Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2024
Gambar
  Gajah-Gajah Ora Genah Alas gung kebak gajah bambung Nyrudug-nyrudug gedrug-gedrug Nrejang palang, murang sarak nyingkiri bebener Bumi kedher, horeg geger mawut-mawut Marmut-marmut caos pemut nora diturut   Gajah-gajah saya ora genah Midak rapah nrejang paugeraning Allah Donya dadi bubrah   Gajah mung   bisa kalah dening semut-semut kang sengkut nyawiji ing ati, nyawiji ing karya linambaran donga mring hyang Widhi Wasa OGK,  Januari 2024    

GEGURITAN PAHLAWAN

Gambar
  Pahlawan Kuwi Sapa Apa kang wus koktindakke geneya sliramu ngaku dadi pahlawan maju ing palagan, sliramu durung kawruhan tetulung mring sasama, durung ana kang nggawa pawarta nora ana wong rumangsa sliramu nyipta barang kang piguna.   Pahlawan? Apa hiya, pahlawan iku sing pinter omong ing kene kana? Apa hiya, pahlawan iku kang ngudhar-udhar alaning liya? wegig nguntir-untir   ukara, pengung ing karya?   pahlawan iku, kang nora ngaku pahlawan! pahlawan iku kang sesingid ing guwaning Bathara Wektu nyebar ganda arum lumantar kembanging Bathara Bayu kang weh resep atining kawula lumantar karya kang tanpa cinoret asma-asma                                                 Omah Geguritan, 15-8-2023    

Geguritan Iki Potretmu (?)

Gambar
  Iki Potretmu Iki potretmu(?) Daksawang, dakgrayang gawe pikirku gonjang ganjing gawe tangis ing atiku   ngeres lan jempling-jempling   Potretmu kokpasang ing ngendi-endi papan ing gedheg gardhu pinggir prapatan lan ing wit-witan malah uga ing tembok kuburan.   Potretmu ngguyu-ngguyu mring kabeh wong mlaku marakke seseg ing dhadhaku jalaran mawa tulisan ing tengah dasimu : Pilihen aku! Ah, nangis kekejer atiku. Kowe katon wis dudu.                           Omah Geguritan Kowen (OGK), Januari 2024  

Gaguritan Aja Cakar-Cakaran

Gambar
  Aja Cakar-cakaran Cah bocah, aja cakar-cakaran Rebutan apa, ta? Rebutan permen, karet, apa watu dhakon? Kabeh iku mung barang sepele, ora mingsra! Tanpa guna   Delengen kae! Bocah gedhe-gedhe padha cakar-cakaran sak geleme Delengen kae! Cah gedhe-gedhe padha cakar-cakaran esuk, awan, sore Antem-anteman, thuthuk-thuthukan, gebug-gebugan Wusana raine pating cloreng, pipi abuh, bathuk remuk Mripate lamur, pikirane saya kuwur   Cah-Bocah, aja cakar-cakaran, ya! Kene dolanan wae sluku-sluku bathok Mripat   mlorok sinambi ndelok Bocah-bocah gedhe pating plorok Ning atine merem, tembung-tembunge gawe ati njarem                                       Omah Gegutritan, Kowen-Sewon, Januari 2024