Postingan

Menampilkan postingan dari Desember, 2021

CERKAK "PESUGIHAN"

Gambar
  Dening : eSWe Sidi “Sugihe Simin pancen ora umum,” grenengku. Wong iki pancen ngedab-edabi kesugihane. Iku katon ing omahe kang gedhene ora mekakat. Omah cekli ing pinggir dalan Yogya-Wonosari. Kejaba gedhe, uga endah dening ornamen campuran Jawa-Eropa. Ana cakrik joglo, ana cakrik loji. Ana garasi ing iring kiwa bangunan pokok, katon mobil kaparkir ing kono. Ora mung siji! Biyen-biyene Simin iku wong kere pitulikur. Nanging, wong urip iku kaya rodha. Ah, paribasan iki kuna nanging tansah pas kanggo nggambarake uripe sapa wae, klebu Simin iki. “Pancen pas aku mrene jalaran lelakon uripe Simin iku pantes yen ditulis merga   bisa dadi kaca benggala marang liyan,” pikirku. Lawang gedhe kanthi ukiran mawa wewangunan gunungan iku dakthothok. Wah, bodhone awakku. Geneya lawang   saka kayu jati kandel iku dakthuthuk-thuthuk nganggo gegere drijiku. Mesthi ora bakal ngetokke suwara sing bisa keprungu dening sing duwe omah. Aku lingak-linguk nggoleki pijetan bel, yakin mesthi ana. Tena

Cerkak Sirine ing Tengah Wengi

Gambar
  Sirine ing Tengah Wengi Dening : eSWe Sidi                   Sawitri lungguh ing kamar tunggu Klinik Nur Abbas kanthi ati ora jenjem. Bola-bali ngingsetake bokong.Bola-bali mrenahake maskere kang ora ngalami owah-owahan. Mengo ngiwa, katon akeh wong lungguh kathi praupan pucet. Mengo nengen ora beda. Malah akeh bocah sing rewel. Kepara ana sing nggronjal-ngronjal saka gendhongane ibune. Katon ibune nyoba ngeneng-nengi anake kanthi teteke, nanging si bocah nduwa, banjur nangis kekejer. Awit esuk awake Sawitri krasa mriang. Irunge tansah mili wae. Kala-kala watuk. Sirahe krasa lumayan mumet. Awake adhem panas. Mula dheweke njaluk marang Agus, bojone supaya dipriksakake. “Mas, aku diterke nyang klinik, ya? Awakku kok kaya ora beres kiyi.” Agus manthuk lan rumangsa seneng dene sisihane njaluk dipriksakake. Ora kaya adate, yen katon mriang ora gelem priksa. Adate, Sawitri angele ora mekakat nek dikon priksa marang dhokter nalika ana tandha-tandha mriang. Ning iki mau tanpa dik