Cerkak : Tresna Sinamudana

 



Tresna Sinamudana

Dening : eSWe Sidi

“Kang!” sawijining kenya nggablogi geger. Gathot kaget lan bingung. Esuk-esuk ana kenya ayu , nganggo sragam batik PGRI kathik wani nggabloki geger tanpa kandha-kandah luwih dhisik.Para penumpang liya padha ngawasake marang Gathot lan kenya iku.Kenya iku katon ora maelu. Saka solah bawane katon yen dheweke rumangsa seneng lan kalegan.

“Lali, ya? Njenengan ki rak Kang Gathot,ta? Kelas IIIB, SPG Negeri Bantul. Aku Nur, Nurzulaida ! Alaaah, dadi wong kok lalen timen.”

“Aida? Nurzulaida? Gunungkelir, Pleret?”

“Karanganom!”

“Oh, iya. Karanganom, cedhak warung soto Mbok Ginem?”

Kenya iku manthuk. Gathuk! Wong loro wus padha dene kelingan lelakon dhek isih sekolah biyen. Bubar kuwi Gathot lan kenya ayu iku banjur rerembugan gayeng. Kang! Sesebutan iku nggugah memori nalika isih padha sekolah ing SPG biyen. Murid putri yen ngundang murid lanang nganggo tembung kuwi. Dene murid lanang ngundang murid wadon kanthi sebutan “Jeng!” Rasane akrab lan mesra banget.

Gathot wis kelingan maneh kathi cetha, sapa Nur Zulaida iku. Wektu semana bocah iki dadi idhola. Bocahe anteng, rambute ireng ngandhan-andhan. Kala-kala dirembyakke ngono wae. Asring uga diklabang lan ditaleni pita utawa mung ditaleni nganggo kacu. Pas wektu iku ndilalah lagi hits lagune Ebiet G.A.D.  kang lirike : anak manis berambut panjang/ selintas kau datang/goreskan cinta/tak gampang ku lupa....

Gathot seneng banget marang lagu iku lan ngangen-angen bisa duwe pacar sing rambute  dawa lan dhekik pipine kaya Nur Zulaida. Saiki bocah iki jebul isih panggah ayu, malah tambah ayu. Atine wong lanang bujangan iku dadi poyang-payingan jalaran sedhela-sedhela kulit tangane srempetan karo wong ayu iku merga bus sing ditumpaki nggronjal. Apa maneh, saben-saben Gathot nglirik dheweke ndadak tempuk ing panyawang. Kenya iku mesem. Dhekike isih panggah  wae. Ngendi ana dhekiking pipi kok ilang! Dhuh Gusti... atine Gathot kumesar.

Dina iku para guru anyar ing Sekolah Dasar wewengkon Gunungkidul padha bebarengan arep nampa SK diangkat dadi CPNS. Anggone nampa ing Kandepdikbud, Wonosari. Saka Bus Jatayu, Gathot lan Nur Zulaida mudhun ing kulon terminal Umbulharjo banjur ganti minibus jurusan Yogya-Wonosari. Wong loro oleh lungguhan sela. Mula bisa lungguh jejer maneh. Rerembugan saya gayeng. Esuk iku atine Gathot krasa mumbul-mumbul ing awang-awang. Ora selak, wektu sekolah biyen dheweke klebu fans berat-e Nur Zulaida.Nanging dheweke rumangsa ora level karo wong ayu iku. Jalaran katitik saka penampilane, Nur Zulaida klebu kaum the have, anake wong sugih. Sandhangane tansah setrikan alus. Menyang sekolah tumpakane motor. Isih arang banget wektu semana bocah sekolah numpak motor. Dene Gathot iku anake petani utun, rupa ora bagus, penampilane ndesit banget. Lelungan neng ngendi-endi mung numpak pit jengki engkrek-engkrek olehe tuku rega lima las ewu rupiah saka anggone nampa beasiswa Supersemar dhek isih SMP biyen, SMP 2 Bantul utawa SMP Bangi.

Rasa kepencut marang Nur, ngono anggone undang-undang biyen, mung asring kasuntak kanthi wujud geguritan utawa cerkak kang kaemot ing majalah sekolah “Media Siswa”, kang dikemonah dening OSIS. Gathot dadi salah sijine redaktur. Hiya merga tulisan-tulisane nganggo jeneng singlon Gathot iku, dheweke banjur katelah kanthi paraban Gathot. Dene jeneng asline Warsono.

Ana sing kandha yen Nur Zulaida iku banget kepranan marang karya-karyane Gathot. Dheweke penasaran kepengin ngerti sapa satemene Gathot iku. Suwe-suwe, kadenangan yen Gathot mono ora liya si Warsono.

Dina-dina sabanjure Nur Zulaida katon salah tingkah yen ketemu Gathot. Semonoa Gathot. Atine nratab saben-saben kepethuk Nur Zulaida. Isih kelingan nalika dheweke dadi komandan upacara, Nur (undang-undangane Nur Zulaida) dadi dirigen. Merga kurang konsentrasi, saben-saben nglirik Nur,   dadi jalaran anggone ngabani penghormatan lali. Nalika lagu Indonesia Raya wis tekan seprapat bagian, si komandan ora aweh aba-aba hormat marang bendhera Merah Putih. Upacara dadi kisruh. Bubar upacara Gathot diuring-uring Pak Marlan, guru olahraga hiya pembibing OSIS.

“Mau ditimbali Pak Marlan,Kang?” pitakone Nur marang Gathot nalika mlaku bareng, bubar tuku es ing warunge Kang Kenung.

“Hm...” wangsulane kanthi praupan kaget lan cengar-cengir. Gathot rumangsa oleh “perhatian” saka Nur. Tresna saya ngrembaka. Nanging kekarone durung nate nyuntak rasa kanthi terang terwaca. Isih padha direndhem ing batin. Tekan kelas telu, hiya kelas pungkasan, rasa iku tetep durung kasuntak. Lulus saka SPG, gathot nerusake kuliah ing IKIP Karangmalang nganti lulus lan nggondhol titel sarjana. Nur, embuh menyang ngendi, ilang tanpa lari, diemplok Bethara Sepi. Lelakon biyen gawang-gawang ing ati.  Jaman semana, ora ana HP. Dadine, blas ora ana komunikasi.

Lulus, dadi sarjana, nanging Gathot durung nemokke formasi guru sing mbutuhake lulusan sarjana. Kahanan iku dialami nganti sawetara tahun. Nganti umure saiki wis klebu golongan kaseb rabi. Mula, banjur nyoba nglamar guru SD migunakake ijazah SPG-ne. Kanyata bisa lulus tes lan dina iki arep nampa SK SPNS.

 “Heh, malah ngalamun!” Nur njawil lengene Gathot.

“Eh, ak, aku ngantuk,” wangsulane sakecekele.

Ora krasa, wong loro wis tekan ngarep kantor Kandepdikbud Kabupaten. Kekarone  udhun saka mini bus. Cekaking crita, beslit utawa SK wis padha ditampa. Ajaib! Wong loro oleh tugas ing sekolahan kang padha, SD Wonolagi. Wonolagi klebu wewengkon kang kepencil. Kudu nyabrang kali yen arep menyang sekolahan iku. Senajan banyune cethek lan gampang disabrangi, nanging kali iku ngandhut wewadi sing nggegirisi. Nalika banyune mung mili cilik kricik-kricik, ing saben tahun mesthi kedadeyan banjir gedhe kang tekane ndadak.

Tumuju sekolahan iku, numpak bus saka Yogya, mudhun ing Patuk, banjur kudu mlaku dohe nem kilometer. Dalane wujud lemah lempung. Yen mangsa ketiga, atos lan panas. Yen mangsa rendheng, jemek lan lunyu. Sepatu kudu dicopot. Yen ora dicopot, mesthi keblekuk lemah lempung, copot utawa jebol.

Ndilalah, meh saben esuk Gathot lan Nur bisa bareng mudhun saka bus banjur mlaku bareng tumuju sekolahan. Yen ngepasi ora bareng, sapa sing luwih dhisik tekan dhun-dhunan bus banjur ngenteni sing keri. Anggone ngenteni ana ing cakruk ora adoh saka kono. Yen mangsa rendheng lan salah sijine lali ora nggawa payung, wong loro mlaku bareng lan “sepayung berdua”.

Najan lelakon ngono kuwi asring dumadi, Gathot tetep durung wani ngesok isen-iesening ati. Nur uga katone biasa-biasa wae. Pancen aneh, dhek isih sekolah biyen padha dene ngesir lan ora wani kandha, bareng saiki diwasa lan kaya ngono lelakone, tetep ora wani nyuntak rasa. Kamangka, padha dene ngerti yen statuse uga ora beda: bujang. Kekarone guru, maneh!

Kaya dina iku, udan riwis-riwis wiwit saka Yogya. Bus sing ditumpaki Gathot mlakune rindhik banget. Mudhun saka bus, udan durung mendha. Nur wis ngenteni ing cakruk jalaran luwih dhisik teka kono. Salah siji lali ora nggawa payung. Payung siji dienggo wong loro.

“Wis, iki kalodhngan becik. Dina iki aku kudu wani nyuntak rasa. Mengko neng dalan, yen wis yakin ora keprungu wong sakiwa tengen dalan, aku kudu wani kandha,’aku tresna’,” batine Gathot.

Udan saya deres.

“Dhuh piye iki? Senajan kaline ora banjir, nanging banyune agung!” sambate Nur nalika wis tekan pinggir kali.

“Ya nekad, nyabrang! Bocah-bocah mesthi wis ngenteni awake dhewe,” wangsulane Gathot mantep lan dadi kekuwatan tumrap kekarone.

Sepatu wis dicopot lan diwadhahi tas kresek wiwit mau. Wong loro alon-alon nyemplung kali. Ing batin, Gathot wis aweh keputusan.

“Mengko neng tengah kali, aku bakal kandha yen tresna marang Nur lan bakal dakajak bebrayan nganti salawase,”batine Gathot.

Lagi sajangkah, Nur njempling lan ngranggeh tangane Gathot. Nur kepleset. Gathot nyaut tangan iku. Nanging genti dheweke sing kepleset. Gathot tiba krengkangan. Kaya disendhal sarosane, Nur melu tiba. Wong loro krampul-krampul ing tengah banyu sing saya gedhe, saya gedhe, butheg lan mungser-mungser.

Dumadakan keprungu suwara gemrubug lan kemrosak saka iring wetan. Iku suwara banyu gedhe.

“Banjir! Banjir!” keprungu pambengoke wong-wong warga sakiwa tengene kali. Nur kumlawe tangane lan bengok bengok njaluk tulung. Gathot wis klelep luwih dhisik.  Apa dayane manungsa katimbang kekuwatan lan pengamuke alam? Gathot lan Nur ilang diemplok banyu sing ngamuk iku.

Jam papat sore, alam bali padhang. Kali gedhe sing dhek mau esuk banjir, saiki mung mili cilik. Suwara banyu kemricik. Swasana katon anteng, nanging dumadakan geger. Wong-wong pating brengok. Ana sing nemokke korban banjir tumangsang ing grumbul sela-selaning dapuran pring.

“Tulung! Tulung! Tulung!” ana wong bengok-bengok. Para warga mlayu tumuju papaning swara wong bengok-bengok iku.

“Ya, Allah! Ya, Robbi! Pak Guru lan Bu Guru sing saben dina liwat kene!” salah sijine warga nuding-nuding jazad sing gumlethak tanpa daya. Ora let suwe, keprungu swara sirine. Jazad iku digawa menyang rumah sakit.

“Jeng, Jeng Nur!” Gathot ngetokke tembung lirih. Wake gumlethak tanpa daya ing dipan. Selang-selang medhis pating sliwer ing awake.

“ Tenang, Pak. Tenang! Istri Bapak baik-baik saja!” perawat aweh panglipur marang Gathot.

“Istriku?” Gathot mesem, banjur ora eling.

Ing alam amun-amun, keprungu gendhing Kebo Giro ngungkung.

*Cerkak iki wus kamot ing Djaka Lodang Nomer 39, Februari 2008 kanthi irah-irahan Tresn Tiba Gela

000ooo000

 

 

 

 

Komentar