk.
“Sesuk nek kira-kira wis cacah ewon, lagi dakjupuk, Pak! Sisan anggone
golek truk lan pihak luar negeri wis aweh komandho!” kandhane Hendra.
Kacarita, kabar yen saiki
Gembul leren anggone ngarit lan milih golek munyuk enggal sumebar. Kulon omahe
Gembul saiki kebak munyuk. Wong-wong uga banjur ngerti yen Gembul bubar nampa
dhuwit sayuta asile adol munyuk cacah papat. Wong-wong kawitane ora percaya,
nanging bareng Gembul nukokake utawa ngebosi
wong rondha wujud sega goreng sepuluh bungkus lan rokok pirang-pirang bungkus, banjur
padha percaya.
Kanthi sesidheman, wong-wong
uga banjur pada melu-melu golek munyuk. Jalaran uga kepengin oleh dhuwit akeh
kanthi tanpa ngetokake pawitan. Pas karo kahanan saiki nalika wong-wong padha
kena PHK, akibat pageblug Corona.Wong-wong padha nganggur, ngenteni bantuan ora
njedhul-njedhul. Kamangka wis direwangi ngowahi data keluwarga, ngaku miskin,
kere pitulikur!
Ing sawijine wektu, ana
mobil mandheg ing pinggir desa sacedhake cakruk. Nalika iku akeh wong lagi
lungguhan ing kono, mampir saka ngalas saperlu ngaso. Ana wong loro lanang
wadon metu saka mobil. Sing lanang ngantheng, sing wadon ayu banget kaya
bintang film.
“Apa bener, saiki akeh wong
kene padha duwe munyuk,Pak?” sing lanang takon marang wong-wong.
“Leres, Mas!” wangsulane Lik
Wiro. Wong-wong banjur aweh wangsulan werna-werna sing wigatine mbenerake kabar
kasebut.
“Wah, jian kebeneran tenan.
Aku hiya lagi golek munyuk akeh banget. Yen oleh, munyuk siji daktuku limang
atus ewu! Sesuk minggu aku bali mrene. Tulung, Bapak-Bapak, yen padha duwe
munyuk aja didol menyang wong liya, ya. Tak tukune kabeh.” kandhane sing wadon ayu
iku karo mlerok-mlerok nambahi ayune. Ora suwe, wong loro iku banjur lunga
numpak mobile. Suwarane mobil alus banget, kepara kaya-kaya ora nyuwara.
Wiwit dina iku, kahanan
kampung kono geger. Munyuk kanyata
larang regane! Wong-wong kepengin bisa nyekel munyuk banjur didol. Nanging,
munyuk ing alas kono saiki mung kari siji loro,merga dicekeli Gembul. Gembul
saiki sing duwe munyuk akeh banget. Wong-wong padha kepengin nempil, tuku
munyuk ora ketang mung telu utawa papat. Wong-wong wani nuku rega telung atus
ewu, munyuk siji. Lumayan, bisa bathi rong atus ewu saben munyuk siji.
“Mbok aku tak nempil
munyukmu, Mbul. Aku gelem mbayar telung atus ewu saben munyuk siji!” ujare
wong-wong kang saben-saben wektu mara menyang omahe Gembul.
“Wah, aku ora wani ngedol
munyukku. Aku wis kebacut tandha tangan kontrak karo Mas Hendra, iki! ”
wangsulane Gembul karo nuding Hendra sing lungguh ing cedhake. Hendra mesem.
“Pripun, Mas Hendra?”
pitakone Gembul.
“Tuku munyuk arep nggo
ngapa, Bapak-Bapak? Nek aku arep dakjupuk uteke kanggo gawe obat Covid-19. Nek sampeyan-sampeyan ki arep
nggo ngapa?” Hendra takon karo ngguyu cekakakan. Idune nganti muncrat-muncrat.
Sing ditakoni padha mesem kecut sajak isin lan ngemu wadi. Sawise nyang-nyangan
suwe, Hendra nglilani munyuk-munyuk iku dituku para warga. Munyuk siji oleh
dituku 350 ewu. Munyuk ing kandhange Gembul entek ludhes dina kuwi merga dituku
wong-wong. Gunggung kepruk, Hendra nampa dhuwit Rp 140.000.000,00 merga cacahe
munyuk ana 400 iji. Munyuk gedhe, munyuk cilik, lanang utawa wadon regane
padha.
Hendra menehi bonus rong
yuta marang Gembul kang ditampani karo mesem-mesem.
Kringggggg. Kringggg. HP-ne
Hendra muni. Hedra banjur omong halo-halo. Banjur gita-gita mlaku tumuju
mobile.
“Dhuh, sori Pak Gembul. Iki
ana keluwargaku ngalami kecelakaan. Aku pamit dhisik. Sesuk rembugan maneh.
Wis, ya…!” Hendra numpak mobile, nggeblas, embuh menyang ngendi. Sing cetha,
Hendra nggawa dhuwit Rp 138.000.000,00 saka anggone dodolan munyuk.
“Nggih, nggih, Mas!
Muga-muga tansah wilujeng,” wangsulen Gembul karo mlongo.
Dina Minggu. Wong-wong
sekampung jejer-jejer ing pinggir dalan ngenteni tekane wong lanang wadon sing
arep nuku munyuk siji kanthi rega limang
atus ewu. Sak esuk njepluk dienteni, wong loro iku ora teka. Dienteni sak awan
drandhang, ora teka. Sak sore bendhe, dienteni tetep ora teka.
Pak Lurah kang lagi
mubeng-mubneg numpak motor, ngungun nalika meruhi wargane padha jejer-jejer ing
pinggir dalan. Pak Lurah mudhun saka motore.
“Niki enten napa?” pitakone
Pak Lurah.
Wong-wong crita apa anane.
“Jabang bayi! Dhuh,
Bapak-Bapak, benjing malih sing ngati-ati. Njenengan sedaya empun kapusan niku.
Utek munyuk nika mboten kenging kangge obat Covid-19!”
Dumadakan, saka adoh, katon
Gembul mlayu-mlayu.
“Pak Luraaaah! Kula diapusi
tiyang bakul munyuk! Arta kula rong atus seket ewu ping kawan atus, satus yuta
dibegta mlajar tiyang, Paaaaak!”
Gembul ndheprok ing ngarepe
Pak Lurah. Wong-wong mbesengut. Munyuk-munyuk diuculake. Munyuk-munyuk mlayu
mlebu alas. Nguk…nguk…nguk….
Omah
Geguritan-Kowen, Juni 2020

Komentar
Posting Komentar